Rama Parasu [10] : Rama Parasu Mukswa

Kocap kacarita, Sang Rama Parasu paripaksa ngambali angupadi ing ngendi dununging Bathara Wisnu. Nanging samangke dalan kang bakal kaambah wus katon nglegewa tan ana padhas curi kang  rumpil. Amarga wus ana titikan manawa sejatine, kang den ulari wus gumathok parane. Bathara Wisnu sejatine wus nyarira marang satriya saka ing Ngayodya, kang aran Raden Rama ya Raden Regawa.

Mangkana Rama Bargawa wus manjing wana gung liwang liwung kang njlujur pener tanpa menggok marang parane Negara Ayodya. Wana kang kebegan ing eri bandhil bebondhotan. Ing kana tan kapireng aba swaraning jalma manungsa kang kapireng amung pambekosing warak lan pambaunging sima miwah pangempreting dwipangga. Nanging uga ana sajuga swara bebisik kang tinumpangan ing samirana. Tan ana sisip lamun iku swara pambisiking jim setan peri prayangan kang amalaya bumi. Keclap-keclap wujuding kang peri lan prayangan cat ilang cat katon kanti wujud kang karya gogrog marasing kang tan darbe kawanen.

Mangkana Sang Rama Parasu tindake anelasak grumbul kang karya mobah kumarasak swarane. Sanajanta eri bandhil kang kasangkut ing raga temah pada rebah kasulayah, nanging tan kuwawa nyebit kulit daginging Sang Parasu. Tan ana bisa anggogrogake wulune senajan amung salamba! Mangkana lampahe Sang Ramaparasu wus laju. Lampahing jalma kang tetela wus ander pati, wus jeleh marang eden-edening ngaurip. Kang sinedya ing telenging nala, amung angantu-antu, kapan baya wahyane sarira bakal kasirnaake dening titising Bathara Wisnu.

Senajanta raga wus tan pakra kaya satataning jalma. Sarira kang amung alelancing klikaning kekayon sesabuk oyoting mandira, nanging dedeging angga kang teguh bhirawa amuwuhi santosaning otot bebayune. Rikma kang tuwuh gimbal, ingudhal madhul madhul tumumpang midhangan kanan kering, lan ing wingking angalembreh dumugi ing wadidang, sinawang kaya witing lapa kang tuwuh ing imbanging jejurang.

Sang Parasu amung amboga pepucuking tetuwuhan, kaleyanging kekayon lan amung anginum bun kang kacipta jagat ing kalaning gagat enjang, parandene sarirane nyata katon saya angenguwung tejane.

————————————————————————————————–

Ganti kang winuwus, seje papane nunggal caritane. Nalika samana ing Negari Mantili Dirja, ana pawarta kang wus sumebar angebegi jagad, lamun ana sayembara ngalap sekaring kedhaton ingkang sesilih Rekyan Sinta wus kagelar. Rentenging penggalih Sang Nata Mantili Dirja, Prabu Janaka, marga negara Mantili nalika samana wus kinepung raja sewu negara kang nunggal karep ngayunake Sang Rekyan Sinta. Paripaksa Sang Nata anggelar sayembara menthang langkap. Sak sapaa kang widagda menthang langkap Kyai Gandewa tumekeng tikel, sayekti iku kang winenang amengku garwa Sang Raja Putri. Continue reading

Ramaparasu [9] : Kang Wus Padha Sumeleh

by MasPatikrajaDewaku

Kacarita tandhing tyasa ing antarane Patih Suwanda lawan Parabu Dasamuka dedreg umyeg anggenirisi. Senajanta dedeging sarirane Patih Suwanda kang prasasat gedhene amung sakpupuning Prabu Dasamuka ya Sang Rahwana Raja, nanging tetela lamun Patih Suwanda saguh anrenggalangi krodane Prabu Dasamuka kang tandange liwung kaya pangamuking singa barong. Patih Suwanda kang putus ing saliring agal lembat senajana mangkana, nanging bawane eling marang pangandikane kang rayi, Bambang Sukasarana, meksa ana rasa kang anggelayut ing telenging ati. Rasa kang aweh sasmita menawa ing kene wus tiba wahyaning mangsa kala, lamun kudu tumuli kumpul bareng kang rayi, munggah ing swargaloka.

