By MasPatikrajaDewaku
Para Sutresna Ringgit Purwa Wayang Prabu, sugeng kepanggih malih kalih kula, teng Blog niki.
Kula kepareng ggih ngunggah lakon sing kula kinten dados favorite Ki Sugino? Mesti njenengan sami mangsuli kalih mantuk mantuk: Mangga, nggih, mangga Mas!
Kenging napa kula nyebat lakon niki favorite Ki Sugino. Nalika kriyin wekdal kula taksih teng ndesa asal kula, kadose empun langkung seking ping kalih kula nonton lakon niki dipanggungaken kalih Ki Dalang Gino. Nanging sinaosa mekaten, mboten bosen-bosen para pendemen Ki Gino ningali lakon sing rada rumit. Senajane kaya niku nggih para sederek, lakon nika mboten tebih tebih saking crita carang dinapur konflik antarane Para Trah Pendawa kalih Trah Kurawa anggene sami dredah saking sebab bumi Ngastina. Onten ngriki Para Kurawa sejatine empun kewatir kalih kekuatane para Kadang Pendawa. Kekiyatane Para Pendawa sing munggah dinten munggah kiyat niku sing marahi Kurawa mandan gemeter.

Para sutresna, unggahan niki dipun bikak kalih ayak ayak, talu lan sapiturute onten file No 00. senajana ming gending talu, nanging iringan karawitane sae gandem, sigrak moncer sanget koh, mulane empun ditinggal. Tetep diunduh nggih, kajenge kangge njangkepi urutane wayangan.
Lakon konflik niki sejatine didalangi kalih Pendita tiban sing wastane Pujangga Dewa. Resi Pujangga Dewa neka teng Negara Ngastina, saguh murungaken Perang Baratayuda, ngicalaken kliliping Para Kurawa. Trekahe Pendita niki sing rawuh tang ngarsane Prabu Duryudana, mesti mawon disambut kanti renaning ati kalih Prabu Duryudana. Semanten ugi, Pendita Drona nggih setuju, niate Pendita Tiban niki diombyongi.
Resi Pujanga Dewa kagungan wawasan, menawi kekuatane Para Pendawa niku sejatine dununge onten penakawan wulucumbu Pendawa sing wastane Semar Badranaya. Mulane nggih niku, Semar dekarepaken ajeng dipateni didadosaken sesaji rupi panggang. Lan panggang Semar wau ajeng disajenaken kangge adine Resi Pujangga Dewa sing seg tapa onten gua sing arane Gua Selamangleng.
Senanjan Raden Arjuna mboten sagah nglakoni, tapine Werkudara saguh. Kocapa Abimanyu lan Gatutkaca, jere sinden; lisus kali, kedung jero banyune mili. Tegese napa kang, meneng soten, atine bolar baleran, kaya niku. Meneng tapi mboten setuju, ngamuk! Sepinten dayane satriya kalih niku, ngamuke sing mboten ngangge itung-itungan, wekasane lajeng kepikut, diperjaya kalih Resi Pujangga Dewa. Bangkene satriya kalih , lajeng dilebokaken teng kendaga wasiyat. Kendaga lajeng kapurih dibekta teng Gua Selamangleng kalih Pendita Durna lan putrane, Bambang Aswatama.
Sederek sing seneng kalih tokoh Wisanggeni lan Antasena, teng lakon niki penjenengan saged ngemataken kepripun tingkahe Wisanggeni, Antasena, sing biasane sami ndugal. Nanging sendugal ndugale Wisanggeni kalih Antasena, nyatane tanggung jawabe tumrap sedulur sedulur lan wong tuwa nggih jan kenging ngge tulada.
Sareng kalih Resi Mayangkara, kekalihe sami bagi tugas murungaken ontran-ontran sing kedaden teng negara Ngastina. Anoman ajeng murungaken karepe Werkudara anggene mejahi Semar, lan Wisanggeni Antasena lajeng mbegal kunarpane Gatutkaca lan Abimanyu, sing ajeng dingge sesaji teng Gua Selamangleng. Niki nembe awale crita, teksih dawa koh lanjutane . . . .
Mpun, mangga diunduh. File-e mpun nggemblok teng Root File Aji Candrawirayang sing mpun medal kriyin, menawi bade langsung, teng ngriki. http://www.4shared.com/dir/GOeI00gm/panggang.html
Meh mawon kula kelepyan, niki pagelaran, sinden-sinden sing ngiringe nggih sae suarane. Mak nyeees aya niku . . . . Nek kriyin sih slirane sindene jan tesih moblong-moblong, duka nek seniki. Asmane? Niki antawise; Nyi Suryati, saking mBlater, Kalimanah, Purbalingga, Nyi Jumirah saking Patikraja lan Nyi Kamiyati saking Gandulekor, Patikraja. Rekaman digarap sae, stereone teliti, prenahe instrumen gamelan setunggil-setunggile kepireng pilah. Jan mbleketaket, yakin golagokin. Kantenan koh . . . . . .
Kyaine , geneng alamat linke kosong…..