KSSC Antasena Gugur


Judul utawi irah-irahan lakon niki jan-jane arang arang kocap onten pagelaran sing dipanggungaken teng tlatah sanes. Lakon niki sing genah anu “meng-expose” tokoh Antasena sing jan pancen dados tokoh favorite teng tlatah Banyumas, kados dene tokoh Wisanggeni. Kalih-kalihe tokoh sing kula sebat teng nginggil niku pancen dados tokoh kupiya pasangan, teng katah lakon pagelaran ringgitan mBanyumasan.

Senajana prastawa gugure Antasena niku jane mung sisipan, tapine wong genah niku anu tokoh sing dadi favorite “audience” wayang mBanyumasan kados kula sebut teng nginggil, saking jalaran niku, mbokmenawa jeneng lakon sing niki dados kangge irah-irahan utawa judul.  Terus disebat lakon Antasene Gugur.

Sing menjila teng lakon niki malah trekahe Prabu Bogadenta sing gadah tumpakan gajah sing aran Murdaningkung, lan sratine sing ayu-moblong  Dewi Murdaningsih. Jane niki lajering lakon. Penjenengan mangga kula aturi migatosaken, kados pundi pepanggihane Raden Janaka nggene adu arep kalih Dewi Murdaningsih, sing jan Gino banget. Pokoke angger Dalang Gino nglakokena adegan asmara, jan kaya-kayane romantiiiis banget.

Turan onten perange sing rame antarane Raden Janaka sing nitih Kuda Mangunjaya kagungane Wara Srikandi, mengsah kalih Prabu Bogadenta sing nitih Gajah Murdaningkung. Saking sektine Gajah Murdaningkung, ngantos Kuda Mangunjaya kepulet tlalening gajah, sirna mergalayu.

Lakon niki diwiwiti kalih adegan Kurawa sing nembe mawon pepes otot bebayune, merga kecalan senapati sing jan saged ngangkat “moral” perang prajurit Kurawa, lan sing didama-dama saged mrantasi gawe. Nyatane Resi Bisma niku malah sirna kasambut ing rana.

Miturut critane, perange Resi Bisma onten Kurukasetra niku, dangune ngantos sekawan welas dinten. Mangka saking purwaning paprangan dumugi pungkasan , perang Baratayuda mung mendet wanci wolulas dinten. Mulane pepesing manah Prabu Duryudana kang ing semangke ngawontenaken pasewakan agung kados mboten saged sinayudan.

Kuciwane Sang Parbu niku sanget ageng. Mergane Prabu Duryudana kadose kelingan kalih pangandikane keng eyang Resi Bisma, menawi panjenengane Prabu Duryudana saged mukti wibawa, nerasaken perang lan saged unggul ing yuda menawi Resi Bisma tetep teguh saged mrantasi damel lan menangaken Kurawa. Nanging sewalike, menawi Resi Bisma kasoran, tebihe kasambut ing rana, tegese perang kedah dipun pungkasi, lan Kurawa kedah nglila’aken Bumi Ngastina lan Indraparahasta sak jajahane, kawangsulan dateng para Pandawa.

Teng pasewakan, Prabu Salya ngarih-arih dateng Prabu Duryudana, kersaa nuruti ucapipun Eyang Bisma, perang kakendelaken. Prabu Salya kersa maringaken Negari Mandaraka dateng keng mantu, Prabu Duryudana. Salajenge, Prabu Salya trimah minggah ing Ngargabelah, mahas ing asamun madeg pendita.

Nanging pamanggihipun Pandita Durna kaliyan Patih Sengkuni, Baratayuda kedah dipun lajengaken, kanti pamanggih ingkang benten kaliyan Prabu Salya. Onten ngriki “titik kelanjutan” perang Baratayuda. Kurawa mBangun Jaya! Awit Pendita Durna gadah agul-agul muride sing cacah sepuluh sagah mrantasi damel. Sinten namine, onten sing aran Prabu Gardapati, Prabu Kertipeya, Prabu Wersaya, Prabu Bogadenta lan sapiturute.

Kula tek komentar, kepareng nggih? Sebab-musababe muride Pendita Durna sing cacah sepuluhlewih niku, menurut crita pakem, jan jane niku kadange piyambak rayine Prabu Duryudana sing nalika semanten onten lampahan Pendawa Traju, para kadange Prabu Duryudana niku kendang saking Negari Ngastina, tebih kabuncang nyebar dawah dumugi negara Ngatasangin, cara senikine ndeyan “luar negri”.

Teng mrika setunggal setunggale para Kurawa sami maju mulya, dados ratu teng negara ngendi tibane. Semangsane para Kurawa sing kapisah niku kangen, wangsul malih malih nuweni dateng Negari Ngastina, lan meguru kalih Pandita Durna. Milane para raja niku saged ketampi meguru kalih Pendita Durna sing empun sumpah, mung trah Wiyasa sing saged dados muride. Dados trep-e Prabu Kertipeya sing ngakang kalih Prabu Duryudana, kados sing onten lakon Gathutkaca Kembar Lima wingi niku. Niku komentar kula.

Jan nembe jejeran mawon niki empun rame. Mangga diterasken kiyambek nggih, onten sebab napa Raden Antasena saged gugur. Lan sinten sing saged nyedani Raden Antasena.

Kepripun bab rekamane Mas Patikraja?  Mutune saged kula golongaken Hi-Quality, imbang lah menawi dibanding kalih lakon Bisma Gugur. Sebab Mas Mardianto sing kagungan kaset nyilihaken teng kula lumayan suwe, mulane sing radi kurang sae hasil convert-e kula ambali wola-wali ngantos kula anggep sempurna. Agenge file tetep kula pisah per file sami kalih kaset asline lan diperes laju bit-e onten angka 128Kbps. Muga muga enteng nggih ngunduhe.