Geter pater sarirane Bambang Sumantri kawimbuhan ing pamawas, menawa wiwaraning swarga wus menga lan ing kana ana wewujudaning keng rayi Bambang Sukasrana kang mesem angawe-awe. Mangkana lena pangindhane Bambang Sumantri nalika Prabu Rahwana nggigit janggane. Siyung mingis kang kembeng ing wisa mandi tumancep ing jangga,  kabarakot ponang jangga, sirna marga layu Bambang Sumantri apengawak kusumaning negara. Surak mawurahan ambata rubuh sanggyaning wadya bala Ngalengka Diraja, wruh yen ta tetungguling senapati Maespati wus sirna marga layu.

Sakala pepes barisaning prajurit Maespati kang wruh lamun tetungguling yuda wus kapupuh ing adilaga. Sanajan ta wus ngetog sakehing kekuwataning baris, nanging pangamuking wadya saka ing Ngalengka kang nyata liwung tan ana nganggo paugeraning aprang, meksa prajurit Maespati pada mundur lumaris salang tunjang pati-pati ambentusi.

Nanging ora kandheg amung samana tandange Rahwana Raja, senajanta wus sirna Patih Suwanda, raga maksih kapotheng-potheng, kajuwing lan kabalang-balang ing rananggana.

Continue reading

Ramaparasu [8] : Kang Lali Marang ing Purwaduksina

“Kakang Patih Surata, rumangsa ribet rasaning atiku lan sepet paningalku yenta nyawang wujude Bambang Sumantri kang kaduk piangkuh. Yenta nyata kesaguhane bisa ngentasi gawe kaya kang ingsun kersaake, bakal gedhe ganjarane. Nanging  yenta luput kaya kang disaguhake, bumi Maespati aja nganti kaambah dening wujude manungsa kang aran Bambang Sumantri. Sadurunge mangkat marang Negara Magada, busanane Sumantri kang ngenek eneki kuwi, salinana cara kaprajurtian. Ujubing atiku ora arep ambebagus marang wujude Bambang Sumantri, nanging kanggo rumeksa kuluhuraning jenengingsun. Negara Maespati aja nganti asor darajate, darbe caraka kang busanane ora mingsra”. Mangkana dhawuhku marang Patih Surata mungkasi anggonku anggelar pasewakan.

Atur sembah Bambang Sumantri mundur saka paseban sadurunge ingsun jengkar. Sinusulan dening Patih Surata. Sawusnya Bambang Sumantri wus sangkep salin busana kaprajuritan, sakala katon tejaning Bambang Samantri saya anggenguwung. Sarira kang wus binusanan cara kaprajuritan, sangsaya mencorong, cinandra kaya dene dewa ndharat. Cingak kang pada nguntapake budhaling caraka kang tetela anggung akarya sengseming para kang aningali ing sadalan-dalan. Para kenya kang wani anyaketi unggyaning Bambang Sumantri pada anjejawat, nanging ana saweneh kang amung wani angawe-awe ngujiwat.

Gancaring cerita, Bambang Sumantri wus keduga mboyong sekaring kedhaton Magada, Sang Dyah Citrawati. Nanging bawane satriya kang maksih kagawa ing rasa kamudhan lan durung kuwawa anyingkirake rasa adigang, adigung, adiguna, sakala kadadak salin solah bawa. Melik anggendhong lali! Nalika samana Bambang Sumantri kang wus masanggrah ing tapel watesing Negara Maespati, sinususulan dening Patih Surata. Ature Bambang Sumantri marang Sang Rekyan Apatih Surata, menawa Dewi Citrawati arep kaaturake, nanging papane ing sajroning payudan.

Rumangsa wus bisa ngregem jagad, sawusnya bali marang praja, Sumantri kedadak nanting kasudibyaningsun srana pasemon alus. Kaya pineksa ingsun nglanggat pamundhute Bambang Sumantri tandhing tysa. Supaya ora asor drajate dene mungsuh kang amung wujuding caraka, mula ingsun ngloropake busanaku keprabon, murih ka anggo busana dening Bambang Sumantri.

