Assalamu’allaikum….kepanggih malih kalih kulo”Bawor Samhan” niki enten 2 lakon wisanggeni gugat lan Bawor dadi guru ” http://www.4shared.com/dir/13743782/a49ccea5/sharing.html “…………petruk gugatnya sekalian…
salam kenal kagem sedaya kemawon khususipun sing asli saking purwonegoro,Banjarnegara….. dedenmalik@yahoo.com….maturnuwun mas Prabu…..
wassalam
Dek, inyong arep ngunduh lakon Windu Wulan koh muncule the file that you requisted is not valid alias file-e wis ora valid maning ya?
Karepe inyong sih arep nostalgia nalikane inyong esih cilik kira kira tahun sewidakan, lagi esih neng Patikraja, pas neng ngarepe umahku ana juragan kayu arane Pak Mahroji (almarhum) sing seneng tuku perangkat elektronik paling anyar wektu semono.
Wektu kuwe peralatan sing lagi “in” kaset rekorder sing esih nganggo reel gede gede , Pak Mahroji ya tuku, percobaan sepisan, ngrekam pentas dalang Gino.
Jan sing ngrungokaken hasile rekaman gemruduk pada teka, termasuk dalang Gino dhewek. Pak Gino angger ngrungokena banyolane dhewek ya melu ngguyu, pokoke gayeng banget. Angger ora salah wektu kuwe lakone Wahyu Windu Wulan. Terus lakon Wringin Seto Woh Jumerut.
Pokoke pas Pak Gino esih nembe mulai ndhalang
Ya sekang mulai wektu kuwe Pak Gino ora alergi sing jenenge rekaman, ndean sih merga sekang kuwe Pak Gino bisa kawentar merga ngango teknologi sing bisa njembarena tebane kebisane ndalang, kejaba anggone bakat alam. Sekang critane Bu Lik-ku sing neng Notog, sekang esih cilik Pak Gino cilik wis keton bakate mayang nganggo godong klewih lan liya liyane.
___ Monggo kangmas
Lakon puniko sumbangan saking Kangmas Bawor Samhan. Kadosipun folderipun sampun dipun “remove”, nanging sampun kulo link-aken per file kemawon.
Matur nuwun sampun mampir wonten ing mriki, nyuwun sewu menawi basa Banyumasan kulo mboten saget. Paling namung saget inyong, rika, ora ngapak-ngapak :)
Benten nggih kaliyan Mbah Nartosabdho ingkang Banyumasanipun ndlidir.
Sakleresipun awal bulan juli liburan anak-anak kala wingi kulo mampir teng Purwokerto 2 dinten. Nginep wonten ing Baturaden lan Sokaraja. Nanging kulo mboten sempat madosi kaset/cd wayang. Insya allah menawi wonten wekdal malih.
Sepindah malih, matur nuwun kawigatosanipun
Kripik karo gethuk goreng olih-olihe esih apa ora? :)
Saya juga ora ketang telu apa patang wulan sepisan ya bali maring nganah, senajan wong tuwa wis pada almarhum, tapi anakku loro-lorone pada kuliah neng Unsud, ngiras kanggo “keeping in touch” terhadap suasanane bapane gemiyen urip neng ndesa.
Minangka sesulih, suk kapan aku mulih mrana, Yayi Prabu tak oleh olehi “serba banyumasan”
By the way, The Wahyu Windu Wulan (WWW) file is still can’t be down loaded, the status is still the same as previous.
How come?
____
Garwo lan anak-anak kulo remenipun soto Sokaraja lan mendoan, menawi kripik lan getuk goreng radi mboten remen :)
Perkawis WWW, mosok mboten saget to kangmas
monggo ditingali malih wonten ing ngandap posting ____
Update tanggal 21 Juli 2009
Mungkin karena folder sudah dirubah sama Mas Bawor, maka dilihat link per filenya saja ya :
1. Wahyu Windu Wulan 1
2. Wahyu Windu Wulan 2
3. Wahyu Windu Wulan 3
4. Wahyu Windu Wulan 4
5. Wahyu Windu Wulan 5
6. Wahyu Windu Wulan 6
7. Wahyu Windu Wulan 7
8. Wahyu Windu Wulan 8
Matur Nuwun
Janipun wonten ugi konco ingkang manggen wonten ing mriko, insya allah mangke nggih kulo titipi mawon perkawis oleh-oleh serba banyumasan ….
Nanging umpami kulo diparingi hanggih mboten nolak :)
Matur nuwun
Ladhalah !!, instant tenan, bareng wis tekan ngomah link-nya dah muncul. :)
Besok langsung tak unduh di kantor yang signalnya joss.
Maklum di rumah signal dapat gratisan dari lumebere punjering panas (baca: hot spot) dari pasar gede (baca: Mall) iring wismaku, :) so kalau intermittent dikit aja ngundhuhe mesti ngulang. :(
Matur nuwun yayi Prabu.
____ :) sanes sim salabim lho kang mas
lha wong wonten ing mriku tertulis update tgl 21 juli je …
mungkin waktu itu blum melihat bawahnya …
menawi bab undhuh mengundhuh kathah margi utawi caranipun
saget ngangge download manager, langsung save as, nggangge addons browser deelel
memang semuanya masih bergantung kepada kecepatan dan kestabilan akses internetnya
btw memang akses di kita masih trgolong belum broadband meskipun judulnya berkata begitu
nanging nikmati kemawon :)
matur nuwun
wahh..aku wis nguduh kabeh lakon sing di upload nang mas prabu, nek ana maning aku iki wong banyumas dadi tambahi maning lakon sing apik dalange ki sugino yahhhhhhhhhh,,,,,,,,,,,,,,matur nuwun aku bisa wayangan maning……………………
Inggih mas Prabu kula ndukung mas Nur Hidayat, menawi wonten lakon Gatutkaca Edan : kula kengetan riyin wekdal kula SMP (menawi boten klintu) ki Sugino nate dipun tanggap wonten sebelah ler lapangan Rancabanteng ds. Kalapagading, Kec. Wangon. Gatutkaca Edan ….. Gatutkaca Edan omahe emplek-emplekan …….., kula yen nonton ngantos tancep kayon lho mas. Matur nuwun.
Nah niku masalahipun …
Kontributor sakmeniko nembe kathah ingkang dalang yogya solo
Banyumasan dereng kathah …
Mugi samangke saget nambah koleksinipun lan ingkang dipun kersakaken sagen kaleksanan
nuwun
waduh jan…matur nuwun banget…kiye wayange. aku ng malesia wis mesen sewulan lewih kon ngirim be ora gutul2.
jan kangen temenanan,kadung prustasi gramak2 nemu web e rika….
ndonlude be nganti sewengi suntuk mbene olih sa CD. ben mandan cepet lah di kapakna…
ujarku internete nggo donlud liane banter kooo. tp kesuwun pakk…
dalang gino ne
____ Lho ning malesia rak ono wayang to …
kudune akses internet neng kono luwih cepet to :)
wis ra ngapak-ngapak … le penting salam kenal bae yo
nuwun
Assalamualaikum wrh,wb,,,, sederenge kulu ngaturaken sugeng Riyadi kalian mas prabu minal adzin wal fa idzin,,,, kulo sing asline saking kroya,,, matur nuwun sanget,,, wondene kula saged merengaken kesenian2 banyumasan ingkang dipun aploud deneing mas prabu,, mugi-mugi tambah akeh penggemare,,, nuwun,,
Siip tenan! matur nuwun mas! Wayang kulit dalange mah Gino ! wah mesti rame ! dugi seniki mawon ( uswa 72 th) penonton beliau sangat banyak! jaan pokoke masalah penonton mboten kalah kalih penontone mas Entus! tur penontone mbah Gino anteng dugi Enjang! sabet mungkin mpun kalah kalih sing nem2 nanging kharisma mboten wonten sing ngalahaken panjenengane!
kulo merasa terbantu saged ngunduh lakon2 mbah gino punya! awit senajan kulo tiyang cilacap ning kulo blajare ndalang teng semarang! mula kulo kedah kathah wawasan lan bab gecul banyumasan! niku sing kulo pendhet saking lakon2 mbah Gino ! matur nuwun! eh nek wonten niki lho! lakon2 wayang kulitbanyumasane alm. ki haji Alip Suwarjono saking Kesugihan Cilacap mbok dipun upload! nku dalang Favorit kulo! nuwun!
wayangprabu is the best.
wonten kados niki jujur mawon kulo dados ngertos soal wayang,ceritane nggih sae2,nopo malih pak Gino seneng kaliyan lagu2 banyumasan,pokoke tambah siiiiiiiiiiiiippppp
salam kenal mas prabu,,,saya pernah ndengarkan wayang di RRI jogja lakon srenggini takon bapa oleh ki sugino tapi belum kelar. mungkin mas prabu punya MP3 atau VIDEOnya paling tidak sinopsis ceritana bagaimana? maturnuwun mas…
ALHAMDULILLAH, akhire ketemu situs sing tek goleti kawit gemiyen. langka-langka wong sing esih peduli warisan luhur budaya wayang kaya njenengan. maturnuwun
wah jan gayeng .. tenan mas .. tursuwun wayang dalang ki hadi sugito pun kulo download sedanten .. menawi wonten .. lakon sanese mas saking ki hadi sugito.. kados .. janaka catur, ontoseno ngransang, lan sanese mas.. tursuwun..
nyuwun sewu mas prabu,nderek ngunduh wayange pak Gino..
kanggo mas Bawor Samhan,dienteni maning lakon liyane kang dalang Gino…nduwe “Bawor Dadi Ratu” ra kang?
___ Monggo Mas Arya …
Mas Bawor pancen sing nyumbang akeh ning dalange Gino
ditunggu koleksine liyo yo
Ning luwih apik malih nek ana dalang liyane
he he he … gari ngomong gampang yo
kang aku njaluk seri brata yusda sing lakone ngastina mbangun jaya.aku arep takon nek donload sing cepet kepriwe carane kesuwun
___ Nek lakon kuwi durung ana je …
Nek download paling cepet sakjane ana carane yaiku koneksi kudu cepet lan tuku bandwidth ning 4shared
Tapi yang free juga lumayan cepet kok … memang kalau yg beli jauh lebih cepet
nuwun
Mas Bawor, sampeyan wis tau ngerti rekaman Ki Dalang Sugito Purbocarito ? Nek tau ngerti utawane tau menangi rekamane Ki Sugito, jajal di-upload neng kene ya. Inyong tau krungu sekang kanca, jere ana rekamane Dalang Gito ,ana 2 lakon. Sing inyong tau krungu lakon “TOPENG WAJA”, sijine klalen !
Pancen, dalang Gito kuwe kawit gemiyen ora tau gelem rekaman, alesane (?) mbok menawa ngurangi “PY”-ne ! Tapi ya embuh ding, inyong ora paham banget alesan sing kaya kuwe.
Jajal mbok sampeyan duwe kanca neng tlatah Banyumas sing esih duwe benahan rekaman dalang Gito. Maksud inyong njaluk tulung kuwe supayane koleksi dalang Banyumas dadi luwih komplit, aja mung anane sing “Rupa candra sasi nabiiii…oooo, ana lintang tiba sore !”
Jane, gemiyen tlatah Banjar ya akeh dalang gagrak Banyumas sing apik tur variatif, ora seragam siji lan sijine ! Kaya Ki Dalang Sungin (Mandiraja). Nek mengulon semending maring Somagede ana Ki Suyud (Ipene Ki Gito), terus mengalor maring Kalimanah ana Ki Waryan (nek Ki Surono sih ora usah nguyahi !). Tapi ya kuwe, jaman semono durung ana teknologi rekaman dadi ora bisa nonton tinggalane para dalang mau.
Semene dhisit ya Kang. Salam taklim nggo sedulur pandemen Wayang neng tlatah Banyumas.
Klilan ! Matur Nuwun !
mas prabu, salam kenal ya aku bagyo sekang rawalo… aku njaluk no.hp/tilpun njenengan ana mbok? kirim via email bae ya suwun, trus siji maning, nek kepengin ulih informasi pagelaran wayang maring ngendi/sapa ya. matur suwun ya
Pakdhe Gino itu dalang nomor satu di banyumas, beliau itu pernah memainkan lakon ramayana namun, kaset-kaset album pentas wayang kulit seri ramayana banyak yang belum terjual karena para pecinta wayang kulit banyumasan lebih suka cerita karangan yang berdasarkan mahabharata saja.
jadinya album seri ramayana kuranng laku dipasaran.
itu informasi yang saya dapatkan dari toko-toko kaset disekitar pusat perbelanjaan dikota slawi.
Nggih insya allah menawi wonten …
Masalahipun Banyumas, purwokerta tebih saking griya lan sasaran mudik je mas …
Dados menawi kula piyambak radi kawratan
mbok menawi wonten ingkang sampun gadhah …
nuwun
ngapunten mas prabu, mbok menawi panjenengan gadeh rencang ing tlatah cilacap cobi dipun padosi.
soale kulo remen sanget kalian lakon2 saking ki dalang sigit suwarjono putro suwargi. menawi kulo wangsul teng cilacap kados mboten kepikiran nggolet kasetipun.
saderenge ngapunten mas prabu lan matur sembah nuwun
kula nuwun,nepangaken kula niki tiyang sokarja,jeneng asli kula priyono.kula bade matur kesuwun kalih penjenengane Mas Bawor lan kaki Prabu.kula setunggalipun tiyang ingkan ndownload i lakon wayang teng inggil nika.seniki kula nyuwun ijin bade ndownload Dasamuka gugur.matur nuwun
Matur nuwun Mas Prabu lan Kang Bawor Samhan, kulo saking Wangon Banyumas ingkang jeneng Supriyanto penggemar dalang Gino, kulo tenggo lakon Semar Mantu lan lakon-lakon sanesipun saking dalang Gino.
Koleksi dalang ki sugino siswocarito nang umahku:
1. Petruk Kembar
2. Gareng Dadi Ratu
3. Semar Walik
4. Wisanggeni Gugat
5. Brojomusti nitis
6. Aji Candrawirayang
7. Srenggini Takon Bapa
8. Druno Gemblung
9. Wisanggeni Kromo
10. Petruk Ilang Petele
11. Bawor Dadi Guru
12. Brotolaras Tundung
13. Srikandi Mbarang Lengger
14. Semar Mbangun Kayangan
Nanging bentuke kaset kabeh. Nek ana sing bisa aweh ngerti carane ngrubah dadi MP3 mengko tek uplod kabeh….
ana maning sing ketinggalan:
15. Gatut koco Edang
16. Antareja mbalelo
aku ugi lagi nggoleti sing judule :
1. Wader bangsisikkencana
2. Kresno Duta
3. Abimanyu Gugur
4. Karno Tanding
lan versi ramayana nek ana sing due di sharing nggih… matur nuwun…
Mas Tohirin, ngenjang kula ajeng mangkat teng Purwakerta, liburan karo tilik bocah. Nek penjenengan kersa, kula ajeng mendhet ngampil kasete, perlune ajeng kula unggah teng Wayang Prabu.
Alamate teng pundi panjenengan nggih?, saged napa mboten angger kula diparingi alamat e-mail utawa nomor telpone? Telepon kula nggih, no kula 08129999332.
nanging niku kaset tape, sanes cd nopo kinten-kinten saget di upload teng mriki nggih? menawi saget niki e-mail lan FB ne kulo : man25_pwt@yahoo.co.id. sampean ajeng ngampil sing pundi? ampun kabean nggih wong niku ndeke rama mertua kulo sing ngoleksi kawit taun 80 an…
KAGEM MAS TOHIRIN LAMPAHAN, Kresno Duta, Abimanyu Gugur
, Karno Tanding, TUMBAS KEMAWON WONTEN ING TOKO BARES NGAJENG PEKEN PURWAREJA KLAMPOK BANJARNEGARA, SAMPING “MINIMARKET ALFAMART”. PANJENENGAN PIRSA RUMAH SAKIT EMANUEL PREJA…………….? NAMUNG BENTUK KASET TAPE RECORDER SANES CD——VCD———DVD———BLUE RAY-
Salam perkenalan,
sy sering berkunjung ke Wayangprabu.com dan sebelumnya ingin meminta ijin untuk mendownload cerita wayang karya Ki Sugino Siswocarito untuk ditayangkan di Radio 99 FM Purbalingga setiap hari Sabtu malam (jam 9 malam hingga selesai).
Atensi masyarakat Purbalingga dan sekitarnya (bahkan frekuensi radio 99 mencapai daerah cilacap dan kebumen) terhadap dalang kharismatik ini sangat antusias sekali termasuk sy sendiri yang notabena’nya bukan berasal dari daerah Banyumas, sy belajar memahami setiap jalan ceritanya dan bahasanya, alhamdulilah sy bs mengerti dan juga dibantu oleh blog-blog terjemahan bahasa Indonesia jika ada yang tidak saya mengerti.
Pernah suatu ketika sy mencoba menyiarkan audio wayang karya non-KSSC, dan ketika itu pula banyak pendengar yang komplain kenapa bukan dalang gino? ucap mereka. Pernah saya tanyakan pula “kenapa anda senang mendengarkan dalang gino? apakah hanya sebagai teman tidur dan sebagainya?” mereka menjawab “saya mas kalau sudah mendengar gending wayang, pasti tidak bisa tidur!!” seketika itu pula sy takjub, betapa berpengaruhnya dalang yang satu ini (KSSC). Sy bersyukur pula teman2 satu kos sy slalu mendengarkan cerita wayang ini sebagai teman mengetik skripsi dan tugas hingga pagi.
Acungan jempol kepada para admin wayangprabu.com terutama kepada kang PRABU dan kang MASPATIKRAJADEWAKU..
Semoga dengan penyiaran audio wayang di radio kami dapat menularkan budaya wayang sampai ke usia muda agar tradisi wayang tidak hilang dan terus mengakar (jangan sampai di klaim negara tetangga..) amiinn..
(ditunggu kang update cerita wayang KSSC yang lainnya)
Wa ‘alaikum salam ww. Mas Okta,
Senang sekali saya bila kami bisa membagi kesenangan bagi banyak saudara-saudara kami khususnya penggemar wayang Banyumasan dan wayang gagrak manapun umumnya.
Sebenarnya setiap saya mudik ke kota asal saya di Purwokerto, saya selalu blusukan mencari bahan bahan yang bisa kami bagi sebagai oleh oleh. Dan terakhir akhirnya dengan kami dipertemukan dengan Mas Tohirin yang memiliki gudang “pemuas dahaga” yang bisa kita nikmati bersama.
Bila Mas Okta berkenan untuk menunjukkan dimana lagi saya dapat memperoleh barang seni yang membuat Anda takjub itu, dengan senang hati kami akan datang menjemputnya. Atau barangkali Anda berkenan untuk berbagi koleksi?
Luar biasa maspatikraja ini… kaset lawas bisa diconvert menjadi audio yang suaranya begitu sempurna… stereo pokoke. Saya ada lakon baru neh judule Cantik jololuko. tapi masih di perjalanan. Dapet sumbangan dari teman. bentuke VCD jere…. mau sharing apa mas? nanti ya kalo udah nyampe saya Upload tapi gmn cara uploadnya ya? atau maspatikraja yang mau upload monggo. Buat MasPrabu maturnuwun sanget sudah menyediakan situs wayangprabu ini…
Nuwun sewu, saya sudah ada VCD itu sekitar 2 tahun lalu. Ragu mau convert ke audio karena ketidak seimbangan tone balance. Sedangkan bila diconvert ke MP4, kecepatan upload di tempat saya sangat terbatas.
Tapi nantilah, kalau sudah selesai kaset yang ada ditangan, akan saya coba share Cantrik Janaloka dan Wahyu Kendaga Intennya KI Sugino.
Mas Okta saya juga sering dengerin 99FM radio Purbalingga terutama setiap malam minggu… saya selalu menunggu diputarnya Dalang Gino… Sya masih punya koleksi Ki Sugino Siswocarito di rumah. kalo mau diputer di 99 FM silahkan main kerumah saya…
Ass. Wr. Wb.
Kang Prabu, lan ugi kakang-kang saking Banyumas kulo paling seneng mirengaken Wayang Kulit dalang saking Banyumas. Mbok menawi wonten ingkang gadah koleksine Ki Dalang Djono…..nyuwun di Share. Matur Nuwun.
mas koh dasamuka gugur ora bisa di unduh kenang apa yah……? sing bisa di unduh mung seri 1,2,4,6 dok liane ora bisa. tulung di terangena kenang apa sih….. matur kesuwun
Malem minggu tanggal 3 Maret 2011 aku bar nonton Ki Sugino Siswocarito Judule Gareng Kecalan Uril… Uih rame banget koh…. saking ramene nganti penontone pada kecemplung kali… ceritane kaya kiya…
Ki Sugino sapa sih sing ra kenal dalang sekang tlatah banyumas…. merga kuwe saben Ki Sugino manggung mesti penontone mbludag dag kawit arep labuh nganti bubar byar esuk-esuk kaya oranana sing bali ninggalna panggung….
Nah…. pada bae karo wingi mbengi… penontone uga mbludag akeh pisan…
Critane sing duwe gawe agi nyepiti anake. nek ra salah anake sing di sepiti jenenge “Dwi Gonggo”. Ngarep umahe kan ana kali sier utawa kali irigasi, ya mandan amba lah sekitar nem meteran ndean kaline… latare wis nggo panggung pentas ning mung pas-pasan, dadi kaline di sogi panggung nggo penonton…. wektu kuwe kotak wayang nembe bae di ketok nang dalange, oraha malah udah gede banget…. ya wis penontone pada kudanen.
