Bathara Narada patih ing Suralaya

 

narada_solo

Sang Hyang Narada utawa Bathara Narada iku putrane Sang Hyang Caturkanwaka lan Dewi Laksmi. Karana iku Narada uga sinebut Hyang Kanwakaputra utawa Sang Hyang Kanekaputra.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa weton Balai Pustaka, ing jagad pedhalangan Bathara Narada asale saka Kayangan Siddi Udhaludhal. Dheweke duwe sedulur telu yaiku Sang Hyang Pritanjala, Dewi Tiksnawati lan Sang Hyang Caturwarna.

Bathara Narada duwe sisihan aran Dewi Wiyodi. Ing palakramane kalawan Dewi Wiyodi iku, Narada peputra Dewi Kanekawati kang sabanjure kapasrahake marang Resi Seta putrane Prabu Matswapati, raja ing nagara Wirata. Saliyane Dewi Kanekawati, Narada uga peputra Bathara Malangdewa. Continue reading

Bathari Durga panguwasa kabeh setan priprayangan

 

durga_solo

Bathari Durga iku mula bukane duwe jeneng Dewi Pramuni kang sulistya ing rupa. Dewi Pramuni mendhem rasa tresna marang panguwasa tribuwana, yaiku Bathara Guru.

Kanggo nggayuh ketemune rasa tresnane marang Bathara Guru, sawijining dina Dewi Pramuni tapa brata. Sawise nemoni maneka rupa pacoban lan godhan, wusanane katekan Bathara Guru, Dewi Umayi lan Bathara Kala.

Ing wawanrembug antarane Bathara Guru lan Dewi Pramuni, adhedhasar andharan ing Kitab Purwacarita, kaya kang kapethik ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Guru gelem nyembadani pepenginane Dewi Pramuni kang pengin dadi prameswarine. Continue reading

Bathara Brahma nurunake raja-raja ing arcapada

 

brahma_solo

Bathara Brahma utawa Sanghyang Brahma iku putrane Sanghyang Manikmaya kang nomer loro. Bhatara Brahma lair saka prameswari Dewi Umayi.

Bathara Brahma uga sinebut Bathara Brama. Dene tembung brahma iku ateges geni, panas, pandhita lan saka sabranging samodra.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Brahma duwe sisihan telu, yaiku Dewi Suci, Dewi Sarasyati lan Dewi Rarasyati utawa Dewi Raraswati.

Saka Dewi Suci, Sanghyang Brahma peputra loro, yaiku Bathara Maricibrama lan Bathara Naradabrama. Saka Dewi Sarasyati peputra cacah lima, yaiku Bathara Bramanasa, Bathara Bramasadewa, Bathara Bramanasadara, Bathara Bramarakanda lan Bathara Bramanaresi.

Lan saka Dewi Rarasyati, Bathara Brahma peputra cacah patbelas, yaiku Dewi Bramani, Dewi Bramanisri, Bathara Bramaniskala, Bathara Bramanayara, Dewi Bramanasita, Dewi Bramaniyari, Dewi Bramaniyodi, Bathara Bramanayana, Bathara Bramaniyata, Bathara Bramanasatama, Dewi Bramanayekti, Dewi Bramaniyuta, Dewi Dresanala lan Dewi Dresawati. Continue reading

Bathara Indra pangarsane widadara widadari

 

bathara-endra

Sanghyang Indra utawa Bathara Indra iku putrane Sanghyang Manikmaya lan Dewi Umayi kang nomer telu.

Indra ateges luhur utawa rasa kang nabet ing ati. Awit saka iku Bathara Indra dadi panguwasane kaendahan, yaiku kaendahan kang tumuju marang kabagyan.

Bathara Indra dumunung ing kayangan Rinjamaya lan duwe sisihan kang asmane Dewi Wiyati. Bathara Indra lan Dewi Wiyati peputra cacah pitu, yaiku Dewi Tara, Dewi Tari, Bathara Citrarata, Bathara Citragana, Bathara Jayantaka, Bathara Jayantara lan Bathara Harjunawangsa.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, 1991, saka Dewi Tara, kang dipasrahake marang Prabu Sugriwa lan banjur dijaluk dening Subali, Bathara Indra duwe putu awujud wanara kang arane Jaya Anggada. Continue reading

Bathara Anantaboga mbiyantu Pandhawa oncat saka Bale Sigalagala

 

antaboga_solo

Bathara Anantaboga iku dewa kang awujud naga kanthi swiwi lan dumunung ing kayangan Saptapratala. Tembung ananta iku tegese tanpa wates utawa tan winates, lan tembung boga tegese mangan. Anantaboga ateges mangane tanpa wates. Kaprah sinebut Antaboga.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, salasilahe Bathara Anantaboga kawiwitan saka Sanghyang Wenang kang peputra putri Dewi Sayati. Dewi Sayati iki sabanjure palakrama karo jin awujud naga kang jenenge Anantawisesa.