Nalika tandhing ingsun kekaron, para jawata padha tumurun nyekseni paprangan, kang yen kadulu saka ing kadohan kaya dene tetandingan yuda antarane para ratu kang kembar wewujudane. Mangkana tandhing ingsun lumawan Bambang Sumantri dedreg silih ungkih rebut unggul. Nalika samana Bambang Sumantri ganti kalindhih, Bambang Sumantri musthi sanjata Cakrabaswara. Sanjata dibya kang ampuhe kagila-gila. Mulat Bambang Sumantri kang wus siyaga menthang gendewa nglarapake senjata dibya, nuli jenengingsun matak aji Triwikrama. Cinandhak wani sarirane Bambang Sumantri, tan mangga puliha Bambang Sumantri nuli kapikut. Nanging jroning batin ingsun kang wus kaduk ngungun marang kasektene Bambang Sumantri, mula nulya ingsun paringi aksama. Nanging paukuman kudu anut marang jejeging adil. Bambang Sumantri kang wus pasrah dhiri, dak patrapi paukuman. Paukumane kang kaya-kaya ora salumrahe, nanging ingsun percaya lamun Bambang Sumantri saguh minangkani.

Bambang Sumantri kudu keduga mindhah Taman Sriwedari kang dumunung ing imbanging gunung Untarayana, kudu kaboyong marang taman sari Negara Maespati, kinarya lipuring manah Dewi Citrawati kang katemben pisah lan wong atuwane.

Sungkawaning ati Bambang Sumantri nalika samana sakala kedadak ganti ing bebungah, nalika kelingan marang sedulur mudha, Bambang Sukasarana. Sedulur mudha kang duk inguni kasimpe sabab kinira amung ngrubeda-angreridhu lan anjejereng wirang amarga darbe wewujudan kang anggelinani. Paminta srayane Sumantri mindhah Taman Sriwedari tumuju ing Praja Maespati marang Sukasarana sinaguhan, amung kudu liniru  lilane kadang werdha tansah cinaket. Sakala pamintane keng rayi Bambang Sukasarana kaya dene amung bab kang sinangga entheng. Nanging welinge Bambang Sumantri kalawan Sukasarana, yen mengko wus keduga mboyongi taman, aja nganti kawuningan luwih disik wewujudane dening sanggyaning para kawula ing Maespati

****

 “Sang Rama Parasu, jengandika meksih kersa midhangetake dedongenganku?” Kapedhot dedongengan sawatara, nanthing marang Sang Rama Bargawa apa isih kersa midhangetake. Senajan ing rasa batin, ingsun mulat jineming guwaya Sang Rama Bargawa kena kajajagan, menawa Rama Bargawa banget kepranan.

“Mara gage terusana! Senajanta dawa caritamu ngungkuli dawaning lurung, aku saguh ngematake candhaking critamu” Mangkana jajawab Sang Rama Bhargawa kanthi ulat kang sumeh. Nuli ingsun kalawan sumendhe ing gunging kekayon ambacutake critaku kang wus kawuri.

****

Gelise kang munggel kawi, kaleksanan Sukasarana mboyongi Taman Sriwedari marang Negara Maespati. Nalika samana garwaningsun Dewi Citrawati kang kepareng nitipriksa gelaring taman Sriwedari kang nembe kaputer-puja, ingayap sakehing para emban cethi. Sakala mekar sakehing kusuma, manglung kang panging kekayon kasilir ing samirana mandra. Keh peksi-peksi kang miber ing gegantang padha pating caruwet manembrama kang kersa tindak cangkrama. Kombang kombang mbrengengeng kaya asung kekidung, saka kepranan marang liringing netrane sang pramensywari. Senajanta sesekaran pada mekrok rebut warna ngujiwat minta sang dewi kersaa methik kinarya sesumping. Rena panggalihe garwaningsun Citrawati kang tindake saya manengah kepranan marang edi endahe kang taman Sriwedari, kang tetela kaya dene endahing taman ing swargaloka.

Nanging kacarita, sakala kejot panggalihe garwaningsun, nalika mulat ana pawongan bajang ceko kang pasuryane anggegirisi dumunung ing jroning taman. Tetela iku wujuding Bambang Sukasarana kang tan kuwawa angampah hardaning karep, marepeki wanita kang banget sulistyaning warna. Gya Bambang Sukasarana miyak kang grumbul sangandhaping wit nagasari, nyaketi ungyaning Sang Dyah Pramesywari. Girap girap sarwa anjelih-jelih Sang Prameswari keplayu kamigilan, matur marang ingsun. Nuli ingsun matah marang Patih Suwanda kinen ngrampungi gawe, nyirna’ake dhemit kang dumunung ana ing sajroning taman sari

Nalika samana duka yayah sinipi Bambang Sumantri marepeki papan padunungane Bambang Sukasarana. Jroning batin wus tan samar lamun Bambang Sukasarana kang gawe gendra, suwala marang dhawuhe yen ta ora kena metu saka sesingidan. Wus prapta ing papan dununge Bambang Sukasrana kang sigra mulet unggyane kang raka sarwi matur “Ayo kakang Sumantri, apa aku wus kalilan seba marang ngarsane Prabu Harjuna Sasrabahu. Yen kowe bisa suwita marang Gusti Prabu Harjuna Sasrabahu, aku kudune ya bisa kaya kang kok tindak’ake, kakang!”