Senajan gobyos tapi ra pada bali malah soyo merek maring panggung… bare udah wis terang penonton tambah wengi tambah akeh sing teka…
Nah amergane penontone saking akehe, pada ngumpul kabeh nang pangung sing ngisore kali sier mau. Akhire panggunge ra kuat senadyan ngisore wesi tapi tetap ra kuat nyunggi penonton sing akeh pisan mau… ya wis ijig-ijig moni suara “Kraaaak…… byurrrrr…. ” panggunge ambles penontone pada kecemplung kali kabeh…. ana sing lagi nggawa cah cilik jan melasi pisan… ckckckckc
Untunge inyong nontone njagong nang kulon tukang Kenong sebelah kulon, karo ngemil sriping gedang sing tek gawa sekang ngumah, njagong leyeh-leyeh nonton Dalang sing favorite inyong kawit ganu…. dadi inyong ra melu kecemplung…. huahahaha…. Pengamaman paling seru…. jere ngemben arep tampil maning nang sumbang tapi tanggale inyong ra ngerti…
O ya delamaning tulih ana kasete sing judule “Gareng Kecalan Uril”. Urung pada duwe koleksine mbok, tungu bae ya inyong wis ulih nomere tukang soting sing wingi nyoting nang kana… seminggu ndean wis dadi. mengko nek wis dadi sukur inyong bisa tuku kasete mengko tek sharing… pada penasaran mbok crita “Gareng Kecalan Uril”…. Rame banget lho critae…
NYUWUN PANGAPUNTEN MAS PRABU, KULO NEMBE MATUR DUMATENG PANJENENGAN BILIH KULO SAMPUN KATHAH MUNDUT MP3 WAYANG WONTEN MRIKI. KULO SAMPUN TEPANG KALAYAN MAS ARIS SAMUDRIANTO ( MAS PATIKRAJA ). KAGEM PORO SEDEREK INGKANG SAMI SUSAH DOWNLOAD UTAWI LEMOT MUNAWI NGUNDUH, COBI NGANGGE TELKOM FLASH PAKET FUN NIGHT UNLIMITED. KULO SAMPUN NYOBI NGANTOS KIRANG LANGKUNG 100KB/S CEPETIPUN. NAMUNG KEDAH BEGADANGAN. PAKET MENIKO UGI KANGGE UPLOAD. MATURNUWUN………………….MAS PRABU. SUKSES DAN JAYA SELALU……………………………
Nyong senenge ora eram, lha nang desa inyong, Majenang lan cilacap kaset dalang gino wis ra ana. Rekaman VCD ne suwarane mbah Gino biasane njiyote sekang njaba ora kang Mixer dadi kurang maen, mbyen mbah Gino pancen nate Ngendika nek sin padha Shooting wayangane mbah Gino kuwe ra tau ijin lan ngewi hasil rekamane.
mulane mbah Gino rekaman VCD ne mesti kurang maen nek di banding ki dalang Alip Suwarjono, nah ngemeng ngemeng jane mbah Gino ora kawratan nek di siarna kaset lan VCD ne wong panjenengane nate ngendika pas dopokan karo inyong lan Mas Kukuh, ya sing penting ijin baelah wong panjenengane ya dudhu wong medhit koh.
mula kuwe kangmas Bawor karo Kangmas Patikrajadewaku sing dadi kontributor utama rekamane mbah Gino, mayuh diunggah lakon lakon mau, nyatane mbah Gino ra ulih royalty skang perusahaan rekaman lan Radio sing nyiarna kasete yang ra nesu. Jan tektunggu kakange, terutama lakon Waderbang sisik kencanane mas Tohirin karo Gatutkaca kembar limane diuploadlah mas. melaaasss!
nek dalang Jono aku duwe lakon madan akeh tur formate wis MP3 : Gondomono Luweng, Jumenengan Parikesit, Gatutkaca Sungging, Togog mantu, Kancingan Senapati …ya nek ana sing kersa ngupload mangga nggone gubugane inyong. nek madan kangelan aring Cilacap jajal aring gone Panjenengane Bp. Toto aku ya wis atu ngopykna panjenengane kanggo disiarna nag Radio2 Jakarta. Mas Prabu monggo diterasaken anggenipun panjenengan nguri uri kagungan jawi. nyoto lamun seniki katah lare nem neman ingkang milai remen malih kaliyan Wayang Kulit.nuwun
Ass…
matur nuwun, mas.., sampun dangu kulo padosi file file wayang eh mampir wonten mriki jebule akeh koleksine dalang gino, sepindah malih matur nuwun…ngapurane kula nggih sampun download teng file ngriki kangge sangu turu nek ndalu………….
Wasalam
Sing marakena Inyong seneng karo Dalang gino kuwe suarane. Wayang siji karo lia-liane bisa dibedakena. Senajan kur krungu suarane tok inyong bisa ngerti kae suarane Prabu kresna utawa suarane Wisanggeni utawane maning Basukarno… senajan suara ketelu tokoh mau meh mirip tapine nek dalang gino sing moni gampang pisan dibedakena. Alur ceritane senajan akehe lakon carangan tapine ya dinikmati kaya dene lagi nonton film. awal ahire jelas… kuwe mau pendapate inyong ya… aja pada protes…. wong inyong kiye perkara wayang “sangat” Ginoisme hehehe…
kang,jajal kue lakon lakon seri bratayuda jjaya binangun tlg di upload,,kue jan rame ya tur nlangsani,gendingane jga marem di rungukena,dalang liane ora kanggo laghh,,SALAM GINOISME
Ala Kang Warto apa ketinggalan ya. Wong kiye wis ana patang lakon seri Baratayuda sing wis di-posting koh. Mung kari telung lakon maning sing durung diunggah senajana sing durung diposting wis munggah neng net kabeh. Tapine nganti sekiye esih ketinggalan durung ketemu rong lakon maning.
jan kang mas prabu,,enggane aku sing dadi presiden thun 2014,,ki dalang Gino tek dadekna dalang panutan kebudayaan nsional,,lan alamat WAYANG PRABU tek lantik dadi situs resmi kebudayaan indonesia,,gara2 sering ngrungukna alur cerita lan tutur bahasane dalang Gino,,aku dadi bisa mahami arti lan maknane urip,,satu manfaat yg bisa ku petik dari dalang Gino adalah,,SAPA NANDUR BAKALE NGUNDUH,,SAPA MOTANGAKE BAKAL NAMPI SAURAN,,SAPA UTANG KUDU MBALEKAKE,,nang dalang liane ujarku isine mung guyonan tok ora genah artine guli mayang,,gendingane ya di rungukna sepet,,lha nek Dalang Gino ya,,amung krungu suara KECREK e lan Panjake thok beh wis SENGER NGGEGIRISI,,LEWIH2 NEK NGRUNGUKNA ALUR CERITANE jan,,kaya melu ngrasakena ceritane,,
Pancen nyata enak nang kuping. Nyong wiwit tahun 1972 nganti seprene ya esih terus seneng muter kaset dalang Gino, Ora bosen. Swarane suluk enak, olah critane runtut, wis ora ana sing marahi gela. Muga2.bae ana sing bisa nerusake nguri0uri wayang gagrak banyumasan, syukur bage persis kaya pak dalang Gino.
Huahahaha… inyong metu maning kiye… arep cerita. Nalika dina ahad kepengker inyong mlaku-mlaku nang gor puraketa (purwokerto) ngancani bojone tuku katok kolor go anake inyong sing mbarepe. Nang kana tolih akeh ya… huakakaka… karo ngenteni bojone milih-milih katok kolor mau inyong celingukan ngalor ngidul ora nggenah. Lhaa… bareng mripate inyong nylinguk maring sisi kulon ana bakul kaset akeeh ra lumrah dadi inyong ndeleng-ndeleng mbok menawane ana kaset vcd wayangan sing dadi kesenengane inyong… basa kaya kuwe temenan ana kaset Dalang Ki Sugino Siswocarito sing judule “CANTRIK JANALUKO” terus ana maning inyong maca “DUMADINING TAMAN S***I” terus “PETRUK GUGAT” terus BABAD WONOMARTO” lan lia-liane.. inyong janjane kepengin tuku
inyong takon regane mung 45ewuan sejudul… ning ya kuwe duwite arep go tuku katok kolor nang bojone ditambah maning bojone inyong anu ora seneng karo wayangan ya uwis angger ngerti rep go tuku sing kaya kuwean jelase ora olih ya… lah jan pancen ana baen koh… dadi ya uwis ora sida. tekade ana dina liane ikih… jian-jiant…
Kalem ae mas tohirin, mengko nek ana rejeki pastine kabeh isa dituku, klebu sing dodolan nek perlu dituku he he he … Tak dongake sing lancar lan akeh rejekine …
Inyong dewe nate kaya ngono … ning kabeh ki kudu ana prioritase … Mosok njenengan tega anake ra katokan ta …
He he he …
nuwun sewu dumateng pak prabu , menapa kula angsal nyuwun mp3 ne mbah gino ingkang pepek , soale menawi download kadang 2 file wonten sing mpun rusak lan kadang 2 ngangge pasword . lan menawi ajeng teng warnet mboten wonten wektu sekolaeh wangsule jam sonten terus . matur suwun
Informasi untuk penggemar ki Sugino Siswocarito, PPW sudah dipinjami kaset dari radio Mutiara AM Bandung untuk diconvert 4 lakon antara lain, Gatutkaca Rangsang, Petruk Idu Geni, Gareng Larung dan Siluman Nagaputih, mudah-mudahan kasetnya tidak lama lagi segera sampai ke ndaleme Mas Patikrajadewaku. dan selain lakon-lakon tersebut sebetulnya masih banyak yang harus dikumpulkan dari gudang Radio Mutiara Bandung karena keadaannya yang sangat berantakan dan harus dukumpulkan sendiri.
Terima kasih
jane nyong kepengin ngrungokna wayang dalang Taram sekang Kroya,lakone kaya ciung wanara,sumantri ngenger,gatutkoco popo dll.jan maen pisan koh, apamaning suara bawore…sedulur2 ana sing duwe kasete ora?
inyong ana rekamane dalang Taram, lakone babat alas mertani, ningen inyong ora teyeng upload, angger kersa ya kiye. lakon liyane ya ana sekang dalang gino, Anoman obong
Saya sudah konvert kaset 1 – 7 Anoman Obong KI Sugino dan siap diupload. Sayang kurang yang kaset no 8. kalau Mas Amin tidak keberatan biara saya pinjam yang kaset 8. Bolehkah?
asalamu’alaikum wr.wb
salam kenal mas prabu, saya umron subehi asli majenang cilacap tapi besar di rantau, saya ucapkan terima kasih atas free downloadnya wayang dalang gino sehingga saya yang jauh di papua (irian jaya) dapat mendengarkan dalang kegemaran saya makasih…makasih…….makasih
wasalam
ki sugino bukan saja dalang senior beliau karismatik dan bebas politik bersahaja dan memiliki kemampuan sastra yang sangat tinggi. Sampai kapanun kisugino nda akan ada yang mampu mengantikan baik itu gandik yakut cucunya, setiap lakon yang beliau bawakan tak akan mampu ditiru siapapun.salam katur eyang gino mugi tansah sehat lan panjang umur.>>>>>>>> maaf mas pakai basa indonesia
assalamu’laikum…matur nuwun..sedurunge go pak maspatikrajadewaku sing wis akeh banget ngunggah dalang gino..maaf uga…aku uga ora bisa basa..bisane baworan kya kiye…gari rong lakon sing urung rampung..bawor dadi ratu kro kresna duta ketone mandan ra genah tpi ya ra dadi apa..ramaku ya ngode nang bekasi..kayuringin prumnas loro..
Angger ngomongna bab kewasisane pak Gino anggone ndalang, jan kayane urung ana sing madani. Kabeh lakon gagrag BMS sing dipasang Mas Patik/Mas Prabu wis tak donload lan tak rungokna kabeh, ning rumangsaku kok ya esih nunggu2 terus mbok menawa ana lakon liyane rasane. Senajan ana perangan2 file sing kudu tek otak-atik disit supaya keprungu lewih nyaman.
