MasPatikrajaDewaku

Para sedulur pada,
Suwe inyong ora katon, koh sepisane teka maning malah ngaturi MP3 lakon sing wis tau diunggah. Tapi aja kesuh disit lah, kiye sing tek unggah lakon Bawor Dadi Guru versi STEREO sing jan cling banget. Ngiras pantes inyong “melakukan” pemanasan sedurunge ngaturena maning lakon lakon liyane sekang Dalang Gino (Kayane ana liyane dalang Gino sing bakal diunggah).
Tek critani disit ya lur, lakon kiye jane wis suwe tek unggah neng Jumbofiles, sekang sumber kaset kagungane Mas Tohirin. Tapi jan inyong maune ngajog banget, file sing gole angele ora karuan ngunggahena maring jaringan. Bareng wis munggah folder-e tapi selawase tek jorena bae, sepisane detiliki maning, koh akeh banget sing pada mritili!! Sing maune jangkep selakon, tapi sing bisa deunduh mung kari patang file. Kesuuuh banget inyong. Domomg koh . . . . . .!!
Tapi untunge, ketunda dibagi, malah teka maning se-set kaset sing lakone pada. Kiye kaset diparingi karo Mas Mardianto Suseno. Kaset kiye jan esih anyar gres, blas durung ana sing pedot, apamaning ngap-ngep. Bareng wis rampung di-convert, folder-e tek unggah maning. Jan rekasa banget koh . . . tapi marem rasane, cara dalange; mareme tan kinaya ngapa.
Ora tek unggah maning maring Jumbofile sing sekiye, tapi tek unggah neng Mediafire. Muga-muga sih ora ngilang-ngilang kaya angger diunggah neng Jumbofiles. Mulane file siji-sijine sing sekang Mas Mardianto tek tambahi tenger rev.00, dienggo mbedakena antarane file sing dikonvert sekang kasete Mas Tohirin.
Sebab lakon kiye wis tau diunggah senajana versine gemiyen Mono, tapi kayane si alur lakone wis pada paham nggih. Mulane ora nganggo akeh-akeh komentar maning, mangga penjenengan sing kersa mirengaken versi STEREO-ne, penjenengan sing ngarepena suara pilah antarane siji sijine suara instrumen gamelane. Link-e wis sedia neng kene denggo ngunduh.
http://www.mediafire.com/myfiles.php#ronph4hbetf27,1
Mangga lah aja isin-isin. Sing ajeng “nge-re-blog” ya mangga mawon. Ora perlu nganggo repot ijin karo inyong apa Mas Prabu disit, turan ora usah repot “ngonvert”, mung kari lebb … Nylekamin koh. Seeh . . .tela iya kaya kuwe . . . . !!
kula nuwun ndarane,niki kula ajeng nyicipi nggih?
Niki sing liyane teng pundi,deneng pada ora katon nggih?
Ya Buket,ya Pulen..!!
Pokoke ora ngajog lahh,
Matur kesuwuun mas Patikraja,,
BDG_KSSC_08_rev00.mp3 kok gak nangkring, kemana yah??
BDG_KSSC_04_rev00.mp3 gak bisa diunduh, kenapa yah??
link e wis kedaluarsa kang..wis langka file ne..
wuaadoh………. ingkang nomer 8 kale no.13 kok mboten wonten mas. filenipun teng pundi??
oke bagus