Niki onten tambahan keterangan, sesampune lakon niki jane sambungane lakon Undur-undur Kajongan, utawi Werkudara-Janaka Kependut. Nanging wingi seg kula padosi teng Klampok , kasete onten, ning ketlisut. Dados next post kula langsung ngunggah Abimanyu Gugur (Ranjapan) terus desambung kalih lakon Arjuna Nglengleng. Dados Seri Baratayuda saking Ki Sugino sing teksih kirang; Undur-undur Kajongan, sing wau kula sebut lan Karna Tanding. Sinten sing kagungan mangga kula diparingi lah . . . .

Mangga menawi empun don-lot, murih maju olahane lan kepripun murih langkung mirasa pasugatan kula, ampun isin isin njenengan sami sing paring komentar.

22 comments on “KSSC Antasena Gugur

  1. Ngaturaken Maturnuwun sampun diparingi Bisma Gugur lan Antasena gugur kalih maspatikraja, dados kula sampun mboten donload. Matur nuwun nggih mas patikraja kapan wangsul teng purwakerta malih…. wonten CD Babad Alas Wonomarto sing rekamane teng Bandung niki… kualitase nggih langkung sae…

    • Ala la . . . Kula nembe mawon wangsul saking ngrika wingi. Sempet nonton wayangan Dalang Bagus Marwoto teng Tanjung. Gandeng kula mboten onten no HP penjenengan, kula mboten mampir. Mung kula kepanggih Kang Supri sakancane.
      Matur nuwun lah empun disediakena Babad Alas Wanamerta. Mangke angger kula mrika malih, kula ampiri.

      • Waaah niki tha oleh-oleh ingkang dipun ngendikaaken, weeh lha ajeng dicegat (dirazia) mawon mboten sida lha wong njuk medal pantura ha…ha…ha…, Njih nambahi regenging koleksi KSSC wonten WP. Matur nnuwun kangmase.

      • O nggih.. kolowingi kulo kesupen mboten maringi nomere amargi kesusu bade kondangan…. niki nomere kulo sing anyar… 0853 8518 0425 mangke angger wangsul purwakerta kersa mampir lah nggih mas patikraja…hehehe…

  2. Maturnuwun MasPatikraja koleksine saged nambah malih, maturnuwun ugi kangge mas Tohirin sing mpun tumut “berkontribusi”, kulo namung sagede nderek kemawon, mugi-mugi ngenjang saged nambaih koleksine menawi MasPatikraja kondur Puraketa. Nuwun sewu mas Tohirin panjenengan daleme teng pundi nggih? Eh…mbok menawi saged pepanggihan. Nuwun.

  3. kula nuwuu….n,kyai Patii….k.

    Wong bisma gugur mawon dereng telas enggane wis ngunggah malih,lah! Dadi bingung lah.niku anu bisma gugur ampun di download,anu nlangsani bgt.

    suwe ora ngunggah protes,ngunggah cep protes.kang gareng duwe karep kepriwe jane?
    kang gareng meneng, wah jan kye wong,ora ngerti tembung matur kesuwun kuwe jenenge.

    Gareng ko meneng meneng mene…ng.hoo.. laagh

    mastikraja lan jajaranipun,kulo ngaturaken matur sewu nuwun.HIDUP WAYANG PRABU! HIDUP WAYANG KULIT! HIDUP WAYANG KULIT BANYUMASAN. MARI BUMIKAN KEMBALI BUDAYA JAWA,KHUSUS NYA WAYANG KULIT!

  4. mas…mbok kepareng ngunggah mp3 dhalang2 daerah kados to Ki Tarjo, Ki Lukita (Wonogiri), Ki Medot Sumaryono MD, Ki Gatot Tetuko, Ki Sutarso, Ki Sungkono, Ki Sukasno, dll (gaya Surakarta).

    • Lha monggo kagem poro sedherek ingkang kagungan koleksi dhlang kasebet saged dipun kintunaken : Kula (roni subari) alamatipun Sekretariat PPW Jl. Simpang Pahlawan II No. 7 Bandung 40124, hp. 087 821 232 070, Kula tenggo.

  5. Kagem Mas Tohirin maturnuwun, lan sedaya mawon para pecinta wayang prabu ingkang sampun tumut berbagi koleksinipun.

    • maturnuwune kalih mas patikraja mawon lah sing kersa upload audio wayang Gino lan Kangmas Prabu ingkang gadah situs WP niki. Menawi kula tah sanes sinten-sinten teng WP niki (“KECUALI” bahasa jawane apa ya maklum lagi belajar bahasa jawa hehehe) penikmat wayang terutama dalang Ki Sugino Siswocarito

  6. nuwun sewu kang mas, niki file audio nomer 3A mboten saged didonlot jare “Invalid or Deleted File”, tulung link’e didandosi supados jangkep selakon. matur nuwun

  7. Jaaaan rasane inyong esih kurang marem, sebab urung genep cacahe file-e. Antasena Gugur kurang sing nomer 3B, Abimanyu Ranjap kurang nomor 2B, Srikandi mbarang lengger nomer 7 sambungane kewalik (=7B-7A). Lakon Semar Walik 5AB jare ilang. Srenggini(part2) alamate 2B kuwe kayane palsu. Huuuuuulaaah, beja temen awak inyong koh ora enggal2 ngunduh gemiyen..

  8. holah jan………….
    matur suwin ya pak gino
    kula senajan cah nom ning kula melu remen wayange pak gino

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Connecting to %s