KEG-Ki Eko G. Prisdianto

Audio pagelaran wayang oleh Ki Eko Gondo Prisdianto :

  1. Wisanggeni Gugat
  2. Wahyu Manik Tunjung Seto

tug-of-war1

Dalang asal Tulungagung Jawa Timur

  1. Moh. Hufron efendi

    walah mas ki eko iki rak tanggaku sing pak lurah kendalbulur kae to mas…..
    jian saiki saben bengo ra tau prei wayangan terus…

    atus wubingo bilih ki eko prisdianto niki wayah saking suwargi ki kondo murdiyat….

    salut mas atas apresiasi terhadap seni sipppp…..
    salam kenal dari Tulungagung jawa timur

  2. Gagat Rahina

    Moh Hufron Efendi ki opo gufron yaa ?

  3. iyo pron iku lo p eko sing tau cethok kw

  4. oalah wa..wa… awakmu to le…. he..he…

  5. pundi koleksi lintunipun saking ki eko mas?kulo rantos

  6. sejatosipun kula gadah koleksi langka ki dalang murdi kondho murdiyat, cuma saya dak tau bagaimana cara meng up lod..halah mas kula niki wong blajar komputer

    • MOnggo menawi taksih radi awrat ngunggah, kula sagah mbiyantu … saget dikirim dateng kula mangek kula sharing kangge sedaya sutresna wayang
      matur nuwun sakderengipun

    • IMAM MAHFUD

      kagem mas maryono.
      sugeng pitepangan,nami kulo imam mahfud saking betak.kulo sagah ambiantu panjenengan,babakan up lod lan ngupayaken pengiriman teng wayang prabu.
      niki email kulo imammahfud66@yahoo.com,utawi saget sms kulo-081556664352.nuwun

  7. Nunut dadi penggemar.Warga podorejo

  8. sarmadi sabdho utomo

    mas, punapa kagungan dokumen balungan lampahan SEMAR NGRUWAT DEWA. Menawi kagunngan, keparenga dipun upload. matur nuwun.

  9. Kulo demen sanget dalang ki Eko priyantune taksih mudo tur prigel anggenipun nyabetaken ringgit mugi mugi lakon candakipun cepet dipun unggah malih nggih suwun kulo penggemar ringgit purwo saking Malang Selatan

  10. mbah sodron

    tlg saya dikasih crita vidio crita wayange ki eko yg baru to mas

  11. Kagem mas Maryono kalih mas Imam Mahfud, kulo sayektosipun sampun dangu nenggo menawi wonten ringgit dalang Ki Murdi Gondo Murdiyat Alm. saking Tulungagung. Kulo tenggo nggih mas upload-ipun. Matur Nuwun

    • Sekretariat

      Mas Suharyono, ki Kondo Murdiyat ingkang dipun maksud mbok menawi ?, sampun wonten Lampahan Narayana Mbegal, sampun dipun upload Mas Ali Mustofa.

  12. Leres Informasi saking Saudara Sekretariat mbok bilih sampun diupload Lakon Narayana Begal Dalang Almarhum Ki Kondo Moerdiyat saking Tulungagung.

  13. Matur nuwun mas Ali, sampun maringi upaload-ipun ringgit dalang Ki Kondo Murdiyat lan sampun kulo download. Dalang Ki Murdiyat meniko saged damel obatipun kangen kulo dateng alm. amargi naliko taksih sugeng asring sanget manggung wonten daerah Tulungagung. Namung menawi taksih gadhah lakon lintunipun (Ki Kondo Murdiyat) kulo nggih kerso. Idep2 saged damel koleksi wonten griyo. Matur nuwun

  14. ass. wr.wb. Sugeng ndalu, patepangan kalian kulo mas. Kulo Hermanto saking Lubuklinggau Sumatera Selatan, sak niki ngenger wonten Fakultas Pertanian Unmura ceker golek pangan. Kulo ngaturaken matur sembah nuwun dumateng panjenengan sedoyo kang saguh nguri-uri budoyao kito sami. Mugi mbenjang-mbenjang saget seduluran sak lawase kangge sami-sami nguri-uri budoyo kang pun longko meniko. Semangat terus, budaya adalah adiluhung, kita pemuda yang harus perduli dengan budaya, biarlah jumlahnya minor tapi syiarnya melalui media ini insya Allah akan mayor. Hidup budaya wayang. matur nuwun. Hermanto. FP-Unmura Sumatera Selatan.

  15. wonten 11 lakon ingkang saget kulo kempalaken dalang murdi taksih kulo edit.
    1. noroyono begal
    2. gatut koco beguru
    3.semar bangun kahyangan
    4. jewoto geni
    5.wahyu sekar purnomo wulan
    6.romo tambak
    7.petruk golek i bapak e
    8.rabine abimanyu
    9.abiyoso dadi ratu/ sentanu dewo
    10.dewo ruci
    11. babat wono marto

  16. Sip mas Abimanyu…mbok bileh sampun rampung monggo dipun upload wonten WP meniko.

  17. Salam Saking Campurdarat Tulungagung

  18. Mas kok ajenge download dadak nglebokke Pasword!!!
    Pasword e nopo mas????

  19. Mas Coxkex wonten Campurdarat pundi nggih. Mbok bilih saged sharing dateng kulo. Kulo domisili Jember, nanging asli Tanggung, Campurdarat.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Connecting to %s

Follow

Get every new post delivered to your Inbox.

Join 939 other followers

%d bloggers like this: