by MasPatikrajaDewaku

Kang, inyong teka maning!
Sing tek gawa siki Audio MP3 sekang Ki Sugino. Lakone Petruk Kembar alias Petruk Kelangan Petel.
Lakon kiye jan khas Banyumas banget, nek ora kena diarani Gino banget. Gino gitu loh . . ! Lakon carangan sing ora saben daerah ana. Crita balungane sih mung sekang Si Petruk sing kelangan petele. Tapi bareng diolah dadi crita, ya maen banget.
Sekang awal jejeran wis metu penakawan, angger kaya kiye lakone, biasane dadi marahi ger-geran. Lah domong koh, lakon kiye jejeran Negara nDwarawati bae wis ketekanan Petruk Kantong Bolong, sing arep nakokena petele. Ilange petele Petruk, jere sekang pituduhe dewa, kudu ditakokena maring Prabu Kresna. Lah bareng Prabu Kresna sing ditakoni, ya ora ngerti babar blas. Petruk ora percaya, meksa! Mesti bae didukani karo Prabu Kresna. Sekang gempunge Prabu Kresna, Petruk dilepasi senjata Cakra. Critane dalange, Petruk durung telas tulising ngaurip. Cakra disaut karo ramane Petruk, sing aran Gandarwa Pati.
Situasi kaya kiye dimampangatena karo Si Kantong, njaluk pitulungane ramane, njaluk pepadang, nuduhaken neng ngendi sejatine petele bisa ditemokena. Petruk manut karo ramane, dituduhena neng ngendi sejatine anane petele sing ilang. Senajan pituduhe ramane mung dinggo srana timbule senjatane, tapi Petruk ya mangkat maring Ngastina, kon nemoni tamu sekang Negara Awang-awang Teja, sing arane Prabu Sangkalawa.
Kang, angger gagrag Banyumas, wa bil khusus Dalang Gino, angger digatekena jan-jane nginduk maring gagrak Jogja karo Solo terus diolah nganggo bumbu ala Banyumasan. (Mulane rasane kaya mendoan ya Kang). Iringane gamelan, sulukane ya kaya kuwe, campuran. Umpamane sulukane ana sing cakepane kaya kiye: //Kresna rumegating cakranira / ginaduh sekar wijaya kesuma / ngelingana segunung rong gunung / dayane aji Triwikrama //.
Iringane gamelan ya kaya kuwe, campuran Solo kambi Jogja-an. Contone kaya dirongekna sebubare adegan Petruk digawa karo ramane, Gandarwa Pati maring Ngastina. Gamelane ya srepeg Mataraman, mung keprake ora moni ting ting, esih gaya Solo.
Ganti jejer pindo ya disigeg nganggo suluk Mataraman. Senajana ana sewetara dalang Banyumas, utamane aliran Ki Surono, ya esih ngagem patet Kedu dinggo nyingget. Tapi Ki Gino mandan nyengkok Mataraman. Inyong garep takon kang, Sulukan Mataram sing kaya kiye apa jenenge ya kang, inyong olih diwarahi mbokan? Sing aya napa? Aya niki: //miyat langening pamiyat / busana sutra maneka / rinengga ing kusuma / kang retna abra // gendera layu kumitir / sinerang panderesing maruta // sirna mangkyan / kumlebeting dwaja / syuh brasta wreksa pang kaprapal / puspita panjrahing siti // ron mawur katyuping angin/ kukila ambyar sumebar//.















