Para Sutresna sedaya,

Kula kadose empun janjen kaliyan penjenengan sedaya, ajeng nyowanaken malih lampahan terusane Srenggini Takon Bapa Part I. Senajana empun onten sing menging “aja diunggah lah sing part II”, ning kula jan malah kepengin ngunggah sing versi racikan kula kiyambek. Kados sing kriyin kula upamaaken onten pengantar unggahan kula Janaka Papa, sejen kokine tapi angger racikane beda, ya rasane beda. Mboten percaya? Mangga dicicipi, angger mboten enak kula diparingi ngerti, ning angger enak gurih kemripik, kancane njenengan sedaya mangga ditidokena nggone ngunduh teng mriki.
Lakon niki pancen sami kalih lakon Srikandi Mbarang Lengger. Leres ngendikane Mas Priyono sing kriyin paring comment teng Srenggini Takon Bapa Part I. Ning teng mriki, wayangane kula bikak ngangge gending karawitan, antawise Palaran Pangkur sederenge Talu. Nek teng restoran, niki gending pembukane kula upamakaken kaliyan “appetizer” sing ngge ngangetena padaran supaya marahena hidangan utama kraos eca. Lah kamase Patikraja koh ngomongena panganan maning. Seeeh . . . . tela iya, angger diumpamakena panganan toli gampang nggone nganalogekena.
Cobi njenengan pirengaken swantene Nyi Suryati sing gurih mbleketaket (Kang Gunis, kiye termasuk kaya rasane duren lampung apa ora?). Kanti dialek banyumasane sing kentel, senajana lagi nyinden warna dialeke jan esih ketara. Senggakan senggakan teng Palaran a la mBanyumasan sederenge sampak talu lucu lucu, antawise; jarite kawung, gunung gugur isine duda selikur, aja mundur yen seneng karo sedulur, o ala iya, o ala ora, aja mundur yen seneng karo sedulur. . . . . . Onten malih cakepan sing lucu malih, cobi aya niki, . . . dukun bayi dipijeti nat enet enat enet . . . . Turan cobi ditilingena kendangane teng bagian sampak tanggung, jan maen banget koh, kaya lagi ngiringi jogede Kang Bawor. Dados sing niki ampun ditinggal. Niku sing kaping setunggal.
Sing kaping kalih, niki kula unggah olahan suarane ngangge “mode stereo aural”. Suarane ngrangin banget koh. Nanging, niki onten nanginge, sewetara bageyan onten kaset nomer 4 madan ngap-ngep awit informasi maknite empun madan ical. Sepuluh-puluh nggih para sederek, wong ontene kados niki. Dene salajenge, kaset taksih lumayan sae, taksih saged di-convert kanti lancar. Tonal balance babar blas mboten kula owahi. Sing biasane spatiale kula ambakaken, teng convert niki jan kula mboten owahi napa napane. Equalizer dipasang flat, rata. Jan orisinil, mboten ngangge bumbu micin!
Nek critane kiyambek, para rawuh teng “WP” sing nate ngundhuh Srikandhi mBarang Lengger mestine empun ngertos nggih? Dadi mboten kula komentari katah katah. Ning kados napa-a menawi njenengan onten kelodangan, mangga dicicipi kriyin. Tapi angger njenengan tuman, kula mboten tanggung jawab . . .
Teng ngriki, sinden sing ngrenggani pagelaran inggih teksih sami kalih sing Srenggini Takon Bapa I, nggih niku Nyi Suryati, Nyi Jumirah, Nyi Sri Wahyuni, Ni Suwarti, Nyi Sulani lan Sinden ngebon saking Sragen, nggih niku Nyi Sunyahni sing mpun kewentar lelagon campursarine.