Nanging rerepane Bambang Sukasarana tan rinewes dening kang raka, Bambang Sumantri, kang wus kalimputing deduka, sugal wuwuse Bambang Sumantri , “Kowe wis nate tak weling apa?!”

“Aku kudu ndelik ana ing petamanan”. Kanti ulat kang kaya tanpa dosa, ngucap Bambang Sukasrana.

“Mangertiya yayi, yen ta kusuma ratu kamigilan nyawang wujudmu. Mula yayi, ayo tak terke mulih dhisik marang Pertapan Jatisrana. Mengko yen wus ana kalodhangan kang prayoga, kowe bakal tak parani, suwita bareng marang ngarsane Prabu Harjuna Sasrabahu”. Bambang Sumantri ngandika njlentrehake perkara, sarwa ngampah gempunging rasa.

“Emoh kakang, yen aku bali, kowe ya kudu bali.Nalika samana kakang nyimpe aku tanpa pamit, kaya pecat-pecata sukmaku. Mangertiya kakang, mbiyen kuwi aku nangis meh sepasar suwene. Tak goleki seprana-seprene nanging saiki sikakang bakal mbalekake aku maneh marang Pertapan. Oooh kakang, kaya ngapa rasa sepining ati, yenta aku pisah kalawan kowe kakang” Sukasrana panggah anduwa-suwala.

“Kowe aja gawe nesu, Sukasrana!!” Jumangkah Bambang Sumantri, akeh wuwusnya Bambang Sumantri sarwi anjempalani sarirane Bambang Sukasarana. Bambang Sukasarana amung pasrah dhiri senajan sarirane wus babak-bunyak, nanging tan ana pangresula senajan amung sakecap, kawetu saka lathine Sukasarana. Bambang Sumantri kang wus tan enget marang pamintane kang angarih-arih inguni, minta pambiyantu mindhah Taman Sriwedari, panggah ngrudapeksa Bambang Sukasrana nundhung kang rayi, amarga jrih marang gusti natane, aja nganti anjejereng sasra wirang . Nalika samana wus keprungu umyung bendhe tengara lamun ingsun nedya tindak sesarengan lawan garwaku angambali tedhak cangkrama.

Saya sigug-kidhung goreh rasane Bambang Sumantri kang sigra angagar agari jemparing marang Bambang Sukasrana, pepethane karya ngurak Bambang Sukasarana supaya age-age lunga saka patamanan. Sedhela-sedhela Bambang Sumantri tumoleh wuntat sekedhap sekedhap nyawang unggyane Bambang Sukasarana kang amung mandeng kang raka kanthi netra kang panggah kumedhep. Jroning nala Bambang Sumantri kaya rinujit, nanging bawane wus saguh ngayahi dhawuhing nalendra lan krasa luput yen bakal nampa bebendu, sakala dres wijiling riwe kaya dineres.

Sangsaya lunyu cepenging warastra, nanging lenging rasa kaya wus ilang musna. Ponang warastra kang wus mapan ana ing kekendheng sakala mrucut saka astane. Tumama jajaning Bambang Sukasarana butul ing walikat. Raga gumuling ing siti, ngalumpruk tanpa daya. Dres kang ludira muncrat saka ing jaja. Nanging ana kaelokaning jagad, raga kang sadina-dina angganda bebanger, parandene ludiraning Bambang Sukasrana tetela arum mangambar ngrabasa sakehing durgandana. Kedhep tesmak Bambang Sumantri mulat sesawangan kang ana telenging netrane, sabab dene kaya kacabut sukmane.

Angles kekes rasane Bambang Sumantri kaya wungu saka nendra sigra rinangkulan jasade Bambang Sukasrana kang nandhang katriwandhan. Tetela nalika samana wus sirna marga layu Bambang Sukasarana. Bundhu bundhelaning manah Bambang Sumantri kang kaocap amung rerepa jroning panalangsa.

