KSSC Gatutkaca Edan


By MasPatikrajaDewaku


Kang,

Angger ana Janaka kembar papat, siji Permadi sing digawa karo Pendita Durna, loro, Dananjaya sing teka karo Gatutkaca, sing nomer telu Arjuna teka dewek, lah sing pungkasan Raden Parta sing digawa karo Antasena. Kira kira endi kang sing asli? Angger sing digawa karo Pendita Durna biasane sih, aspal, terus angger sing teka karo Gatutkaca apa sing digawa Antasena kepriwe?  Terus Arjuna sing teka dewek?

Aja bingung, mangga ngunduh kiyanbek wayangan Dalang Gino sing asesirah (alah nganggo basa wetan) Gatutkaca Edan utawa Begawan Edan Sidolamong.

Kaset kiye jan pancen wis mandan tua, derekam tahun 1997. Formate Mono dadi ya ora patia ngejreng. Tapi aja kewatir, senajana Mono soten sing tegese ora duwe dimensi Z, tapi tetep tonal balance-e esih apik, bass-e ya esih pulen malah trebele kemencling. So’al suara mono, tek akali nganggo spatial sing tek pasang mode pseudo stereo. Lumayan lah esih mbleketaket. Kepyake senajana neng sawetara enggon mandan pecah, tapi kayane sebab mik-e kepereken jarak masange karo keprak. Mangga lah mengke dipidangetaken kiyambek nggih.

Tapi ya kuwe, inyong jan mandan kecipuhan gole ngonvert, butuh effort (apa maning kiye) sing pantang mundur. Sebabe apa? Kasete wis pada prutul, dadi ana sing bolak balik didandani disit. Ora papa lah, sebab kayane lakon kiye ya wis ana sing nakokena gemiyen.

File sing kawitan isine ayak ayak, palaran sampak terus talu. Maen banget! Aja ditinggal ya. Terus sekang awal cerita, nuansane pancen ya wis greng. Pasewakan nDwarawati wis kerawuhan Pendita Durna karo Prabu Baladewa sing nggawa Janaka. Sebab Sembadra bali maring nDwarawati, jere sih wis pegatan, dadi Janaka nusul njaluk dirujukena karo Pendita Durna.

Durung ana keputusan, ndilalah ana siji maning Janaka sing teka bareng Gatutkaca. Putusane Janaka loro kudu didu kesektene. Bareng loro lorone Janaka wis metu maring blabar kawat, ana kedadeyan neng taman sari. Ana siji maning Janaka sing lagi ngrungrum Wara Sembadra nganggo mijil ketoprakan. Jan mesraaaa banget. Dadi kemutan jaman semana! Raden Samba sing teka neng taman sari, njur ngaturi pamane, Janaka, supaya marak seba maring kanjeng ramane, Prabu Kresna.

Jan pancen rumit critane, bareng Janaka telu telune ketemu, ana maning kedadeyan. Antasena teka nggawa Raden Arjuna. Dadi siki Arjuna dadi kembar papat. Wekasane, Sumbadra dijaluki putusan. Endi sing arep dipilih. Sekang bingunge, putusan sing adil, Sembadra njaluk bebana wujude Sumbul Kencana, lan panjangmas.

Arjuna papat pada sowang sowangan nggolet bebana. Mung Prabu Baladewa esih neng nDwarawati ngenteni timbule bebana. Decritakne neng rayine, Prabu Kresna nek nembe pirang dina kiye, neng petamanan uga siki ana keanehan. Ana wit pandan sing ujug ujug wis gede, tur ana tulisane. Dadi dijenengi pandan surat.

Kocapa neng pertapan Cemara Wilis, Edan Sidalamong, pendita sing sekti mandraguna tapi setengah edan lagi diadep karo adine sing jeneng Endang Kantilaras. Adine Sang Begawan nembe bae ngimpi dicokot ula. Neng kene rembuge Endang Kantilaras karo kakange jan grengseng banget. Maen temenan! Tapi terusane Endang Kantilaras welaka, yen deweke lagi kasmaran karo nonoman sing jenenge Bambang Wijatatmaka. Kepeksane nggo mbombong adine, Begawan Edan Sidalamong mangkat nggoleti sing dikarepna karo adine.

