
Winginane neng komentare Kang Tejo nyritakena, menawa lakon Abimanyu Gugur kuwe direkam nalika garwane dhalange nembe bae seda. Kyai Gino kayane esih krasa nlangsa. Rasa kiye digawa maring pagelaran rekaman. Lakon Ranjapan pancen lakon sing banget gawe ati nlangsa. Mulane neng kene ana “perpaduan”, lakon sedhih dilakokena karo sedihe jiwa. Mulane jan temenan, marahi ati kekes. Kiye pancen bener para sedulur. Kaset no. 8 sing neng pagelaran wayang liyane isine manyura sing nglangut terus tayungan, tapi sing ana neng lakon Abimanyu Gugur alias Ranjapan jan isine penuh irama tlutur, temenan gawe ati nelangsa.
Bebanten akeh sekang pihak Kurawa lan Pendawa sing pada gugur decritakena detil neng wayangan lakon Abimanyu gugur kiye. Kaya dene gugure putrane Adipati Karna, Wersasena lan Wersakusuma., sing didawuhi ramane, Adipati Karna supaya nyandet lakune Bambang Sumitra sing arep ngeterna kuda sing aran Pramugari. Adipati Karna jane ora tega karo Sumitra karepe ora usah mlebu maring kancah perang Kurusetra. Salah trima Bambang Sumitra, malah pancakara karo putra Ngawangga, dadi lan patine Raden Wersasena lan Raden Wersakusuma.
Putrane putra Raden Janaka, Raden Sumitra sing kenang senjata panah Adipati Karna uga sirna. Panahe Adipati Karna sing jane kanggo ngengetena Abimanyu karo panah sing ditaleni seratan sing isine supaya Abimanyu metu ngliwati Pakuwone Adipati Karna. Tapi Abimanyu malah ngamuk mergane kelangan adine, Raden Sumitra. Pangamuke Raden Angkawijaya nggawa korban sing ora baen baen.Nalika semana, Adipati Karna sing wis diparingi ngerti menawa putrane loro, Raden Wersasena lan Raden Wersakusuma wis tumeka sirna dening Raden Sumitra dadi duka. Kerig lampit prajurit Ngawangga nibane panah maring prenah pengamuke Abimanyu. Kuda Pramugari tiwas kenang senjata panah Adipati Karna. Pangamuke Raden Angkawijaya sengsaya ndadi. Sarirane Abimanyu sing ora tedas sakehing gegaman wusanane aber sekang gegamane Raden Jayadrata sing wujud panah sing landepe gading.
Wusanane tedas sekabehing senjata sing ngrutug nancep maring sarirane Raden Abimanyu. Senajan wis tatu arang kranjang sarirane, tapi Raden Abimanyu esih ngamuk. Nganti dalange nyandra obahe Raden Angkawijaya kaya lakune landak kekirig. Sesumbare Angkawijaya keprungu karo putrane Prabu Duryudana aran Raden Lesmana Mandrakumara alias Sarjakusuma. Putra Pangeran pati sing gede atine mung semenir, marani Raden Abimanyu, arep nugel janggane. Tapi ngganggo tenaga sing pungkasan, Kyai Pulanggeni ditancepaken maring lempenge Sarjakesuma, mati sampyuh satria sekloron.
Decritakena neng file mulai sekang 7B nganti rampung, dewiwiti sekang sedane Raden Angkawijaya, jejeran Dewi Utari-Siti Sundari nganti sedane garwane Angkawijaya, putri nDwarawati, Dewi Siti Sundari, sing seda obong bela pati munggah pancaka bareng karo jisime Raden Angkawijaya nganti pungkasane lakon, isine presasat mung irama tlutur, crita sedih. Nlangsani!
Tapi lur, kedadeyan kiye jan ora konangan karo ramane, Raden Janaka, sing lagi kecrita kependut bareng karo Raden Werkudara. (kaset lakon Janaka Werkudara kependut kiye durung ketemu). Mengko arep decritakena neng unggahan lakon sing sebanjure sewise Abimanyu Gugur, sing judule Janaka Ngengleng. Detunggu ya lur, lagi dikonvert kaset-e nyambi ngunggah file sing wis wujud suara digital MP3.
Tapine ana maning kiye ya para sedulur, kaset kiye formate mung Mono sekang kanane. Tek konvert ya jan murni ora nganggo “echo” apa “spatial” sing marakena dadi kaya rekaman Stereo, apa anane! Senajana mono soten tapi ya jane esih lumayan angger dirembug soal kesetimbangan tonal-e. Ana maning cacate, kadang esih ana bagean sing ora stabil perkara wow-flutter-e. Kayane merga mastere wis taunan diduplikat terus terusan, dadi wis aus. Detilik sekang sampule ya pancen wis suwe banget, wong terbitan tahun awal 80-an. Lumayan sih esih ngejreng, esih pantes angger disiarena nganggo radio sing nganggo modulasi FM Stereo senajan anu rekaman mono, tela anu kaset esih anyar koh. Tetep kiye lah, laju kecepatane bit-e tek pasang neng 128Kbps, supayane tetep krungu merdu mbleketaket . . . . Mangga lah diunduh.