Penasaran ? mangga diundhuh tuntas, ngantos file sing onten tayungane Werkudara, onten mriki niki ;
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 1A
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 1B
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 2A
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 2B
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 3A
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 3B
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 4A
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 4B
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 5A
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 5B
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 6A
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 6B
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 7A
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 7B
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 8A
- KSSC – Srenggini Takon Bapa II – 8B
Up next: Semar Mantu, KSSC.
angger mboten download racikane maspatikraja mesti bakal ngajog. Padahal “Gedebog di glundungena wong ngajog tiada berguna…. ” hehehe…. mulane mbok pada ngajog ayuh bareng-bareng pada nDonload bareng-bareng… lakon srenggini takon bapa part II…..
lhahhh… inyong wis download disit dewek kiyeh….
Lha Eika bisa download file 2B liwat pundi kang Tohirin? Kula sakniki kirang sing niku.
kesuwun banget kalian mas patikraja dewaku ,nek donlot karo jumbofile pancen ra nganggo megheningkan cipta disit,kesuwun mas
niki napa lakon Srikandi mbarang lengger
( Ngamarta Tukul Glagah Pengalangalangan??)
@Kang Prawiroraharjo
Enggih mangga kang didonlod ngantos tuntas. Pancen kajenge kula supaya pendemen Ki Gino mboten kangelan
@Kang Tejo.
Lah nggih diwaca kriyin kata pengantare, mengke njenengan ngerti larah larahe
@Mas Prabu.
Leres nggih, pancen cocok kados ingkang panjenengan ngendikaaken menawi rata rata pedolod menika langsung to the point. Lajeng saranipun kados pundi inggih? Menapa prastawa menika saged digebyah uyah?
Matur kesuwun mas Patikraja,sampun kulo download…Nggihh senajana lakone mpun nate mireng,Anu dalange Gino ya Cocog bae inyong..
Ning nggih niku,angger anu raos sekeca biasane cok takon tunggale,ayaniku…
Kula tunggu lakon ingkang salajengipun,mpun kula arep-arep kayong lagi ngadhang besan..koh.
Kesuwun..
Ooo lah . . . . . , esih akeh koh tunggale Ma. Malah inyong lagi keblaburan Ginoan ana kira kira lewih sekang sepuluh lakon maning koh Ramane Asa! Ari cembenengan tuman ya lumrah, anu tela wis dadi kareman, kepriwe maning . . . .
nuwun sewu ya Yang patikraja,sebenere menging ki ora,nanging aq ki request lakon liane Yang.. Sepuluh iki ngapurani Yang,mbok tembung ku iku ora ngepenaki..
Blas ora papa. Tapi wis dicicipi mbokan sing racikan inyong? Ari tuman, kiye mengko esih ana maning lakon Baratayuda Ginoan lengkap. Aja kewatir!
pancen kaki patikraja wong eman bnr an..nggih matur kesuwun..
Nggih kula empun sanjang,najan tau mirengake nek beda nggih nyicicipi..ibarat sroto kecik sokaraja kro sroto gawean e biyung ku,mesti beda
Audione bagus ki,stereo tur katon rempeg,buket tur seseg.. Lhaaa hehehe..
Aq lg ngajog,wulan fbruary kaki gino manggung nang bandung ora konangan.hiks..
Inyong tek curhat…..
Wingi tanggal 9 malem 10 april inyong nonton dalang gino nang Sumbang – banyumas. Lakone “CUPU ASTAGINA” ceritane kedadiane sugriwa – subali karo anjani dadi ketek uga laire Anoman… rame banget koh…. crita versi ramayana sing tek goleti ket ganu…
Inyong nontone sendehan salon sing nang pojok ngarep dadi kaya adep-adepan karo dalange… suarane dangdung bleketaket dut-dut mantep pisan… inyong ngrekam semalam suntuk… tapine karo hp dadi suarane ya kurang apik. tapi sing penting bisa di rungokna lah…
Nek “bicara” masalah penonton, wis lah ra usah di takokna… penontone rapet pet… parkiran motore nganti rong kiloan dawane.. gambarna dewek ya ramene kaya apa senajan dalange wis 75 th tapi esih di gandrungi nang ewonan penggemare…
@kang tohirin.
senenge poul ya kang?
Nek siki 75 thn,brarti sing gambar nang brajamusti kae pas umur 64 ya?wong jere thn 97 an.enom temen ya?
tela iya koh mas…. lah jan nang apa inyong ra menangi enomane pak gino ya… inyong teka jawa be tahun 2001 dadi menangine wis tuwa…
Deneng sing nomor 2A, 6A dan 8A ora bisa kang?
kepribenlah kiye, mbok inyong ditulungi
Matur nuwun
tak ralat sing ora bisa didonlot 2B lan 6A
file-e deneng kayak ilang..
yoi pak noerharyanto bener banget pak… nomer 2b karo nomer 6a tek bola bali jajal unduh ora dadi…
ana sing bisa bantu ora ya pak?
nuwun sewu niki kula badhe lapuran.
file nomer 2B karo 6A mboten saged diunduh kadosipun kehapus, bilih menawi pareng nyuwun tulung diunggah malih. supados jangkep sak lakon.
matur kesuwun
Pancen bener kandane Kang Tohirin “angger mboten download racikane maspatikraja mesti bakal ngajog.”
Buktine aku saiki gajog, soale file nomer 2B wis ora ana maning mbok?
Angger diklik sing metu “This file is no longer available for download.”
Ngono iku bola-bali. Wis jan gajog temenan.
Pripun niki Mas Patik???
Tambahan Mas Patik,
File nomer 6A juga gak bisa. Komennya sama.
iya gwe 2A ambi 6A FILE NOT FOUND aya kuwe ramane, jajal dilengkapi ramane,……. he….he….he….
iya gwe 2B ambi 6A FILE NOT FOUND aya kuwe ramane, jajal dilengkapi ramane,……. he….he….he….
Nuwun sewu kakange, kiye file sing wingi pada ilang tek ganti neng kene:
http://jumbofiles.com/tka8nizp2fmm/Srenggini Takon Bapa II 6A Ki Sugino.mp3.html
http://jumbofiles.com/s2m5ra8y41d9/Srenggini Takon Bapa II 5A Ki Sugino.mp3.html
http://jumbofiles.com/p135u1cr429s/Srenggini Takon Bapa II 2B Ki Sugino.mp3.html
Mangga Kang
Pak file no. 2B kiriman barunya kok belum bisa diunduh juga..?
terimakasih
Laporan maning kang… sing no 2B + 5A ora bisa
iya kang kari sing 2b file ora nana sih mlayu mengendi kang, jajal diunggah maning inyonge kurang kuwe tok !
Huuulaaaaaah, file 2B maring ngendi yaaaa…?
Huulaah…, wis pirang2 ndina inyong nggoleti file nomor 2B koh ora ketemu ketemu yaaaa, apa alamate dibusek ya. mbok diunggah maning.
inyong nggoleti file 2b-ne deneng langka ya,…, kaya lagune ayu ting-ting. “Alamat Palsu” hehehhe, ayuh kang patik dijuluk’na maning lah
Betul mas amin, alamat file 2b kayaknya palsu, sudah gak bisa dilacak lagi.
@kang Amin kang Udi, mangga niki kula liru link-e.
Muga muga alamat sing anyar ora kaya alamate sing digoleti ayu klinting.
http://jumbofiles.com/6l2irwrssvo3
Matur kesuwun sanget mas Patik kerso nglonggaraken penggalih minangkani pamundutipun kadang sutresna WYG_BMS_KSSC ingkang taksih mbetahaken audio wayangkulit. Muga ing sanes kalodhangan kulo saged mbales kanthi upload lampahan Karno Tandhing kang ugo katindakaken KSSC, awit sakniki dereng di konvert kanthi wujud digital.