“Sukasrana apuranen aku, ora ngira lamun kowe tekaning sirna. Sukasrana, apuranen aku!!”

Kagyat gora wekasan Bambang Sumantri kedadak ana swara kang cetha wela wela dumeling ing karna, “Heh Bambang Sumantri! “

Menyat Bambang Sumantri sarwa tumoleh kanan ngering, nanging kang den upadi tan ana katingal. Tumuli Bambang Sumantri muwus “Kowe sapa ?!”

Swara kang dumeling iku keprungu mawantu wantu “Aku Bambang Sukasrana!! Sagluguting kolang kaling sarambut pinara sasra aku ora nduwe rasa serik-murina lawan kowe kakang. Nanging kaya kang wus tak aturake marang kowe, yen ta aku ora kena ginggang sarambut kalawan kowe. Aku ora bakal tumuli sowan ing pangayunaning para Dewa, yen ora bareng kalawan kowe, kakang Sumantri. Tak enteni ana bokur pangarip-arip. Nanging elinga, menawa ing tembe kowe prang tandhing lan Raja Ngalengka Diraja, ing kana wahyane kowe tak susul sowan marang ing tepet suci. Wis kaya mung semene anggonku matur marang kowe kakang, tumuli si kakang ngadhepa marang Sang Prabu Harjuna Sasrabahu”. Sawusnya matur marang Bambang Sumantri, lon lonan jasad kang gumlethak ing siti katiyuping samirana, sirna ilang saka telenging netrane Bambang Sumantri kang amung anjegreg mangu-mangu kaya tugu sinukarta.

Mangkana wus caket praptaku ing papan kadaden kang kaya dene ora ana sawiji wiji, nuli Bambang Sumantri matur menawa drubiksa kang angganggu gawe ing jroning Taman Sriwedari wus keduga kasirnaake. Saka renaning atiku, nalika samana Bambang Sumantri ingsun wisuda dadi Mahapatih ing Negara Maespati, kanthi jejuluk Patih Suwanda. Saya rumaket kekadanganku kalawan Patih Suwanda, presasat kaya dene kadang tunggal yayah rina.

Gilir gumantining kalamangsa, nalika samana garwaku Citrawati kersa leledhang ing balumbang pasiraman, anut ilining bengawan kang mbelah madyaning petamanan. Ketiga ngerak kang tan kena kasaranan, meksa jenengingsun triwikrama mbendung bengawan. Samantara Patih Suwanda kajibah ngreksa yuwananing praja.

Nanging tindak culika thukulaning mungsuh telik sandi upaya kang ambebidhung api rowang, uninga menawa jenengingsun oncat saka praja. Kinira lamun Praja Maespati ringkih, gya kerig lampit nglurug mungsuh saka Negara Ngalengka kang sangkep ing gegaman angrabasa tanpa layang panantang. Praptane prajurit sagelar sepapan katon nroncong tumbake nganti kaya landak sayuta, megar payunge kaya jamur barat, barisan kang pinandegan dening Prabu Dasamuka.

Sang Prabu Dasamuka kang kayungyun kadereng sengsem marang Dewi Citrawati kang kawentar panjalmaning Dewi Widawati ora kena sinayudan kersa mboyong peksa marang Negara Ngalengka Diraja. Sadalan dalan patrape kang pabarisaning mungsuh pada sawiyah-wiyah anjejarah rayah.

Patih Suwanda kang tansah prayitna ing gati siyaga ing dhiri, greget gumregut anrenggalangi mungsuh umadeg angembani wajib. Mangkana kekarone wus ayun ayunan, Patih Suwanda kalawan Prabu Dasamuka.

(wonten sambetipun)

“Inspirasi” dongengan menika lumintu saking kitab Ramayana anggitanipun Herman Pratikto, kaolah mawi sawernaning bumbu sarwa Jawi.

Ramaparasu [7] : Nalika Sang Ramaparasu Kapanggih Kang Sinedya

By MasPatikrajaDewaku

Saka ing pawarta kang binandhung ing karna, akeh pawongan kang nyebutake kalamun Sang Harjuna Sasrabahu jengkar saka praja, ngrabasa prang marang Negara Alengka Diraja amung katindakake pribadi. Saweneh pawarta nyebutake lamun Sang Prabu tedhak cangkrama ngupadi ing ngendi dununging putri kang kena kinarya liru wujuding Dewi Citrawati kang wus surut ing kasidan jati.

