Tulisan punika lanjutanipun saking tulisan-tulisan sakderengipun inggih punika Bagian (1) lan Bagian (2).

Sumber gambar ; http://stat.k.kidsklik.com/data/photo/2008/07/23/2910537p.jpg
Bagian Pungkasan saking Trilogi – Langkung Celak Kaliyan Seni Pedhalangan -.
Ujuding Wayang lan Seni Kriya ing Wayang Kulit.
By MasPatikrajaDewaku
Nate penulis ningali ringgit, Ki dhalang anggenipun nyandra rengganing busana paraga ringgit kirang trep kaliyan busana ringgit ingkang katancep ing pagelaran, awit dene cakepan candran namung apalan . Bab menika sejatinipun kedah mboten kenging kelampahan, awit seni kriya wujuding ringgit ing pedalangan menika senajanta gumelar wonten alaming modern, nanging tetep busana paraga ringgit taksih ajeg, tetep busana jaman kawuri. Mila ingkang maragani dados juru carita kedah mangertosi kanthi patitis wanda ujuding ringgit kalebet sesandhanganipun. Pundi ingkang ingaran uncal wastra, uncal retna , sembuliyan, maneka warni jinising sumping, grudha mungkur (menapa wonten inggih gruda marep), utah-utahan lan sapiturutipin.
Mboten namung busana, wanda utawi sakalangkung spesifik, praupaning ringgit, ingkang nglampahaken ringgit ugi sasagedipun milah, pundi wanda – contonipun – Bathara Kresna, wanda rondhon ingkang prayoginipun kaagem wontening jejeran pasewakan Dwarawati utawi wanda gandreh ingkang sae menawi dipun lampahaken wontening jejeran tamu utawi adegan sanesipun, senajan taksih wonten salebeting lampahan ingkang sami.
Ugi kedah mantes pundi raseksa praupan barong menapa raseksa praupan sardula ingkang kapilih salebeting pagelaran, anut kaliyan karakter tokoh salebeting lampahan ingkang kagelar. Amargi sami sami satunggaling tokoh ringgit, wonten saperangan ingkang anggadhahi wanda semu ingkang mawarni warni.
Ing babagan dedeg utawi cakrik ing wayang lulang, ringgit sakothak utawi saprangkat menika umumipun kadamel dening juru kriya ingkang sami, utawi asal saking laladan ingkang sami.
Ing pakeliran wayang purwa, dedeging ringgit ingkang radi cendhek santosa lan ringgit putrenipun mawi sinjang singget lan kalarak majeng menika umumipun saking laladan kabawah Ngayogya, ingkang lumrah kasebat gagrak Metaraman, dene dedeg ringgit ingkang langkung lencir, saking tlatah Mangukunegaran – Solo/ Surakarta-.
Menggah cakrik Jawi Tengahan iring kilen, upaminipun tlatah Kedu – Purworejo dumugi meh nGombong ingkang katelah kidul nggunung (gunung kapur ingkang ndlujur lan mbedung ilining Kali Serayu nuju ing segara kidul), kathah kapengaruh kaliyan gagrak Metaraman lan benten kaliyan Banyumasan/ler gunung, Banjarnegara dumugi pesisir kidul -Cilacap-ingkang radi kapengaruh kaliyan Mangkunegaran, bentenipun kaliyan gagrak wetanan namung wontening corak pulasan, warni radi mbranang, sinaosa cakrikipun radi kebawah mataraman, nanging radi kadudut.
Dene tlatah pesisir ler, Tegal mangetan Semarangan teras mangetan malih, kapangaruh kaliyan gagrak Mangkunegaran.
Gagrak Jawi Timuran lan Cirebonan mboten kasebat ing mriki, awit kathah bentenipun kaliyan mayoritas populasi jenising ringgit ingkang taksih populer ing pewayangan Jawi (Tengah)
Wujuding ringgit wacucal Jawi gagrak pundi kemawon sejatosipun menawi katandhing kaliyan kanyataning bleger ujuding manungsa limrah menika tebih saking kanyatan. Cobi dipun tingali, wujuding praupan wonten ingkang warni cemeng, abrit, biru. Wujuding bahu, tangan dumugi suku ingkang sarwi panjang inggih tebih saking proporsi. Lajeng busana ingkang kaangge inggih pating slawir lan wonten ingkang bokongipun lonjong, bunder lan sapiturutipun. Nanging tumraping tiyang jawi, wujud ringgit menika nyata nengsemaken, awit sampun ambalung sungsum.
Wonten sakirangipun kalih seniman kriya ringgit ingkang nate kula srawungi sajegipun. Nalika semanten kriya kesepuhan, kula sebat naminipun Mbah Ardiyasa, anggenipun yasa ringgit, taksih angugemi laku filosofis anggarap ujuding lulang ingkang kagarap dados ringgit pentas.