Anantawisesa lan Dewi Sayati peputra cacah loro, yaiku Anantadewa lan Anantaswara, kalorone uga awujud naga. Anantadewa peputra Anantanaga (taksaka-naga) lan Anantantawara. Sabanjure, Anantantawara peputra Anantaboga kang dumunung ing kayangan Saptapratala. Tembung sapta ateges pitu lan tembung pratala ateges bumi. Continue reading

Bathara Ghana, dewane ngelmu kang ngreksa panti pustaka kayangan

 

gana_solo

Bathara Ghana utawa Ganesa iku putrane Bathara Guru lan Dewi Uma Parwati. Bathara Ghana arupa gajah raseksa. Nalika Sanghyang Manikmaya mbangun tapa utawa mesubrata, tapane cabar amarga dipanah dening Bathara Kamajaya nggunakake panah kembang Pancawisaya, panah pralambang asmara.

Bathara Guru banjur bali menyang kayangane. Sanghyang Manikmaya mbangun tapa amarga prihatin mikirake Suralaya kang ana ing bebaya amarga dirabasa dening raja raseksa jejuluk Prabu Nilarudraka saka nagara Glugutinatar. Sedyane Nilarudraka kepengin nglamar widadari Suralaya, Dewi Gagarmayang.

Sejatine wus akeh dewa lan pehak liya kang aweh pepeling lan pituduh marang Nilarudraka, ananging dheweke tetep ora gelem murungake sedyane nglamar Dewi Gagarmayang. Dheweke terus ngrabasa, ngrusak lan gawe dredah ing Suralaya nganti pepenginane bisa kasembadan.

Sanghyang Manikmaya banjur mbangun tapa supaya bisa peputra maneh, putra kang nimpuna babagan aweh wewulang. Nalika ngrabasa Suralaya, Prabu Nilarudraka ngepyakake kabeh wadya balane kang numpak gajah.

Kanggo nandhingi, Bathara Guru mrentahake para senapati perang kadewatan supaya mbangun kekuwatan kanthi wadyabala kang uga numpak gajah. Sawise kabeh sumadya, Bathara Guru sedya nitipriksa barisane wadyabala Suralaya kang numpak gajah sing ditindhihi dening Bathara Indra lan Dewi Uma. Continue reading

Bathari Pretiwi panguwasa bumi sap kapisan

 

pertiwi_solo

Bathari Pretiwi iku dewa kang nguwasani bumi sap kapisan. Bumi sap kapisan kondhang sinebut Ekapratala. Eka ateges siji, pratala ateges bumi. Bathari Pretiwi putrane putri Sang Hyang Nagaraja, kang dumunung ing kayangan Jalatundha. Ibune asma Bathari Dewi.

Miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, anggitane Bondhan Harghana SW lan Muh Pamungkas Prasetya Bayu Aji, weton Cendrawasih lan Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathari Pretiwi iku drajate padha kalawan para dewa, amarga dheweke nguwasani bumi sap kapisan.

Bumi sap kapindho, sinebut Dwipratala, dikuwasani dening Bathara Kusika. Bumi sap kaping telu kang sinebut Tribantala dadi papan dununge Bathara Ganggang. Bumi sap kaping papat utawa Caturpratala dikuwasani Bathara Sindula lan bumi sap kalima, sinebut Pancapratala, dikuwasani dening Bathara Darampalan.

Bumi sap kaping enem iku kayangane Bathara Manikem lan Saptapratala utawa bumi sap kaping pitu mujudake kayangan papan dununge Bathara Anantaboga. Bathari Pretiwi ndalem uripe tansah pengin nduweni kembang Wijayakusuma. Ananging kembang kang ora sabaene kembang iku duweke Resi Kesawasidi kang dumunung ing Padhepokan Argajati. Continue reading

Bathara Sambu nate kajibah ngebur samodra susu

 

sambu_solo

Bathara Sambu utawa Sambo iku putra pambarepe Sanghyang Manikmaya, panguwasa Tribuwana, saka garwa sepisanan, Dewi Umayi.

Tembung Sambo tegese ambu utawa ganda, tanggung jawab, cukat trengginas, sinandhi, tangeh lamun, cetha lan tongkat utawa teken. Papan dununge Bathara Sambu ing Kayangan Swelagringging.
Prameswarine Bathara Sambu jenenge Dewi Hastuti, putrane putri Sanghyang Darmastuti, ateges uga putune Sanghyang Tunggal lan Dewi Darmani.

Bathara Sambu peputra cacah papat, yaiku Bathara Sambosa, Bathara Sambawa, Bathara Sambujana lan Bathara Sambodana. Bathara Sambo duwe hak pinuja dening para kang nganut agama Sambo (Hindhu) kanthi paugeran-paugeran kang mligi.