Dene para pandita kang tinakonan dening Sang Ramaparasu nanjihake, menawa Sang Prabu wus tan kersa andedawa nyecep memanising jagat, mula Sang Prabu mahas ing asamun madeg pandhita. Nanging tumraping Para Pujangga lan Para Satriya, ora saruju marang pinemu kang mangkana. Pinemune, Sang Prabu tindak ngupadi ing ngendi papan dununge kembang jagad kang kena kinarya liru wujuding Gusti Ratu Citrawati.

Karana pawarta kang kaprungu tan ana kang gumathok, mula pepuntoning tekad, Sang Rama Parasu nedya ngupadi dhewe ing ngendi papan lan paran dununge Prabu Harjuna Sasrabahu. Sakupenging negara kang wewatesan marang Negara Maespati wus kemput kinubengan. Nanging tan kapanggih apa kang sinedya. Wusanane Sang Ramaparasu nyabrang wana gung nedya kundur mring pertapane ingkang rama, nedya ngangin-angin pawartane ing ngendi sayekti Prabu Harjuna Sasrabahu dedunung. Lamun wus pinasthi ing mengko, Rama Parasu bakal anyusul marang paran kang gumathok.

Nanging ing tengahing marga, sedyane kang sakawit nulya kajabel. Jroning driya ana rasa panulak, lamun kondura marang pertapan, ing kana malah saya kandel wewayangan peteng kang nglelimput. Wewayangan sedaning kanjeng ramanira, crita dhuhkita kang matumpa-tumpa tumiba marang kang ibu lan para kadange, bakal bali lumayang ing telenging pangangen-angen. Meksa Sang Rama Parasu jumangkah separan-paran amung ngetutake tindaking suku lan kedheping netrane.

Mangkana wus ndungkap tri ari nggenira Sang Rama Parasu jumangkah anginjeng tanpa sotya, greget osiking pikir nutuh jroning pangangen-angen.

“Salawase ingsun durung nate wruh citra wewujudane Prabu Harjuna Sasrabahu. Kepriye anggonku ngawruhi sapa kang aran Prabu Harjuna Sasrabahu? Apamaneh Sang Prabu Harjuna Sasra anggone tindak jengkar saka praja kanthi tindak sesingidan. Kuwi padha kalawan tindak kang ora kersa kawuningan dening sak sapaa …..”

Dangu Sang Rama Bargawa tan ana mosik, kang ana jroning cipta amung angesthi marang paran dununge pawongan kang sinedya. Jenggirat nyat Sang Rama Parasu tumuju marang puntoning pamikir.

“Ya ! ing kene papan dununge! Menawa Sang Prabu Harjuna Sasrabahu tetela panjalmaning Bathara Wisnu. Mesthine tan bakal bucik kulite menawa kataman wadung lan panahku Bargawastra!

Saka pamikir kang wus gumathok, sigra cinandhak sinandhangan panah lan wadung kang duk nalika samana wus mbrastha para satriya kang cacahe bebasan tanpa wilangan. Sapa ngerti lamun ana sawijining satriya kang kuwawa nadhahi kemandene panah lan wadung kang tetela wus gubras ludira saka pangamuke duk nalilka samana. Kacarita, ingambalan Sang Rama Bargawa ngamuk punggung. Dwidasa, tegese rongpuluh cacahing satriya kang tumekaning tiwas jroning catur ari.

Continue reading

Rêtna Kasimpar

http://wayang.wordpress.com/2006/10/26/retna-kasimpar/

Dewi Retna Kasimpar adalah putri Prabu Jayaindra, raja negara Tasikmadu dengan permaisuri Dewi Retnawati. Ia mempunyai saudara lain ibu bernama Dewi Retnajuwita, putri prabu Jayaindra dengan Dewi Ceklatoma.

Dewi Retna Kasimpar merupakan satu-satunya wanita di dunia yang memiliki gajah putih dan sekaligus menjadi pawangnya. Gajah putih berpawang wanita/putri ini pernah menjadi persyaratan Dewi Banowati, putri ketiga Prabu Salya dengan Dewi Pujawati/Setyawati dari negara Mandaraka, untuk dapat menerima pinangan Prabu Duryudana, raja negara Astina. Arjuna yang dimintai bantuan oleh keluarga kurawa, berhasil mendapatkan Dewi Retna Kasimpar dan gajah putihnya, setelah lebih dulu mengalahkan Prabu Kurandageni, raja negara Tirtakandasan yang ingin memperistri Dewi Retna Kasimpar.