Para sedulur,…. bilih kagungan lakon Laire Gatot Kaca Saking dalaang Gino,.. tulung ya,,.. iyong diparingi. Terus kapan anoman obonge arep diunggah kayane sejak tanggal 17 januari sampai saiki ko urung ana sing diunggah maning. Mugi-mugi rahayu kaggo sedulure iyong kabeh. Matur Nuwun,…
matur nuwun kula saged ngunduh kasete dalng gino wong teng makassar mboten nate mirengaken siaran rekaman ringgit purwa banyumasan kesuwun sanget nggih pak prabu saged ngge hiburan jan nyamleng
lam kenal,sdulur kabeh ing penggemar wayang…khususipun kangge mas prabu maturnuwun lan nyuwun izin donlot…
kepripun carane donlot teng mediafire sing di password…nyuwun pencerahan
maturnuwun.
mas suyanto says, kayane nek ana sing nyuwun pasword, biasane ana nang coment2 ngisore jajal mas….hehehhe
aku skalian rep taken ingkang kagungan.
Salya gugur mboten enten file e nggih….napa pripun ?…
matur nuwun….
gan, sing kresna duta, mulai no 1, menit awal audione stereo apik, trusipun mboten sae nggih….??….nyuwun ngapunten, jaan cilik swarane adoh….
mpun kula cobi ulang2 ngunduh mbok salah ngunduh tpi ttp kdos niku….
lakon bawor dadi guru (in stereo) dalang gino,suarane mantep tenan.
tapi ana sing di passwod durung bisa di donlot….
nyuwun pencerahaan master-master …..
asalamu’alaikum, sebelumnya mohon maaf mas prabu kenapa banyak file uploadnya yang sudah ga bisa d download untuk dalang ki Sugino Siswocarito, seperti Laire Wisanggeni, Suyudana Gugur dll, kalau bisa saya mohon untuk di upload ulang terima kasih… wasalam (umron) dari jayapura Papua
Kang bawor asllamuallaikkum.. Kang nyuwun tulung lah keprimen ky carane arep ngunduh neng situs jean rasane angel bgt yah… Jane inyong ky seneng bangett loh karo dalang gino.. Tpi sayang yagh siki ws seda…tpi ya ora papa sih jenenge bae ws takdir yah cmn kuw aku pengin bgt kepngin ngoleksi mp3 dalang gino kuwe carane primen yh tulung lah nyuwn tulung di tidokena carane olieh ngunduh mp3 ne yah kesuwun bgt kyh kang …wasslm slamet kodokan wangon
petruk gugatnya ko ngilang kemana ya? di cari2 ga ketemu tlg dengerinnya belum selesai je.
___
Petruk gugat yang mana ya ?
Petruk gugat diganti judulnya dengan Petruk Edan No.60 (Petruk naggih janji kalawan Parbu Sri Batara Kresna – Kresnawati)
mas, nek ono lakon ” sumantri ngenger ” tlg di upload yo.
matur nuwun
___
Nggih insya allah menawi wonten
matur nuwun
di tunggu judul2 liane…sing kiye wis tok download. kesuwun
____
Siip mas warno
ditenggo nggih ..
Matufr nuwun mas, mp3 peyang penjole, kena nggo tamba kangen karo ndesa.
____
Sami-sami
Mas Budi, lakon2 dalang Gino wis tek unduh kabeh, saben wengi wayangan pokoke. tek tenggo lakon liane. matur suwun.
Kang prabu, menawi wonten gendhing2 banyumasan mp3,
saget dipun share nggih, kulo tenggo loo, matur suwun sak derenge.
Assalamu’allaikum….kepanggih malih kalih kulo”Bawor Samhan” niki enten 2 lakon wisanggeni gugat lan Bawor dadi guru ” http://www.4shared.com/dir/13743782/a49ccea5/sharing.html “…………petruk gugatnya sekalian…
salam kenal kagem sedaya kemawon khususipun sing asli saking purwonegoro,Banjarnegara…..
dedenmalik@yahoo.com….maturnuwun mas Prabu…..
wassalam
Kang karsiman
urung bisa di download…
lakon wisanggenine
salam kenal
inyong kang merden asline
akhirnya…….aku nemu lakon babat alas mertani.
maturnuwun mas……segera tek unduh.
___
Monggo
matur nuwun
mas Prabu matur suwun ya
lakone nambah maning kiye
tapi di download madan lambat ya mas
biasane cepet koh, kira2 apane ya ?
___
Yen pengin cepet lan gampang, account-ne di upgrade Kang …
ning kudu mbayar :)
ra mahal kok ….
Mas Warno kenal karo pak Karsum apa ora,inyong karanganyar winong
kiye ana lakon liyane tapi sing sabar ya…….esih kang dalang Gino
Kang karsiman
inyong wong merden gligir.
pak karsum kayane madan tau krungu gemien.
panjenengan kenal kalih kaki ratim / hartono supir.
sekang mandiraja jurusan pasar jambu. gemien.
kulo nyewu lakon SEMAR MBANGUN KAYANGAN SAKING KI Sugino, kulo gunteni mboten kepanggih, nopo mboten wonten.
Nyong ana lakon semar mbangun kayangan nang umah bentuke vcd…
matur nuwu kang petruk gugate…..
kang aku njaluk lakon “togog mantu”sekang ki sugino .tak tunggu ya kang…..
Mas mbok menawi wonten lakon sudamala versi dalang Ki Sugino Siswocarito tulung dipun uplaod. Suwun.
kulo nyuwun lakon sing paling anyar sekang dalang gino. matur nuwun ya…
Dek, inyong arep ngunduh lakon Windu Wulan koh muncule the file that you requisted is not valid alias file-e wis ora valid maning ya?
Karepe inyong sih arep nostalgia nalikane inyong esih cilik kira kira tahun sewidakan, lagi esih neng Patikraja, pas neng ngarepe umahku ana juragan kayu arane Pak Mahroji (almarhum) sing seneng tuku perangkat elektronik paling anyar wektu semono.
Wektu kuwe peralatan sing lagi “in” kaset rekorder sing esih nganggo reel gede gede , Pak Mahroji ya tuku, percobaan sepisan, ngrekam pentas dalang Gino.
Jan sing ngrungokaken hasile rekaman gemruduk pada teka, termasuk dalang Gino dhewek. Pak Gino angger ngrungokena banyolane dhewek ya melu ngguyu, pokoke gayeng banget. Angger ora salah wektu kuwe lakone Wahyu Windu Wulan. Terus lakon Wringin Seto Woh Jumerut.
Pokoke pas Pak Gino esih nembe mulai ndhalang
Ya sekang mulai wektu kuwe Pak Gino ora alergi sing jenenge rekaman, ndean sih merga sekang kuwe Pak Gino bisa kawentar merga ngango teknologi sing bisa njembarena tebane kebisane ndalang, kejaba anggone bakat alam. Sekang critane Bu Lik-ku sing neng Notog, sekang esih cilik Pak Gino cilik wis keton bakate mayang nganggo godong klewih lan liya liyane.
Dhek Prabu, inyong njaluk diuripena lah, file lakon Windu Wulane Ya . . . (ngarep mode ON) :)
___
Monggo kangmas
Lakon puniko sumbangan saking Kangmas Bawor Samhan. Kadosipun folderipun sampun dipun “remove”, nanging sampun kulo link-aken per file kemawon.
Matur nuwun sampun mampir wonten ing mriki, nyuwun sewu menawi basa Banyumasan kulo mboten saget. Paling namung saget inyong, rika, ora ngapak-ngapak :)
Benten nggih kaliyan Mbah Nartosabdho ingkang Banyumasanipun ndlidir.
Sakleresipun awal bulan juli liburan anak-anak kala wingi kulo mampir teng Purwokerto 2 dinten. Nginep wonten ing Baturaden lan Sokaraja. Nanging kulo mboten sempat madosi kaset/cd wayang. Insya allah menawi wonten wekdal malih.
Sepindah malih, matur nuwun kawigatosanipun
Kripik karo gethuk goreng olih-olihe esih apa ora? :)
Saya juga ora ketang telu apa patang wulan sepisan ya bali maring nganah, senajan wong tuwa wis pada almarhum, tapi anakku loro-lorone pada kuliah neng Unsud, ngiras kanggo “keeping in touch” terhadap suasanane bapane gemiyen urip neng ndesa.
Minangka sesulih, suk kapan aku mulih mrana, Yayi Prabu tak oleh olehi “serba banyumasan”
By the way, The Wahyu Windu Wulan (WWW) file is still can’t be down loaded, the status is still the same as previous.
How come?
____
Garwo lan anak-anak kulo remenipun soto Sokaraja lan mendoan, menawi kripik lan getuk goreng radi mboten remen :)
Perkawis WWW, mosok mboten saget to kangmas
monggo ditingali malih wonten ing ngandap posting
____
Update tanggal 21 Juli 2009
Mungkin karena folder sudah dirubah sama Mas Bawor, maka dilihat link per filenya saja ya :
1. Wahyu Windu Wulan 1
2. Wahyu Windu Wulan 2
3. Wahyu Windu Wulan 3
4. Wahyu Windu Wulan 4
5. Wahyu Windu Wulan 5
6. Wahyu Windu Wulan 6
7. Wahyu Windu Wulan 7
8. Wahyu Windu Wulan 8
Matur Nuwun
Janipun wonten ugi konco ingkang manggen wonten ing mriko, insya allah mangke nggih kulo titipi mawon perkawis oleh-oleh serba banyumasan ….
Nanging umpami kulo diparingi hanggih mboten nolak :)
Matur nuwun
Ladhalah !!, instant tenan, bareng wis tekan ngomah link-nya dah muncul. :)
Besok langsung tak unduh di kantor yang signalnya joss.
Maklum di rumah signal dapat gratisan dari lumebere punjering panas (baca: hot spot) dari pasar gede (baca: Mall) iring wismaku, :) so kalau intermittent dikit aja ngundhuhe mesti ngulang. :(
Matur nuwun yayi Prabu.
____
:) sanes sim salabim lho kang mas
lha wong wonten ing mriku tertulis update tgl 21 juli je …
mungkin waktu itu blum melihat bawahnya …
menawi bab undhuh mengundhuh kathah margi utawi caranipun
saget ngangge download manager, langsung save as, nggangge addons browser deelel
memang semuanya masih bergantung kepada kecepatan dan kestabilan akses internetnya
btw memang akses di kita masih trgolong belum broadband meskipun judulnya berkata begitu
nanging nikmati kemawon :)
matur nuwun
Wahhh … matur suwun sanget … kulo pun unduh …. sanget gumbiraning manah kulo.
