By MasPatikrajaDewaku

“Giyeh sedulur, inyong teka maning. Tela koh, ya nggawa olih-olih maning sih”
“Gageyan dibukak lah!”
“Mengko disit lah sing mandan sabar ya, ya . . .ya . . .ya kiye, tek bukak lah. Kiye jenenge Wahyu Tridaya”
“Oooh . . . Maen apa ora Mas?
“Ya dijajal dewek, tapi ya kaya biasane inyong critakena sarwa setitik olih olih kiye ya, kiye critane:
Wahyu Tridaya kuwe jere sewijining wahyu sing sapa bisa olih wahyu salah sewiji bisa nggaduh kekuwatan sing arupa Kadigdayan, Kasudibyan, lan Kasentikan. Mulane wahyu Tridaya direbutena karo Prabu Baladewa, Prabu Bomantara, Pendita Drona karo Semar Badranaya.
Crita dibukak jejeran neng Negara nDwarawati, Prabu Kresna lagi duwe krenteg ngupadi wahyu kanggo Putra Trajutrisna, Prabu Boma Nerakasura. Salah sijine wahyu sing dipecah dadi telu, kanggo nggenepi kekarepane Prabu Baladewa lan Pendita Durna, sing uga arep nggolet wahyu.
Kejaba kekarepane Prabu Kresna sing utusan putrane Prabu Boma Narakusura kanggo nggayuh wahyu. Sebab Semar ya duwe kekarepane sing pada. Mulane Semar utusan karo anake, Bawor karo Petruk, nyuwun pengestu maring nDwarawati. Posting wingenane sing judule Petruk Kembar, mung Petruk sing sowan nDwarawati, siki Petruk sowan nDwarawati bareng karo Bawor. Lewih Gino banget. Temenan koh, yakin lah.
Ya mesti bae Prabu Kresna ora mengestoni, malah utusan marang putrane lan para nayaka negara nDwarawati kepurih ngrangket penakawan Bawor Petruk dilebokena pakunjaran.
Kocapa, tingkahe Prabu Kresna ora entuk restu karo Batara Wisnu sing kepanasen sebab ngombyongi angkara putrane, Prabu Sitija. Wekasane Wisnu oncat, ngalih manjing maring ragane Bawor. Bawor dadi sekti mandraguna. Bisa mabur bisa ngerti sedurunge winarah. Wekasane Bawor ora ngrewes karo kewajibane sing wiwitan diparingena karo ramane Semar. Ora usah nganggo kresna kresnanan ya ora papa. Petruk degawa bali mabur karo Bawor sing wis dadi sekti.
Gara-garane senajan mung ana Semar karo Gareng, tapine neng kana menampilkan lagu lagu klasik. Mbak Sunyahni ngaturi lelagon Glatik Glinding sing jan seger sumyah. Kendangan ketipunge jan mbleketaket buket, dibarengi suarane mbak Sunyahni sing anglessss. Jan domong koh, jan nambah umur kayane.
Siji maning mbekayu Jumirah ngaturi lagon Kutut Manggung versi Mataramane Ki Suparman. Mbekayu Jumirah digarap nganti ngedap megap megap kon melu cengkok dalange. Jan angger ngrungokena lagu klasik kaya kuwe si, kayane rasa kiye digawa mabur maring ngendi kaya kuwe.
Mbekayu Suryati, ngakawih nu lagu Sunda, Haliwir. Diteraskeun jeung lagu Bajing Luncat. Sae, sae mangga dinikmati ti suasana gara-gara ieu. Sing penasaran karo mBekayune sing moblong, sing kerep melu nyindeni pagelarane Ki Nartasabda kaya apa sih wujude, kuwe potrete sing neng sisih tengen dewek. Sisih kiwane mBekayu Jumirah.
Terusane crita, Bawor sing wis dadi sekti ngerti angger ana dewa sing arep ngarah sirnane ramane. Mulane Dewa sing rawuh yakuwe Betara Brama karo Betara Yamadipati nekad diadedepi. Tekade esih ngrasa awake enteng sebab dipanjingi karo Betara Wisnu, Bawor nglawan angkara murkane dewa loro kuwe. Pungkasane Brama karo Yamadipati mimpang mundur teratur.
Kocapa Werkudara rawuh maring Karang Gumenggeng, ngendikane yen kurungane wahyu Tridaya dudu ragane Semar. Dadi ndarane Semar, Raden Werkudara, dikon murungena Semar gole nggayuh Wahyu Tridaya.
Tapi Raden Werkudara tetep kukuh karo kekarepane nggone mestuti dawuhe rakane Prabu Kresna, senajan wis diterangena sebabe olihe arep nggayuh wahyu. Semar uga tetap kukuh gole netepi kekarepane. Ditendang diperwasa Semar dadi ndep ndep pengamun amun. Bawor sing ngerti apa sing lagi kedaden ora kewatir, malah ngumpamakena deweke, senajana jago wiring galih tapi ora duwe botoh. Mulane ngajek Gareng karo Kantong nggolet ndarane, Wisanggeni. Lur, angger Gino ngetokena Wisanggeni tuli maen nggih? Mangga diterusaken goli ngemataken.
Sayange, neng babak kiye kasete mandan fading (ngap-ngep) nyuwun pengapunten nggih, kula mboten saget ngatasi secara teknis.
Tapi seliyane file sing tek sebutena fading, rata rata kualitas suarane esih rata rata apik. Stereo maning! Konvert tek jaga distorsi klipinge aja nglewihi 10%. Esih setara karo kaset asline tambahan maning, desis sekang kaset asline mandan ketekan awit sekang proses sampling. Pokoke kung lah, nylekamin . . . .
Mangga mangga . . . . . diunduhi teng mriki.
http://www.4shared.com/dir/PPVNW2gR/wahy.html
kesuwun kang, jan aku seneng banget kie, dalang ginone dadi akeh, rencanane sih arep tek siarna nang radio lokal, kebeneran pada seneng karo dalang gino.
Nggih sami sami Kang Teguh. Inyong ya jan melu seneng angger sedulur sedulur pada seneng.
Radio siarane neng ngendi kang Teguh?
Apa inyong olih dibagi koleksi kagungane teng radione mas Teguh?
Anu radio anyar kang (lokalan se kecamatan thok, cara-carane radio komunitas sekolah), lokasine nang Gombong, dadi urung duwe koleksi akeh, sumbere nembe olih kang sampeyan, dadi ngapurane, urung bisa bagi-bagi kang. Umpane inyong duwe, carana kepriwe kang
Matur mawon kalih Kamase Prabu, mangke kula pendhet.
Matur nuwun sederenge.
matur suwun dumaten mas duren eh mas prabu,mas patikraja kalian mas tohirin,mboten supe kali sedoyonipun ingkang tumut partisipasi..