Dewi Retna Kasimpar kemudian menjadi isteri Arjuna. Dari perkawinan tersebut ia tidak mempunyai putra.

http://www.sastra.org/bahasa-dan-budaya/95-wayang/1239-retna-kasimpar-jayasuwignya-1930-171

Rêtna Kasimpar, Jayasuwignya, 1930, #171

1. Sinom

1. lir pradapa tumaruna | kintaka sinung kakawin | mamrih wilêting carita | sêngsêma kang anupèksi | mirit caritèng nguni | pinèt jêjêring pamuwus | Sang Prabu Jayapitana |[1] nawèng[2] Ngastina nagari | binathara maksih jêjaka sang nata ||

2. narendra langkung kawasa | bôndha-bandhu kadang sami | satus kadange Kurawa | sami prawira sinêpi | mung sajuga kang putri | sumêla langkung ingugung | Sang Dyah Trusilawatya | kalangkung sulistyèng warni | warnanira kadya kancana rinêngga ||

3. anuju sawiji dina | sang nata lênggah tinangkil | Sang Prabu Jayapitana | siniwèng wadya gung alit | nèng dhamparira rukmi | samana kang marêk ngayun | kang paman Arya Gandara |[3] wasesa môngka pêpatih | tuwanggana sagunging wadya Kurawa ||

4. julig pangrèhing ukara | wasi[4] nandukkên mêmanis | limpat mring karti sampeka | widagda ing agal alit | kapering kering aji | Pandhita Durna Sang Wiku | mumpuni saliring guna |[5] putus kaprawiran sakti | sang awipra dadya brahmananing praja ||

Continue reading

Sêrat Dewaruci

Sumber : http://www.sastra.org/bahasa-dan-budaya/95-wayang/1102-dewaruci-tan-gun-swi-1928-1212

Punika Sêrat Dewaruci ingkang sampun mawi wrêdi.

CETAKAN YANG KA IV.

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi Kêdhiri 1928

— [1] —

Sêrat Dewaruci

Punika Sêrat Dewaruci ingkang sampun mawi wrêdi.

CETAKAN YANG KA IV

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi Kêdhiri 1928

— [2] —

Penerbit: TAN KHOEN SWIE – Kediri.

Diperlindungi hak pengarang tersebut dalam Stb. 1912 No. 600. fatsal ll. Kitab ini Syah bila ada tanda tangannya si penerbit sebagi dibawah ini:

— [3] —

Bêbuka.

Sêrat: Dewaruci.

Sêrat Dewaruci punika ing ngajêng mawi têmbang Kawi Sêkar Agêng, anggitanipun Êmpu Widayaka ing nagari Mamênang, inggih ing Kadhiri.

Êmpu Widayaka wau inggih Ajisaka, timuripun nama Jaka Sangkala, putranipun Êmpu Anggajali, ibunipun putri ing nagari Najran, tanah Ngarab.

Sarta Ajisaka wau siswanipun Sang Maolana Ngusman Ngajid, raja pandhita dibya ing nagari Banisrail Ngarab. Punapadene Ajisaka wau lajêng puruhita dhatêng para Jawata, bab kawruh kamuksan, utawi kawruh kadibyan kanuragan sasaminipun, sampun tumplak kacakup dening Ajisaka sadaya. Para dewa ingkang linangkung sampun dipun guroni sadaya. Kados ingkang kasêbut ing Sêrat Ajidarma, tuwin Sêrat Ajinirmala.

Mila Ajisaka punika kawruhipun langkung pinunjul sasamining êmpu. Mungêl ing Sêrat Panitisastra, manawi wontên [wontê...]

— [4] —

[...n] êmpu ingkang sagêd ngawonakên pandhita satus, ingkang putus ing kawruh, punika sawêg sami kaliyan kawruhipun Êmpu Widayaka.