Mbok menawi saged dipun Up Load … serial Bharatayudha nipun …. langkung mak Nyusss ….
matus nuwun
___
Insya allah menawi wonten tentu akan disharing
Matur nuwun
wahh..aku wis nguduh kabeh lakon sing di upload nang mas prabu, nek ana maning aku iki wong banyumas dadi tambahi maning lakon sing apik dalange ki sugino yahhhhhhhhhh,,,,,,,,,,,,,,matur nuwun aku bisa wayangan maning……………………
kang kalo bisa minta itu lo lakon Gatotkaca edan, nuhun
_____
Wah dereng gadhah mas lakonipun
mugi mangke wonten
matur nuwun
Inggih mas Prabu kula ndukung mas Nur Hidayat, menawi wonten lakon Gatutkaca Edan : kula kengetan riyin wekdal kula SMP (menawi boten klintu) ki Sugino nate dipun tanggap wonten sebelah ler lapangan Rancabanteng ds. Kalapagading, Kec. Wangon. Gatutkaca Edan ….. Gatutkaca Edan omahe emplek-emplekan …….., kula yen nonton ngantos tancep kayon lho mas. Matur nuwun.
Nah niku masalahipun …
Kontributor sakmeniko nembe kathah ingkang dalang yogya solo
Banyumasan dereng kathah …
Mugi samangke saget nambah koleksinipun lan ingkang dipun kersakaken sagen kaleksanan
nuwun
Aku wis setor gatot koco edan maring mas patikraja. dalam proses convert. tunggu tanggal mainnya…
waduh jan…matur nuwun banget…kiye wayange. aku ng malesia wis mesen sewulan lewih kon ngirim be ora gutul2.
jan kangen temenanan,kadung prustasi gramak2 nemu web e rika….
ndonlude be nganti sewengi suntuk mbene olih sa CD. ben mandan cepet lah di kapakna…
ujarku internete nggo donlud liane banter kooo. tp kesuwun pakk…
dalang gino ne
____
Lho ning malesia rak ono wayang to …
kudune akses internet neng kono luwih cepet to :)
wis ra ngapak-ngapak … le penting salam kenal bae yo
nuwun
lakon liyane ana maning ora yah/
wis tek donl;ot kabeh
suwun ya/
dai kemutan lagi sepit nanggap dalang gino
mas, wonten lakon gareng larung mboten, nuwun.
____
dereng mas
kang nek ana lako semar gugat kayane naymleng,,,,,
_____
Ho oohh …
neng durung ono je …
sopo sing arep nyumbang ?
salam
saya anak asli mandiraja, saya pingin tahu babad mandiraja, apa bapa bisa bantu. apa bapa ada saran, saya harus nyari kemana. terimakasih
Assalamualaikum wrh,wb,,,, sederenge kulu ngaturaken sugeng Riyadi kalian mas prabu minal adzin wal fa idzin,,,, kulo sing asline saking kroya,,, matur nuwun sanget,,, wondene kula saged merengaken kesenian2 banyumasan ingkang dipun aploud deneing mas prabu,, mugi-mugi tambah akeh penggemare,,, nuwun,,
wassalam,,,,
saking putra koroya,,,,
Siip tenan! matur nuwun mas! Wayang kulit dalange mah Gino ! wah mesti rame ! dugi seniki mawon ( uswa 72 th) penonton beliau sangat banyak! jaan pokoke masalah penonton mboten kalah kalih penontone mas Entus! tur penontone mbah Gino anteng dugi Enjang! sabet mungkin mpun kalah kalih sing nem2 nanging kharisma mboten wonten sing ngalahaken panjenengane!
kulo merasa terbantu saged ngunduh lakon2 mbah gino punya! awit senajan kulo tiyang cilacap ning kulo blajare ndalang teng semarang! mula kulo kedah kathah wawasan lan bab gecul banyumasan! niku sing kulo pendhet saking lakon2 mbah Gino ! matur nuwun! eh nek wonten niki lho! lakon2 wayang kulitbanyumasane alm. ki haji Alip Suwarjono saking Kesugihan Cilacap mbok dipun upload! nku dalang Favorit kulo! nuwun!
Mas Prabu punya link kan ke radio2 jawa..biasanya banyak lakon2 dalang gino…coba aja mas…
ma’af merepotkan ini…sekedar saran mas
matur suwun…
wayangprabu is the best.
wonten kados niki jujur mawon kulo dados ngertos soal wayang,ceritane nggih sae2,nopo malih pak Gino seneng kaliyan lagu2 banyumasan,pokoke tambah siiiiiiiiiiiiippppp
salam kenal mas prabu,,,saya pernah ndengarkan wayang di RRI jogja lakon srenggini takon bapa oleh ki sugino tapi belum kelar. mungkin mas prabu punya MP3 atau VIDEOnya paling tidak sinopsis ceritana bagaimana? maturnuwun mas…
ALHAMDULILLAH, akhire ketemu situs sing tek goleti kawit gemiyen. langka-langka wong sing esih peduli warisan luhur budaya wayang kaya njenengan. maturnuwun
deneng urang ana tambahane ya kang,,,,,, nek ana mp3 dalang suwarjono swargi saking cilacap,,, kayane lewih gandem lhoo,,,,,
kang nek wonten ingkang Lakon Kikis Tunggurono – Ki Sugino, tulung di upload…suwun.
Assalamualikum wr,wb,,, kang nek aku olih usul y,,,,blog kiye ana singgo catingan,,, kusus wong banyumas,,,,,
wah jan gayeng .. tenan mas .. tursuwun wayang dalang ki hadi sugito pun kulo download sedanten .. menawi wonten .. lakon sanese mas saking ki hadi sugito.. kados .. janaka catur, ontoseno ngransang, lan sanese mas.. tursuwun..
mas wonten lakon karno tanding mboten dalang ki sugino siswocarito?
nuwun.
Assalamu’allaikum….kepanggih malih kalih kulo”Bawor Samhan” niki enten 2 lakon Srikandi mbarang lengger kalih Togog mendem dalang taksih Ki Sugino Siswo Carito….kangge nambah koleksi…
niki link ipun http://www.4shared.com/dir/27789922/846025b0/sharing.html…..salam kenal kangge sedoyo kemawon…jendralhati@yahoo.co.id
Matur nuwun mas Bawor Samhan
tambah maning koleksine dalang Gino
langsung bae nyong wara-wara yo ke para penggemar
nyuwun sewu mas prabu,nderek ngunduh wayange pak Gino..
kanggo mas Bawor Samhan,dienteni maning lakon liyane kang dalang Gino…nduwe “Bawor Dadi Ratu” ra kang?
___
Monggo Mas Arya …
Mas Bawor pancen sing nyumbang akeh ning dalange Gino
ditunggu koleksine liyo yo
Ning luwih apik malih nek ana dalang liyane
he he he … gari ngomong gampang yo
nuwun
kang aku njaluk seri brata yusda sing lakone ngastina mbangun jaya.aku arep takon nek donload sing cepet kepriwe carane kesuwun
___
Nek lakon kuwi durung ana je …
Nek download paling cepet sakjane ana carane yaiku koneksi kudu cepet lan tuku bandwidth ning 4shared
Tapi yang free juga lumayan cepet kok … memang kalau yg beli jauh lebih cepet
nuwun
kula nuwun aku wong anyar kie, salam kenal kabeh sedulur sing nang jakarta kabeh aku asli binangun kawunganten cilacap priwe kabare ?…
___
Salam kenal Mas sartim
Kang ! dalang Ginone lakon sing lawas lawas maning
___
siip lah mengko nek iso nemu atau nek ana sing nyumbang pasti disharing
insya allah
nuwun
Mas Bawor, sampeyan wis tau ngerti rekaman Ki Dalang Sugito Purbocarito ? Nek tau ngerti utawane tau menangi rekamane Ki Sugito, jajal di-upload neng kene ya. Inyong tau krungu sekang kanca, jere ana rekamane Dalang Gito ,ana 2 lakon. Sing inyong tau krungu lakon “TOPENG WAJA”, sijine klalen !
Pancen, dalang Gito kuwe kawit gemiyen ora tau gelem rekaman, alesane (?) mbok menawa ngurangi “PY”-ne ! Tapi ya embuh ding, inyong ora paham banget alesan sing kaya kuwe.
Jajal mbok sampeyan duwe kanca neng tlatah Banyumas sing esih duwe benahan rekaman dalang Gito. Maksud inyong njaluk tulung kuwe supayane koleksi dalang Banyumas dadi luwih komplit, aja mung anane sing “Rupa candra sasi nabiiii…oooo, ana lintang tiba sore !”
Jane, gemiyen tlatah Banjar ya akeh dalang gagrak Banyumas sing apik tur variatif, ora seragam siji lan sijine ! Kaya Ki Dalang Sungin (Mandiraja). Nek mengulon semending maring Somagede ana Ki Suyud (Ipene Ki Gito), terus mengalor maring Kalimanah ana Ki Waryan (nek Ki Surono sih ora usah nguyahi !). Tapi ya kuwe, jaman semono durung ana teknologi rekaman dadi ora bisa nonton tinggalane para dalang mau.
Semene dhisit ya Kang. Salam taklim nggo sedulur pandemen Wayang neng tlatah Banyumas.
Klilan ! Matur Nuwun !
Ass…
matur nuwun, mas.., sampun dangu kulo pados, file file wayang eh mampir wonten mriki jebule akeh koleksine dalang gino, sepindah malih matur nuwun…
Wasalam
___
Nggih sami-sami matur nuwun sampun kepareng pinarak
Ass. Wr. Wb..
matur nuwun sanget mas koleksi lakon2 wayang kulit saking ki dalang GINO (favorite)….
Nyuwun sewu mas bade takon, nopo leres nek ki dalang Jono niku empun sedo??? soale kulo sampun dangu manggen teng BOGOR….
Wassalam,
aslm, maturnuwun ya mas, aku wis download wayange, nopo enten malih baratayuda nipun? kesuwun nggih mas, salam banyumasan, kulo wong ijo jatijajar
mas prabu, salam kenal ya aku bagyo sekang rawalo… aku njaluk no.hp/tilpun njenengan ana mbok? kirim via email bae ya suwun, trus siji maning, nek kepengin ulih informasi pagelaran wayang maring ngendi/sapa ya. matur suwun ya
Sampun wonten ing database milis
Menawi informasi pagelaran wayang, biasane para pecinta kasih kabar
Nuwun
Mas Prabu, nyuwun tulung lah. Mbok menawi kagungan gatotkaca kembar lima nggene dalang gino. Kalih sisan petruk idu geni.
Suwun mas..
Nyuwun sewu dereng wonten lakon punika saking gino
mbok menawi wonten ingkang kagungan ?
nuwun
Pakdhe Gino itu dalang nomor satu di banyumas, beliau itu pernah memainkan lakon ramayana namun, kaset-kaset album pentas wayang kulit seri ramayana banyak yang belum terjual karena para pecinta wayang kulit banyumasan lebih suka cerita karangan yang berdasarkan mahabharata saja.
jadinya album seri ramayana kuranng laku dipasaran.
itu informasi yang saya dapatkan dari toko-toko kaset disekitar pusat perbelanjaan dikota slawi.
ana sing due lakon sumantri ngenger ora?? tapi tetep dalang gino
assalam wr.wb.
mas prabu menawi wonten tulung di share koleksi saking ki sigit suwarjono putro alm.saderenge matur nembah nuwun
Nggih insya allah menawi wonten …
Masalahipun Banyumas, purwokerta tebih saking griya lan sasaran mudik je mas …
Dados menawi kula piyambak radi kawratan
mbok menawi wonten ingkang sampun gadhah …
nuwun
Matur nuwun sanget buat wayangprabu atas koleksi Dhalang Gino-nya. Sayang… boten stereo jan…
ngapunten mas prabu, mbok menawi panjenengan gadeh rencang ing tlatah cilacap cobi dipun padosi.
soale kulo remen sanget kalian lakon2 saking ki dalang sigit suwarjono putro suwargi. menawi kulo wangsul teng cilacap kados mboten kepikiran nggolet kasetipun.
saderenge ngapunten mas prabu lan matur sembah nuwun
sigit suwarjono apa putrane alip suwarjono ( dalang jono)?
kapan wayang banyumasan tampil nang Jabotabek ? Njaluk kabare kang
ana sing anyar maning urung,,,?