Sakdurunge pada takon link-e
kiye para dulur
saka kangmase patikraja
http://www.mediafire.com/?qk3k8myuak7a7
nuwun
Ass. Mas tolong aku kepengin ngunduh lakon AIMANYU GUGUR carane kepriwe, ora bisa bae……???????????????????????????????
Matur kesuwun mas prabu lan Maspatikraja lakon “Abimanyu gugur” sampun kula pendet (download). Lah jan niki lakone saestu damel kula nelangsa …. matur kesuwun… mangga….
Ya…. senajan sing no 1a lan 6b dereng wonten nggih mboten menopo kadar anu gari download ikih nggih… nggih……….
Oooonten koh kang Tohirin sing no 6A. Jajal delongok maning :)
Sing file 1A genah anu mung talu sing pada karo sing wingenane. Dadi ora usah diunggah maning mbokan ?.
Nggih ding mas patik… sampun lengkap… wingi tah 6b ne mboten wonten. Tapine Seniki sampun wonten… matur kesuwun….. di tunggu malih DURNA GUGURe. Jane tah urutane bar Abimanyu gugur terus “DJANOKO LENGLENG” ngger ra ana ya kae Ngrungokna Ki Narto Sabdo sing judule “JAYADRATA LENA” Kuwe terusane Abimanyu gugur … sepindah malih matur kesuwun mas patikraja yang baik hati tidak pelit dan tidak sombong….
nggiiiih…kang Tohirin gasik dwek pokoke.. Seeeeeeeh Gino koh.hehehe
Iya angger dalange gino mesti tohirin sing dadi juara download… hahahaha…. hap.
nomor 8A meniko mboten saget dipun unduh, namung wonten tulisan error, pripun niki mas prabu
Y.a bombong ya seneng,ya sumringah.. Pengrasa koh sengsaya suwe,sengsaya tambah de eman..
Mbareng de brudulaken paribasan nganti ora kesait nggone nampani..
Jann temenan,yakin..pokoke..
Ora kejaba inyong mung bisa aweh tembung ‘matur kesuwun’ ambi Ndarane mas Prabu, mas Patikraja,ugi mas-mas sing melu urun koleksine Dalang Gino..
Mbareng de brudulaken paribasan nganti ora kesait nggone nampani..
Jann temenan,yakin..pokoke..
Ora kejaba inyong mung bisa aweh tembung ‘matur kesuwun’ ambi Ndarane mas Prabu, mas Patikraja,ugi mas-mas sing melu urun koleksine Dalang Gino..
mas,tadi saya download seri baratayuda yang judulnya JANAKA LENGLENG,, tp gagal karena pulsa habis,tp setelah di download lagi kok gak bisa yaa ini gimana sich??
Ala melas temen. Ora papa koh kang, tek jajal bisa koh ya. Apa perlu njenengan rawuh teng Bekasi, mung kari milih kopi wayangan apa kopi ireng apa loro-lorone ya bisa, kaya kuwe.
Kula melu urun COMENT, urutan ngunggah olih2 bae ora urut, nangging yen bisa jangkep, yakuwe wiwit beddol nganti tancep kayon (1b -8b). Yen ora kleru pamawasku lakon Ranjapan Abimanyu kiye ora ana file “2B”ne, Menopo mas Patik kesupen nggih??!
Ngapurane Kang, file 2B wis volatile alias regel. kayane njenengan kesuwen ora ngundhuh kawit anu gemiyen lagi esih mateng matenge, dadi siki ana sing wis regel.
Angger ana wektu mengko inyong ijoli.
Nggih matur suwun sanget mas Patik tesih kersa minangkani panyuwunan kula nggih, Mugi2 pamundhut sanesipun bakal marem.
Nggih mas Patik, file 2b Srenggini part II sampun kulo download, dene file 2b Ranjapan taksi kulo antu-antu. Matur kesuwun.
Ku arep donlod abi manyu gugu angel temen ya
PANGAPUNTEN MAS INYONG KEPENGIN NGUNDUH LAKON ABIMANYU GUGUR, SIH KEPRIPUN ……….??????????????????????
wwwwwwwwwaaaaaaaaahhhhhhhh heeeeeemmmmmmm
jan aku rep ngunduh lakon kie koh ra bisa……………!!!!!!!!!
Jajal detiliki neng http://maspatikrajadewaku.wordpress.com/2012/04/05/abimanyu-gugur-ki-sugino-siswocarito/.
Kayane esih wutuh koh ya . . . .
link donlute di tutupi iklan kuwelah. Mbajug banget
Saya mungkin telah ratusan kali mendengarkan audio wayangkulit dari berbagai lakon dan dalang. Dari semuanya saya telah menyimpulkan bahwa lakon “Abimanyu Gugur” adalah lakon dengan pembawaan cerita terbaik. Yang kedua adalah Lakon “Rama Tambak” terutama pada saat Gunawan Wibisana terpaksa harus meninggalkan (tundung) ke negara musuh (Pancala Arja keraton Rama Wijaya).