Ing kitab Pustakaraja kayadene kang kapethik ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, dijlentrehake yen Bathara Guru ngutus Bathara Narada supaya ngandharake babagan agama cacah wolu marang Maharaja Kano/Kanwa kang jumeneng nata ing nagara Purwacarita.
Ing wektu iku Bathara Narada nampa katrangan babagan paugeran-paugeran ing agama Syiwa, Sambo, Brahma, Indra, Bayu, Wisnu, Kala lan Durga.
Continue reading

Bathara Bayu duwe siswa pitu ing arcapada

 

bathara-bayu

Bathara Bayu kang uga kondhang sinebut Sanghyang Pawana iku putrane Sanghyang Manikmaya utawa Bathara Guru lan Dewi Umayi kang nomer papat.

Tembung pawana ateges angin, dene tembung bayu ateges kekuwatan utawa angin. Bathara Bayu dumunung ing kayangan Panglawung. Sisihane asma Dewi Sumi, putrane Bathara Soma.

Bathara Bayu lan Dewi Sumi miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, peputra Bathara Sumarma, Bathara Sangkara, Bathara Sadarma lan Bathara Bismakara. Prabu Drupada raja nagara Pancala lan Resi Drona turun temurun mujudake keturunane Sanghyang Bayu.

Saliyane putra cacah papat asil palakrama kalawan Dewi Sumi, Bathara Bayu uga duwe siswa cacah pitu kang wus dianggep kaya putrane dhewe. Siswa pitu iku kondhang sinebut Bayu Pitu.

Miturut andharan ing buku Bunga Rampai Wayang Purwa Beserta Penjelasannya, anggitane Bondhan Hargana SW lan Muh Pamungkas Prasetyo Bayu Aji, weton Cendrawasih, siswane Bathara Bayu kang cacah pitu iku yaiku Gajah Setubanda, Macan Palguna, Naga Kanetra, raseksa Bismuka, Gunung Maenaka lan Garuda Kagapati.

Naga Kanetra njilma marang Arya Bima utawa Werkudara, raseksa Bismuka njilma marang Ditya Jajagwreka lan Garuda Kagapati njilma marang Anoman.

Ing jagad pedhalangan kang kondhang mung Bayu Lima, yaiku Bayu Kinara (Anoman), Bayu Anras (Ditya Jajagwreka), Bayu Kanetra (Gajah Setubanda), Bayu Langgeng (Gunung Maenaka) lan Bayu Mangkurat (Arya Werkudara).

Bathara Bayu nate tumurun ing arcapada utawa bumi lan dadi raja ing nagara Medhanggora, jejuluk Sri Maharaja Bhoma. Nalika ngejawantah sepisanan nuhoni prentahe Bathara Nihoya, Sanghyang Bayu sinebut Arya Suksena. Sawise nglenggahi dampar keprabon ing krajan Medhanggora jejuluk Maharaja Bhoma, dene patihe asma Arya Bhana. Continue reading

Bathara Wisnu kajibah mamayu hayuning bawana

 

wisnu_solo

Bathara Wisnu iku miturut Mahabharata putrane Resi Kasyapa lan Dewi Aditi. Ananging Bathara Wisnu iku uga kondhang minangka putrane nomer lima utawa putra sumendi Sanghyang Manikmaya utawa Batahara Guru lan Dewi Umayi kang banjur dipasrahake marang Resi Kasyapa lan Dewi Aditi supaya digulawenthah.

Putrane Resi Kasyapa lan Dewi Aditi cacah 12, yaiku Dewi Datri, Dewi Mitra, Bathara Ariaman, Bathara Sakra, Bathara Baruna, Bathara Angsa, Bathara Waga, Bathara Wiwaswat, Bathara Pusa, Dewi Sawitri, Dewi Twastri lan Bathara Wisnu.

Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Wisnu mujudake bathara kalanggengan utawa karaharjan lan kesejahteraan.

Putrane raja Tribuwana kang nglambangake sipat jujur (Bathara Sambo), semangat (Bathara Brahma), rasa (Bathara Indra) lan daya utawa kekuwatan (Bathara Bayu) durung paripurna yen durung dipepaki pralambang kawicaksanan.

Raja Tribuwana, Bathara Manikmaya utawa Bathara Guru, pengin duwe putra kang asipat wicaksana, wusanane pepenginane iku kasembadan kanthi laire Bathara Wisnu.

Dasanamane Sanghyang Wisnu yaiku Abhuta (raja saka sakabehing titah urip lan kang ora urip), Asiyuta (raja kalanggengan), Cakrawati (raja jagad luhur), Hari (raja dahana utawa geni), Haus (raja samodra), Idopati (raja kapinteran lan kajujuran) lan Janggernata (raja alam donya).

Saliyane iku uga isih ana dasanama Kapila (wasis), Narayana (raja samodra), Pandarik Aksa (raja kasenengan), Purusotama (raja jiwa), Purwaya (rajaning nyawa) lan Wiratapura (rasa sato kewan). Continue reading