Durung ana kiye
durung ana sing setor maning ….
ditunggu bae yo …
nak ana lakone seri brata yuda pak
nak ana nggih
nuwun
Kye ana lakon siji maning kang dalang Gino lakon Dasamuka Gugur….http://www.4shared.com/dir/rRtzqgwJ/Dasamuka_Gugur_-_Ki_Sugino_SC.html…..karo wayang golek sunda dalang Asep SS lakon Sanghiayang Ajar Sakti…http://www.4shared.com/dir/bFKEgWhb/Sanghiang_Ajar_Sakti_-_Ki_Asep.html……lha angger garep midanget radio streaming Radio Samhan…link diperbaharuin….insyaAlloh ngejreng….http://www.radiosamhan.com/
Matur nuwun Kang Bawor sharingipun
Mangke langsung kula infokan ke posting
nuwun
nyuwun lakon saking Ki Sugino Siswocarito sing judul “Nakulo Sadewo gugat”
kula nuwun,nepangaken kula niki tiyang sokarja,jeneng asli kula priyono.kula bade matur kesuwun kalih penjenengane Mas Bawor lan kaki Prabu.kula setunggalipun tiyang ingkan ndownload i lakon wayang teng inggil nika.seniki kula nyuwun ijin bade ndownload Dasamuka gugur.matur nuwun
Tambah koleksi lagi dari dalang Djono @http://www.4shared.com/dir/lAd6MW3i/Durna_Balelo_-_Ki_Djono.html dan http://www.4shared.com/dir/xbfcg25G/Gendreh_Kencana_-_Jono.html……
Siaaap …
Langsung diluncurkan
Nuwun Kang
Matur nuwun Mas Prabu lan Kang Bawor Samhan, kulo saking Wangon Banyumas ingkang jeneng Supriyanto penggemar dalang Gino, kulo tenggo lakon Semar Mantu lan lakon-lakon sanesipun saking dalang Gino.
Salam paseserekan kang supri
matur nuwun kunjunganipun
Ass..w..w..
Tepangaken mas, go nambah peseduluran, kula jeneng kamsidi, asli kertayasa ngebak, mandiraja, aku melu donlot ya mas! matr nwn.
Waslm
Nggih monggo …
sugeng pitepangan …
Kenging napa nek seputaran cilacap, banyumas, purwekerto kathah daerah nggangge jeneng …raja ?
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nderek tepang Mas, ngggo nambah peseduluran, kula Rasikun, asli saking Baturraden, kulo nunut donlot angsal nopo mboten Mas?
Matur Nuwun
Wasalam….
waaah…. nek moco komentar neng nduwur iki… koyo urip neng ndeso…..
tepangaken… kulo Mujiono saking wewengkon Madiun – Jawa Timur.
Suwun…….
kang nek wonten ingkang Lakon antasena takon rama kalian togog mantu, tulung di upload…suwun.
Insya allah kalau ada tentu di sharing
nuwun
mp3 Ki Purbo Asmoro blm ada kang Prabu…?
Koleksi dalang ki sugino siswocarito nang umahku:
1. Petruk Kembar
2. Gareng Dadi Ratu
3. Semar Walik
4. Wisanggeni Gugat
5. Brojomusti nitis
6. Aji Candrawirayang
7. Srenggini Takon Bapa
8. Druno Gemblung
9. Wisanggeni Kromo
10. Petruk Ilang Petele
11. Bawor Dadi Guru
12. Brotolaras Tundung
13. Srikandi Mbarang Lengger
14. Semar Mbangun Kayangan
Nanging bentuke kaset kabeh. Nek ana sing bisa aweh ngerti carane ngrubah dadi MP3 mengko tek uplod kabeh….
ana maning sing ketinggalan:
15. Gatut koco Edang
16. Antareja mbalelo
aku ugi lagi nggoleti sing judule :
1. Wader bangsisikkencana
2. Kresno Duta
3. Abimanyu Gugur
4. Karno Tanding
lan versi ramayana nek ana sing due di sharing nggih… matur nuwun…
Mas Tohirin, ngenjang kula ajeng mangkat teng Purwakerta, liburan karo tilik bocah. Nek penjenengan kersa, kula ajeng mendhet ngampil kasete, perlune ajeng kula unggah teng Wayang Prabu.
Alamate teng pundi panjenengan nggih?, saged napa mboten angger kula diparingi alamat e-mail utawa nomor telpone? Telepon kula nggih, no kula 08129999332.
Maturnuwun
Klilaaaan
nanging niku kaset tape, sanes cd nopo kinten-kinten saget di upload teng mriki nggih? menawi saget niki e-mail lan FB ne kulo : man25_pwt@yahoo.co.id. sampean ajeng ngampil sing pundi? ampun kabean nggih wong niku ndeke rama mertua kulo sing ngoleksi kawit taun 80 an…
KAGEM MAS TOHIRIN LAMPAHAN, Kresno Duta, Abimanyu Gugur
, Karno Tanding, TUMBAS KEMAWON WONTEN ING TOKO BARES NGAJENG PEKEN PURWAREJA KLAMPOK BANJARNEGARA, SAMPING “MINIMARKET ALFAMART”. PANJENENGAN PIRSA RUMAH SAKIT EMANUEL PREJA…………….? NAMUNG BENTUK KASET TAPE RECORDER SANES CD——VCD———DVD———BLUE RAY-
ouh nggih maturnuwun sanget infone mas suseno… kapan-kapan kula cobi dolan mrika….
seniki teksih mboten pak ?
Pak Tohj-irin,kulo gadhah lampahan Waderbang Sisik kencana,nanging bentuke kaset biasa
mriki ngampil lah… inbox teng FB lah…
pak angsal copy antareja mbalelo ne mboten pak , matur suwun
mas prabu dasamuka gugur no3 sama no5 ga bia di donlot suwun
Assalamualaikum para sedulur sedoyo…
Salam perkenalan,
sy sering berkunjung ke Wayangprabu.com dan sebelumnya ingin meminta ijin untuk mendownload cerita wayang karya Ki Sugino Siswocarito untuk ditayangkan di Radio 99 FM Purbalingga setiap hari Sabtu malam (jam 9 malam hingga selesai).
Atensi masyarakat Purbalingga dan sekitarnya (bahkan frekuensi radio 99 mencapai daerah cilacap dan kebumen) terhadap dalang kharismatik ini sangat antusias sekali termasuk sy sendiri yang notabena’nya bukan berasal dari daerah Banyumas, sy belajar memahami setiap jalan ceritanya dan bahasanya, alhamdulilah sy bs mengerti dan juga dibantu oleh blog-blog terjemahan bahasa Indonesia jika ada yang tidak saya mengerti.
Pernah suatu ketika sy mencoba menyiarkan audio wayang karya non-KSSC, dan ketika itu pula banyak pendengar yang komplain kenapa bukan dalang gino? ucap mereka. Pernah saya tanyakan pula “kenapa anda senang mendengarkan dalang gino? apakah hanya sebagai teman tidur dan sebagainya?” mereka menjawab “saya mas kalau sudah mendengar gending wayang, pasti tidak bisa tidur!!” seketika itu pula sy takjub, betapa berpengaruhnya dalang yang satu ini (KSSC). Sy bersyukur pula teman2 satu kos sy slalu mendengarkan cerita wayang ini sebagai teman mengetik skripsi dan tugas hingga pagi.
Acungan jempol kepada para admin wayangprabu.com terutama kepada kang PRABU dan kang MASPATIKRAJADEWAKU..
Semoga dengan penyiaran audio wayang di radio kami dapat menularkan budaya wayang sampai ke usia muda agar tradisi wayang tidak hilang dan terus mengakar (jangan sampai di klaim negara tetangga..) amiinn..
(ditunggu kang update cerita wayang KSSC yang lainnya)
Wa ‘alaikum salam ww. Mas Okta,
Senang sekali saya bila kami bisa membagi kesenangan bagi banyak saudara-saudara kami khususnya penggemar wayang Banyumasan dan wayang gagrak manapun umumnya.
Sebenarnya setiap saya mudik ke kota asal saya di Purwokerto, saya selalu blusukan mencari bahan bahan yang bisa kami bagi sebagai oleh oleh. Dan terakhir akhirnya dengan kami dipertemukan dengan Mas Tohirin yang memiliki gudang “pemuas dahaga” yang bisa kita nikmati bersama.
Bila Mas Okta berkenan untuk menunjukkan dimana lagi saya dapat memperoleh barang seni yang membuat Anda takjub itu, dengan senang hati kami akan datang menjemputnya. Atau barangkali Anda berkenan untuk berbagi koleksi?
Luar biasa maspatikraja ini… kaset lawas bisa diconvert menjadi audio yang suaranya begitu sempurna… stereo pokoke. Saya ada lakon baru neh judule Cantik jololuko. tapi masih di perjalanan. Dapet sumbangan dari teman. bentuke VCD jere…. mau sharing apa mas? nanti ya kalo udah nyampe saya Upload tapi gmn cara uploadnya ya? atau maspatikraja yang mau upload monggo. Buat MasPrabu maturnuwun sanget sudah menyediakan situs wayangprabu ini…
Nuwun sewu, saya sudah ada VCD itu sekitar 2 tahun lalu. Ragu mau convert ke audio karena ketidak seimbangan tone balance. Sedangkan bila diconvert ke MP4, kecepatan upload di tempat saya sangat terbatas.
Tapi nantilah, kalau sudah selesai kaset yang ada ditangan, akan saya coba share Cantrik Janaloka dan Wahyu Kendaga Intennya KI Sugino.
Mas Okta saya juga sering dengerin 99FM radio Purbalingga terutama setiap malam minggu… saya selalu menunggu diputarnya Dalang Gino… Sya masih punya koleksi Ki Sugino Siswocarito di rumah. kalo mau diputer di 99 FM silahkan main kerumah saya…
Ass. Wr. Wb.
Kang Prabu, lan ugi kakang-kang saking Banyumas kulo paling seneng mirengaken Wayang Kulit dalang saking Banyumas. Mbok menawi wonten ingkang gadah koleksine Ki Dalang Djono…..nyuwun di Share. Matur Nuwun.
Wassalam.
Kang Bawor sampun sharing 2 lakon Dalang Jono
monggo sampun wonten ing mriki
http://wayangprabu.com/category/pagelaran-wayang/ki-suwarjono-pagelaran-wayang/
nuwun
kok dasamuka gugur siki ora bisa di download
mas koh dasamuka gugur ora bisa di unduh kenang apa yah……? sing bisa di unduh mung seri 1,2,4,6 dok liane ora bisa. tulung di terangena kenang apa sih….. matur kesuwun
Malem minggu tanggal 3 Maret 2011 aku bar nonton Ki Sugino Siswocarito Judule Gareng Kecalan Uril… Uih rame banget koh…. saking ramene nganti penontone pada kecemplung kali… ceritane kaya kiya…
Ki Sugino sapa sih sing ra kenal dalang sekang tlatah banyumas…. merga kuwe saben Ki Sugino manggung mesti penontone mbludag dag kawit arep labuh nganti bubar byar esuk-esuk kaya oranana sing bali ninggalna panggung….
Nah…. pada bae karo wingi mbengi… penontone uga mbludag akeh pisan…
Critane sing duwe gawe agi nyepiti anake. nek ra salah anake sing di sepiti jenenge “Dwi Gonggo”. Ngarep umahe kan ana kali sier utawa kali irigasi, ya mandan amba lah sekitar nem meteran ndean kaline… latare wis nggo panggung pentas ning mung pas-pasan, dadi kaline di sogi panggung nggo penonton…. wektu kuwe kotak wayang nembe bae di ketok nang dalange, oraha malah udah gede banget…. ya wis penontone pada kudanen.
Senajan gobyos tapi ra pada bali malah soyo merek maring panggung… bare udah wis terang penonton tambah wengi tambah akeh sing teka…
Nah amergane penontone saking akehe, pada ngumpul kabeh nang pangung sing ngisore kali sier mau. Akhire panggunge ra kuat senadyan ngisore wesi tapi tetap ra kuat nyunggi penonton sing akeh pisan mau… ya wis ijig-ijig moni suara “Kraaaak…… byurrrrr…. ” panggunge ambles penontone pada kecemplung kali kabeh…. ana sing lagi nggawa cah cilik jan melasi pisan… ckckckckc
Untunge inyong nontone njagong nang kulon tukang Kenong sebelah kulon, karo ngemil sriping gedang sing tek gawa sekang ngumah, njagong leyeh-leyeh nonton Dalang sing favorite inyong kawit ganu…. dadi inyong ra melu kecemplung…. huahahaha…. Pengamaman paling seru…. jere ngemben arep tampil maning nang sumbang tapi tanggale inyong ra ngerti…
O ya delamaning tulih ana kasete sing judule “Gareng Kecalan Uril”. Urung pada duwe koleksine mbok, tungu bae ya inyong wis ulih nomere tukang soting sing wingi nyoting nang kana… seminggu ndean wis dadi. mengko nek wis dadi sukur inyong bisa tuku kasete mengko tek sharing… pada penasaran mbok crita “Gareng Kecalan Uril”…. Rame banget lho critae…
malem minggu tanggal 3 April koh dudu maret….
nuwun sewu permisi, mas prabu lan kanca para sutresna wayang dalang Gino, niki kula ngunggah malih (miror) file teng Jumbofiles, mbok bilih wonten ingkang ngersakaken
http://jumbofiles.com/user/br3k3l3/32474/Babad%20Alas%20Mertani
http://jumbofiles.com/user/br3k3l3/33225/Gino%20-%20Aji%20Candrawirayang.
dene lakon sanese kula uplod teng mediafire, menawi pareng mangke tek post teng mriki.
maturnuwun
MOnggo silahkan dibikin mirror sekalian untuk backup dan mempermudah bagi yang ingin DL sesuai keinginan
nuwun
Nek wonten “kikis Tunggurono” mbok di up load…matur nuwun…
matursuwun buat pegelola situs ini dan para pecinta budaya jawa pada umumnya.. nyong seneng bangt bisa due koleksi wAYANG sekang kene… suwun pak…
mas sing ake goleh upload wayang dalang gino, mesti tek download kabeh.. maturnuwun aku wes download kabeh wayang dalang gino sing ana nang nduwur.
mas brabu upload maning sing akeh wayang dalang gino sing fersi lama. maturnuwun aku wis tek download kabeh wayang dalang gino sing nang nduwur.
Nggih dipuntenggo kemawon unggahan saking Maspatikraja
nuwun
injih maturnuwun saderengipun….. mas prabu…..?
NYUWUN PANGAPUNTEN MAS PRABU, KULO NEMBE MATUR DUMATENG PANJENENGAN BILIH KULO SAMPUN KATHAH MUNDUT MP3 WAYANG WONTEN MRIKI. KULO SAMPUN TEPANG KALAYAN MAS ARIS SAMUDRIANTO ( MAS PATIKRAJA ). KAGEM PORO SEDEREK INGKANG SAMI SUSAH DOWNLOAD UTAWI LEMOT MUNAWI NGUNDUH, COBI NGANGGE TELKOM FLASH PAKET FUN NIGHT UNLIMITED. KULO SAMPUN NYOBI NGANTOS KIRANG LANGKUNG 100KB/S CEPETIPUN. NAMUNG KEDAH BEGADANGAN. PAKET MENIKO UGI KANGGE UPLOAD. MATURNUWUN………………….MAS PRABU. SUKSES DAN JAYA SELALU……………………………
niki link wayang Gino ingkang kula reupload malih woten Mediafire :
http://tinypaste.com/28727
Nyong senenge ora eram, lha nang desa inyong, Majenang lan cilacap kaset dalang gino wis ra ana. Rekaman VCD ne suwarane mbah Gino biasane njiyote sekang njaba ora kang Mixer dadi kurang maen, mbyen mbah Gino pancen nate Ngendika nek sin padha Shooting wayangane mbah Gino kuwe ra tau ijin lan ngewi hasil rekamane.
mulane mbah Gino rekaman VCD ne mesti kurang maen nek di banding ki dalang Alip Suwarjono, nah ngemeng ngemeng jane mbah Gino ora kawratan nek di siarna kaset lan VCD ne wong panjenengane nate ngendika pas dopokan karo inyong lan Mas Kukuh, ya sing penting ijin baelah wong panjenengane ya dudhu wong medhit koh.
mula kuwe kangmas Bawor karo Kangmas Patikrajadewaku sing dadi kontributor utama rekamane mbah Gino, mayuh diunggah lakon lakon mau, nyatane mbah Gino ra ulih royalty skang perusahaan rekaman lan Radio sing nyiarna kasete yang ra nesu. Jan tektunggu kakange, terutama lakon Waderbang sisik kencanane mas Tohirin karo Gatutkaca kembar limane diuploadlah mas. melaaasss!
nek dalang Jono aku duwe lakon madan akeh tur formate wis MP3 : Gondomono Luweng, Jumenengan Parikesit, Gatutkaca Sungging, Togog mantu, Kancingan Senapati …ya nek ana sing kersa ngupload mangga nggone gubugane inyong. nek madan kangelan aring Cilacap jajal aring gone Panjenengane Bp. Toto aku ya wis atu ngopykna panjenengane kanggo disiarna nag Radio2 Jakarta. Mas Prabu monggo diterasaken anggenipun panjenengan nguri uri kagungan jawi. nyoto lamun seniki katah lare nem neman ingkang milai remen malih kaliyan Wayang Kulit.nuwun
Ass…
matur nuwun, mas.., sampun dangu kulo padosi file file wayang eh mampir wonten mriki jebule akeh koleksine dalang gino, sepindah malih matur nuwun…ngapurane kula nggih sampun download teng file ngriki kangge sangu turu nek ndalu………….
Wasalam
Mas Prabu…. Tolong tambahi lakon “Brajadenta Mbalela” dalang Gino ya. Dulu direcord oleh HiBa Utama. Matur suwun..
Matur Nuwun Sanget Mas Prabu Untuk Cerita Wayangnya. Semoga Situs Ini Menjadi Panutan Untuk Melestarikan Budaya Indonesia Khususnya Wayang Kulit. :)
Sing marakena Inyong seneng karo Dalang gino kuwe suarane. Wayang siji karo lia-liane bisa dibedakena. Senajan kur krungu suarane tok inyong bisa ngerti kae suarane Prabu kresna utawa suarane Wisanggeni utawane maning Basukarno… senajan suara ketelu tokoh mau meh mirip tapine nek dalang gino sing moni gampang pisan dibedakena. Alur ceritane senajan akehe lakon carangan tapine ya dinikmati kaya dene lagi nonton film. awal ahire jelas… kuwe mau pendapate inyong ya… aja pada protes…. wong inyong kiye perkara wayang “sangat” Ginoisme hehehe…
kang,jajal kue lakon lakon seri bratayuda jjaya binangun tlg di upload,,kue jan rame ya tur nlangsani,gendingane jga marem di rungukena,dalang liane ora kanggo laghh,,SALAM GINOISME
Ala Kang Warto apa ketinggalan ya. Wong kiye wis ana patang lakon seri Baratayuda sing wis di-posting koh. Mung kari telung lakon maning sing durung diunggah senajana sing durung diposting wis munggah neng net kabeh. Tapine nganti sekiye esih ketinggalan durung ketemu rong lakon maning.
Kang,anu sing lakon Babat alas tunggul rana, topeng waja, kuwe ana ora ya?kapan diupload..
jan kang mas prabu,,enggane aku sing dadi presiden thun 2014,,ki dalang Gino tek dadekna dalang panutan kebudayaan nsional,,lan alamat WAYANG PRABU tek lantik dadi situs resmi kebudayaan indonesia,,gara2 sering ngrungukna alur cerita lan tutur bahasane dalang Gino,,aku dadi bisa mahami arti lan maknane urip,,satu manfaat yg bisa ku petik dari dalang Gino adalah,,SAPA NANDUR BAKALE NGUNDUH,,SAPA MOTANGAKE BAKAL NAMPI SAURAN,,SAPA UTANG KUDU MBALEKAKE,,nang dalang liane ujarku isine mung guyonan tok ora genah artine guli mayang,,gendingane ya di rungukna sepet,,lha nek Dalang Gino ya,,amung krungu suara KECREK e lan Panjake thok beh wis SENGER NGGEGIRISI,,LEWIH2 NEK NGRUNGUKNA ALUR CERITANE jan,,kaya melu ngrasakena ceritane,,
Pancen nyata enak nang kuping. Nyong wiwit tahun 1972 nganti seprene ya esih terus seneng muter kaset dalang Gino, Ora bosen. Swarane suluk enak, olah critane runtut, wis ora ana sing marahi gela. Muga2.bae ana sing bisa nerusake nguri0uri wayang gagrak banyumasan, syukur bage persis kaya pak dalang Gino.