Ing mriku, kejawi laku puasa saderengipun labuh nggebing ringgit, ugi proses uruting ngukir ngantos dumugi mbedhah taksih angugemi uruting kedadosan fungsi pancaindriya leking jabang bayi. Tegesipun pancaindriya pundi ingkang langkung rumiyin lumampah umpaminipun pancaindriya rasa panggrayang, kulit; inggih menika ing proses nggebing; yektos kadamel urutan ingkang kawitan, ngantos dumugi pancaindriya ingkang pungkasan lumampah, inggih menika pepriksan, netra; proses mbedhahi.
Seniman kriya generasi salajengipun ingkang nate kula suwuni jasanipun ndamel ringgit paraga sesukan, lan juru kriya dhalang kawentar ing tlatah Banyumas, mboten mangangge syarat laku menapa kemawon. Langsung nggebing lulang senajan mekaten asilipun taksih tetep jangkep salebeting pola baku ujuding ringgit. Malah bagiyan ingkang langkung rumiyin kagarap sasampunipun nggebing langsung bagiyan praupan, rai, alesanipun bagiyan menika sakalangkung nemtokaaken wanda semu karakter lan luwesing ringgit.
Cekakipun, ing rumiyin natah ringgit menika ateteken kaliyan raos lan filosofis, sakmenika generasi enggal natah kanthi lelambaran logika lan nilai estetis.
Pulasaning ringgit ingkang umumipun kasebat sunggingan, sejatinipun inggih wonten angger anggeripun anggenipun matrapaken warni, pundi bageyan ingkang kedah ka prada, lan padhu padhan warni menapa ingkang kedah kapulas wonten ing bagian tertamtu.
Sakmenika saking gampilipun mulas warni mas masan, mirahipun regi cet prada, praktisipun anggenipin mulas, nambahi gampil nyipta nuansa emas ingkang wah. Senajan ingkang makaten menika sejatinipun mire saking pathokan klasik seni sungging ringgit.
Ing wanci kapengker sanget awrat ingkang kasandhang anggenipun nglampahi mulas pradan, kedah ngenceraken gom, nengga kapan lem ketel nanging dereng garing, nempel mbaka sekedhik bagiyan ingkang badhe katempel prada lan sapiturutipun.
Dominasi warni prada mas dados perkawis ingkang lumrah ing panggung pakeliran jaman kiwari. Cobi para sutresna pakeliran migatosaken wonten ing simpingan, warni prada ingkang gilap kados kencana sinangling dados arerupen ingkang nyrambahi saranduning simpingan.
Sasampunipun ringgit mujud, panyimpening ringgit nyata mboten saged sinangga entheng. Mengsahipun wewujudan barang ingkang kadamel saking material alami menika kathah, kadosta gegremetan lan faktor cuaca kerep dados margi risaking karya seni.
Ringgit kedah kasimpen sae wontening kothak ingkang jaman rumiyin eblekipun kaplepet kaliyan laring merak, lan samangke cekap dipun alasi motha lan dipun sebari bahan fumigasi. Secara ajeg ringgit ugi kedah kaisis wontening panggenan eyup supados mboten nglunthung utawi ngulet.
Mbok menawi jaman mangke wonten inggih juru kriya ingkang yasa ringgit mawi bahan lembar sintetis kadosta Polypropilene, bahan plastik wulet lan mboten gampil pecah, saged nggantosi lembaran kulit ingkang rumit rawatanipun.
Lha mangke mboten kasebat malih wayang kulit?!
Panutup
Najan namung babagan ingkang radi ageng pengaruhipun ingkang karembag wontening seni pedhalangan ingkang kula tulis lan kawates namung wonten ing babagan ringgit wacucal lan pedhalangan ingkang mancer saking gagrak Metaraman lang Mangkunegaran; lan yektosipun gagrak kekalih ing kasebat anggadhahi pengaruh jembar ing seni pedhalangan Jawi, nanging taksih kathah seni sanesipun ingkang kalampah ing panggung pakeliran.
Para rawuh ing WP keparenga kesdu atur tambahan lan panyanggah njangkepi tulisan ngalor ngidul menika ngiras pantes atur panyaruwe dumateng penulis. Jangkahipun supados wonten interaksi antawisipun para rawuh ing WP ingkang tundhonipun Wayang Prabu menika tambah dinamis
Senajana mekataten, kados wontening tulisan ingkang sepisanan, sejanipun penulis ngangkah, mbok menawi pandhemen ingkang taksih tebih kaliyan bab ingkang gegayutan kaliyan pakeliran tambah celak, lan ingkang celak temtunipun tansaya raket.
Nuwun.
Like this:
Be the first to like this post.