Neng ndalan Edan Sidolamong kepapag Gatutkaca sing lagi nggolet bebana penyuwune Wara Sembadra. Sulayane rembug dadi pancakara. Gatutkaca sing temenan sejatine ya Begawan Edan Sidolamong kuwe. Mulane Gatutkaca tiron muntir gulu bae, mesti diwarahi karo Begawan Sidalamong kepriwe carane. Gatutkaca tiron kena dicandak gulune depuntir badar dadi buta gede. Sapa ya jenenge?

Gandeng kiye lakon carang-dinapur utawa carangan, dadi ya ora saben pendemen wayang sing wis mudeng karo lakon kiye. Tapi ya kang lan para sedulur, gole ngrungokena aja degawe serius, “mengerutkan kening” istilahe SH Mintarja, kaya kuwe. Apamaning angger krungu ana Pendita sekang Pertapan Andong Kweni sing aran Begawan Batang Sindurancang, terus Endang Sekar Kenanga. Tokoh apamaning kiye? Mpun lah, denikmati bae kepriwe keprigelane Dalang Gino, nggone nglakokena Begawan Edan Sidolamong, sing jan dalange kudu melu nggemblung, angel! Gemiyen inyong tau nonton gebyagan dalang blajaran, nglakokena lakon Gatutkaca Edan. Ya lumayan maen, angger wis bisa ngedan nglakokena Begawan Edan Sidolamong, dadi tenger salah sewijine tanda lulus dadi dalang.

Kiye neng kene wis ana link e

  1. KSSC – Gatutkaca Edan 00
  2. KSSC – Gatutkaca Edan 01
  3. KSSC – Gatutkaca Edan 02
  4. KSSC – Gatutkaca Edan 03
  5. KSSC – Gatutkaca Edan 04
  6. KSSC – Gatutkaca Edan 05
  7. KSSC – Gatutkaca Edan 06
  8. KSSC – Gatutkaca Edan 07
  9. KSSC – Gatutkaca Edan 08
  10. KSSC – Gatutkaca Edan 09
  11. KSSC – Gatutkaca Edan 10
  12. KSSC – Gatutkaca Edan 11
  13. KSSC – Gatutkaca Edan 12
  14. KSSC – Gatutkaca Edan 13
  15. KSSC – Gatutkaca Edan 14
  16. KSSC – Gatutkaca Edan 15

Melas kang, aja dieleg (dibededa; wetan), mbokan wis akeh sing ngenteni. Mpun . . . . . , mangga diunduh. Sediakena kopi maning kang, tapi aja karo udud lah . . . .

13 comments on “KSSC Gatutkaca Edan

  1. Kesuwun kang Prabu lan kang Maspatikraja…

    Pokoke ini buat warisan anak cucu…jangan sampai wayang hilang tergerus jaman….

    suwunnn

  2. matur nuwun sanget mas prabu, nuwun sewu kulo gadah 3set kaset wayang banyumasan nanging mboten saged convert teng mp3. mbok menawi mas prabu badhe convert kulo aturi email mawon teng alamat kulo.

      • kulo wonten ing bekasi. namung insya ALLAH antawis slasa utawi kamis minggu ngajeng kulo badhe wangsul teng purbalingga. panjenengan wonten ing pundi? menawi wonten no hp mangke menawi kulo pas wangsul kulo telp. no hp kulo 081280931171

  3. mas, niki file ingkang nomor 11 mboten saget di donlot, (kira-kira “dlm masa pemeliharaan”). nuwun

  4. inyong ya melu “met” wayange kang?!, purbalinggane ngendi kuwe inyong ya asline purbalingga koh, asli “mbokateja”

  5. no 10 mandan ngadat apa ya expire terus……tpi nggih matur nuwun lah…pokoke mantaplah, wayang prabu…maturnuwun sanget….saben ndinten wayangan teng ngumah nggih teng kendaraan. sugeng makaryo….

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Connecting to %s