Yen ana sedulur sing duwe lakon “Brajadenta Mbalele” tulung di-upload ya. Kesuwun…
Mas Prabu, menawi onten lakon SOMBO RAJANG, SUMANTRI NGENGER, RABINE WISANGGENI, Kulo nunut dawnload, menawi angsal nyuwun alamte ajeng ngopi sedoyo lakon dalang gino menawi saget kirim lewat pos,
Huahahaha… inyong metu maning kiye… arep cerita. Nalika dina ahad kepengker inyong mlaku-mlaku nang gor puraketa (purwokerto) ngancani bojone tuku katok kolor go anake inyong sing mbarepe. Nang kana tolih akeh ya… huakakaka… karo ngenteni bojone milih-milih katok kolor mau inyong celingukan ngalor ngidul ora nggenah. Lhaa… bareng mripate inyong nylinguk maring sisi kulon ana bakul kaset akeeh ra lumrah dadi inyong ndeleng-ndeleng mbok menawane ana kaset vcd wayangan sing dadi kesenengane inyong… basa kaya kuwe temenan ana kaset Dalang Ki Sugino Siswocarito sing judule “CANTRIK JANALUKO” terus ana maning inyong maca “DUMADINING TAMAN S***I” terus “PETRUK GUGAT” terus BABAD WONOMARTO” lan lia-liane.. inyong janjane kepengin tuku
inyong takon regane mung 45ewuan sejudul… ning ya kuwe duwite arep go tuku katok kolor nang bojone ditambah maning bojone inyong anu ora seneng karo wayangan ya uwis angger ngerti rep go tuku sing kaya kuwean jelase ora olih ya… lah jan pancen ana baen koh… dadi ya uwis ora sida. tekade ana dina liane ikih… jian-jiant…
Kalem ae mas tohirin, mengko nek ana rejeki pastine kabeh isa dituku, klebu sing dodolan nek perlu dituku he he he … Tak dongake sing lancar lan akeh rejekine …
Inyong dewe nate kaya ngono … ning kabeh ki kudu ana prioritase … Mosok njenengan tega anake ra katokan ta …
He he he …
nuwun sewu dumateng pak prabu , menapa kula angsal nyuwun mp3 ne mbah gino ingkang pepek , soale menawi download kadang 2 file wonten sing mpun rusak lan kadang 2 ngangge pasword . lan menawi ajeng teng warnet mboten wonten wektu sekolaeh wangsule jam sonten terus . matur suwun
Informasi untuk penggemar ki Sugino Siswocarito, PPW sudah dipinjami kaset dari radio Mutiara AM Bandung untuk diconvert 4 lakon antara lain, Gatutkaca Rangsang, Petruk Idu Geni, Gareng Larung dan Siluman Nagaputih, mudah-mudahan kasetnya tidak lama lagi segera sampai ke ndaleme Mas Patikrajadewaku. dan selain lakon-lakon tersebut sebetulnya masih banyak yang harus dikumpulkan dari gudang Radio Mutiara Bandung karena keadaannya yang sangat berantakan dan harus dukumpulkan sendiri.
Terima kasih
kresna duta-ne urung ana ya???, inyong kepengin kuwe
Matur nuwun sangat, saget download wayang ipun
jane nyong kepengin ngrungokna wayang dalang Taram sekang Kroya,lakone kaya ciung wanara,sumantri ngenger,gatutkoco popo dll.jan maen pisan koh, apamaning suara bawore…sedulur2 ana sing duwe kasete ora?
saya mau download vidio nya
terimakasih
togog mendem mboten saged didonlod, pripun niki??bapake ws ndraeng njaluk didonlodna
link2e muaanteeep daah
inyong ana rekamane dalang Taram, lakone babat alas mertani, ningen inyong ora teyeng upload, angger kersa ya kiye. lakon liyane ya ana sekang dalang gino, Anoman obong
Saya sudah konvert kaset 1 – 7 Anoman Obong KI Sugino dan siap diupload. Sayang kurang yang kaset no 8. kalau Mas Amin tidak keberatan biara saya pinjam yang kaset 8. Bolehkah?
assalamualaikum……….mas prabu mawi wonten ingkang judulipun ANOMAN OBONG,………saking dalang gino………
asalamu’alaikum wr.wb
salam kenal mas prabu, saya umron subehi asli majenang cilacap tapi besar di rantau, saya ucapkan terima kasih atas free downloadnya wayang dalang gino sehingga saya yang jauh di papua (irian jaya) dapat mendengarkan dalang kegemaran saya makasih…makasih…….makasih
wasalam
ki sugino bukan saja dalang senior beliau karismatik dan bebas politik bersahaja dan memiliki kemampuan sastra yang sangat tinggi. Sampai kapanun kisugino nda akan ada yang mampu mengantikan baik itu gandik yakut cucunya, setiap lakon yang beliau bawakan tak akan mampu ditiru siapapun.salam katur eyang gino mugi tansah sehat lan panjang umur.>>>>>>>> maaf mas pakai basa indonesia
assalamu’laikum…matur nuwun..sedurunge go pak maspatikrajadewaku sing wis akeh banget ngunggah dalang gino..maaf uga…aku uga ora bisa basa..bisane baworan kya kiye…gari rong lakon sing urung rampung..bawor dadi ratu kro kresna duta ketone mandan ra genah tpi ya ra dadi apa..ramaku ya ngode nang bekasi..kayuringin prumnas loro..
matur kesuwun pak.Maspatikraja…insyaallah lebaran aku cuti…tek mampir…
Angger ngomongna bab kewasisane pak Gino anggone ndalang, jan kayane urung ana sing madani. Kabeh lakon gagrag BMS sing dipasang Mas Patik/Mas Prabu wis tak donload lan tak rungokna kabeh, ning rumangsaku kok ya esih nunggu2 terus mbok menawa ana lakon liyane rasane. Senajan ana perangan2 file sing kudu tek otak-atik disit supaya keprungu lewih nyaman.
Enyong puas banget…..ana wayag kulit gagrak mbanyumasan.
Apa maning bisa didownload……..Matur sembah nuwun….
ora cawe” nyong wes akeh nyedot wayange pak gino …jand nyamleng di rungokn karo udud,,,kopi..matur kesuwun pak MasPatikrajaDewaku….
kulo nyuwun lakon petruk pethele ilang mbok bilih panjenengan sami wonten sing bade maringi
matur nowun …
kulo nyuwun lakon petruk pethele ilang mbok bilih wonten ingkang gadah
matur nuwun
lakon “Petruk pethele ilang” pada karo “Petruk Kembar”. wis ana nang duwur kae
Aku kepengin banget karo lakone “KRESNA DUTA”-ne dalang Gino, wis ana pa urung ya…….???
Para sedulur,…. bilih kagungan lakon Laire Gatot Kaca Saking dalaang Gino,.. tulung ya,,.. iyong diparingi. Terus kapan anoman obonge arep diunggah kayane sejak tanggal 17 januari sampai saiki ko urung ana sing diunggah maning. Mugi-mugi rahayu kaggo sedulure iyong kabeh. Matur Nuwun,…
jarene tgl 19-03-2012 ana nang kejene apa bener?
akhhhaahahahahahahaha….
uuuuhhhhhhh,,,,hiahahahahahahahaha.
man………haryo sangkuni paman…..
hahahahahahaha…
kencot temen yahhhhh
ahkahahahahahahahah….
lakon “bawor dadi guru” bagian 4 kok linknya
hilang ya? ngganjel banget menika
pak gino kpriwe kbre,pak enyng jen seneng carane rika ndalang,biarpun enynge bocah tp q seneng kesenian wayang,pak gino enynge pengin kaya rikane bisa ngudal piwulung
petruk dadi ratu mmg’y da?
dereng wonten sing anyar malih niki pun dangu
sowan, tapi sepi temen ya …….
mas prabu … tulung di ifo kapan ana pagelaran wayang kulit banyumas …
matur nuwun
Matur Nuwon njeh Mugi Mugi Kulo Saged Nanggap Panjenengan…
matur nuwun kula saged ngunduh kasete dalng gino wong teng makassar mboten nate mirengaken siaran rekaman ringgit purwa banyumasan kesuwun sanget nggih pak prabu saged ngge hiburan jan nyamleng
salam kenal kangge sedulur ingkang tesih remen ngauri uri budaya jawi
BABAD ALAS MERTANI kok ada pasword nya ?
pasword nya apa ?
Lakon brontolaras
——————————————————————
kepriwe lakon brontolaras?
Kanggo sedulur – sedulur sing arep pesen kaset wayang dalang GINO bisa tlp./sms maring 02190520046;087994126949.
Nuwun sewu bade nunut download mboten saget,,, ngangge pasword nopo onten sing ngertos pasworde???
mas kulo nyuwun kata sandi ne ohh..kulo seneng kalih ki sugino
ass…..salyo gugur mboten saged dibukak nggih ….
mohon maaf lahir bathin lurr……
nyuwun sewu….teng KSSC boten enten lakon laire gatut nopo bima bungkus niku nggih mas, matur nuwun….
lam kenal,sdulur kabeh ing penggemar wayang…khususipun kangge mas prabu maturnuwun lan nyuwun izin donlot…
kepripun carane donlot teng mediafire sing di password…nyuwun pencerahan
maturnuwun.
mas suyanto says, kayane nek ana sing nyuwun pasword, biasane ana nang coment2 ngisore jajal mas….hehehhe
aku skalian rep taken ingkang kagungan.
Salya gugur mboten enten file e nggih….napa pripun ?…
matur nuwun….
gan, sing kresna duta, mulai no 1, menit awal audione stereo apik, trusipun mboten sae nggih….??….nyuwun ngapunten, jaan cilik swarane adoh….
mpun kula cobi ulang2 ngunduh mbok salah ngunduh tpi ttp kdos niku….
gin djo says….nyuwun ngapuro , aku ora nduwe lakon Salya gugur,…
lan maturnuwun ingkang menehi cara cari passwd..bade kula coba…..
lakon bawor dadi guru (in stereo) dalang gino,suarane mantep tenan.
tapi ana sing di passwod durung bisa di donlot….
nyuwun pencerahaan master-master …..
sedulur gin djo….iki aku wis olih link”salya gugur monggo dipun masuk teng link ”
http://maspatikrajadewaku.wordpress.com/2012/06/26/salya-gugur-i-ki-sugino-
siswocarito/ …..slamet donlot
Kang inyong dodolan kaset wayang dalang gino vcd karo mp3 mp4
nggih matur nuwun mas suyanto….
skalian babad alas mertani ne lah…enten mboten ?
babad alas mertanine kok mboten wonten linke nggih
sedulur nuwun sewu kiye inyong dodolan kaset dalang gino mbok rika butuh tlp maring inyong 087894126949
mas prabu, lakon rubuhan suyudana gugur password e punopo ……
Lakon suyudana gugur password e punopo gih
Karna Tanding II mboten saged di pun unduh? -_-
kiye kepriwe deneng suyudana gugur di pasword kiye
akeh sing di gembok kie kang….. :D
asalamu’alaikum, sebelumnya mohon maaf mas prabu kenapa banyak file uploadnya yang sudah ga bisa d download untuk dalang ki Sugino Siswocarito, seperti Laire Wisanggeni, Suyudana Gugur dll, kalau bisa saya mohon untuk di upload ulang terima kasih… wasalam (umron) dari jayapura Papua
mas patikraja kapn wonten lakon lahire parikesit dalang gino matur suwun saderengipun
Kang bawor asllamuallaikkum.. Kang nyuwun tulung lah keprimen ky carane arep ngunduh neng situs jean rasane angel bgt yah… Jane inyong ky seneng bangett loh karo dalang gino.. Tpi sayang yagh siki ws seda…tpi ya ora papa sih jenenge bae ws takdir yah cmn kuw aku pengin bgt kepngin ngoleksi mp3 dalang gino kuwe carane primen yh tulung lah nyuwn tulung di tidokena carane olieh ngunduh mp3 ne yah kesuwun bgt kyh kang …wasslm slamet kodokan wangon
Pingback: Ki Nartosabdho : Babad Wanamarta « Wayang Prabu