Amila Sêrat Dewaruci punika, sami-sami wêwarah kamuksan jaman kadewatan, kabudan, dipun rêmêni piyambak dening para wali, awit suraosipun cundhuk sangêt kaliyan kawruh pathining agami Islam (Ngèlmi Makripat) dhasar sajatosipun, Êmpu Widayaka wau, mênggahing kawruh kasampurnan, ingkang dipun èsthi ing salêbêting batos amung wasitanipun Sang Maolana Ngusman Ngajid, ing Banisrail kasêbut ing nginggil (Islam) mila layak kemawon Sêrat Dewaruci wau, dipun lêluri dening para wali.

Dene ingkang jarwakakên mawi sinawung ing sêkar macapat, Kangjêng Susuhunan Benang. Sarta sampun sumêbar ing kathah, malah sampun nate dipun cithak, ananging dumugi samangke dèrèng dipun wardèni. Sapunika sampun kalampahan dipun wardèni kalayan jangkêp. Awêwaton saking sêrat warni-warni. Ingkang mardèni Mas Ngabèi Mangunwijaya ing Wanagiri (Surakarta).

Taun 1922 – 1852.

— [5] —

Sêrat: Dewaruci, Mawi Wrêdi

1. Dhandhanggula 1. nihan doning ulun manulat sri | mring sarkara mamrih mamardawa | tyas wigêna panjutane | juwêt silarjèng tuwuh | wahananing kaanan jati | sujana paramarta | witaning tumuwuh | winangun ingkang sasmita | ginupita ing kawi rèh Bimasuci | winangun lawan jarwa ||

2. Wrêkodhara duk puruhita mring | Dhanyang Durna kinèn ngupayaa | toya ingkang nucèkake | marang sariranipun | Wrêkodhara mantuk wêwarti | maring nagri Ngamarta | pamit kadang sêpuh | sira Prabu Yudhisthira | kang para ri sadaya nuju marêngi | anèng ngarsaning raka ||

3. Arya Sena matur ing raka ji | lamun arsa kesah mamrih toya | dening guru pituduhe | Sri Darmaputra ngungun | amiyarsa aturing ari | cinipta praptèng baya | narendra mangun kung | dyan satriya Dananjaya | matur nêmbah ing raka sri narapati | punika tan sakeca ||

4. inggih sampun paduka lilani | rayi dalêm kesahe punika | botên sakeca raose | arya kalih wotsantun | inggih sampun tuwan lilani | watak raka paduka | Ngastina pukulun | karya mangendra sangsara | Rêsi Durna ginubêl murih ngapusi | sirnaning pra Pandhawa ||

5. Wrêkodhara miyarsa nauri | ingsun môngsa [mông...]

— 6 —

[...sa] kênaa dèn ampah | mati ya ngumurku dhewe | wong nêdya mrih pinutus | panunggale Hyang Maha Suci | Arya Sena saksana | kalepat sumêmprung | Sri Narendra Yudhisthira | miwah ari katiga ngungun tan sipi | lir tinêbak mong tuna ||

6. tan winarna kang kari prihatin | kawuwusa lampahira Sena | tanpa wadya amung dhewe | mung bajra sindhung riwut | ambêbênêr murang ing margi | prahara munggèng ngarsa | gora rèh gumuruh | kagyat miris wong padesan | kang kaambah kang kapranggul dhodhok ajrih | andhêpès nêmbah-nêmbah || Continue reading

Alap-alapan Surtikanthi

Sumber : http://www.sastra.org/bahasa-dan-budaya/95-wayang/1238-alap-alapan-surtikanthi-jayasuwignya-1930-170

Alap-alapan Surtikanthi, Jayasuwignya, 1930, #170

1. Sinom

1. tarunaning rèh ukara | nuwila gônda kang nulis | mêmalar sagung nupiksa | manawi wontên kang sisip | mung kumêdah ngêngawin | mamrih sukanirèng kalbu | sagung kang sarju miyat | tuladhaning crita nguni | datan liya amung nyênyadhang aksama ||

2. kang ngarang balilu nyata | tan wikan paramèng tulis | mèngêt duk panuratira | nujwari Jumuwah Pahing | tri likur Sahban sasi | Ehe ing warsa tinutur | sangkalanirèng warsa | nir rasaning srira aji |[1] cinarita kang môngka jêjêring kôndha ||

3. ing nguni natèng Ngastina | Prabu Jayapitanaji | anglamar maring Mandraka | mamrih garwa narapati | Sang Dèwi Erawati |

— 95 —

kinarya sayêmbara wus | murca saking jro pura | mangkana kang antuk kardi | Baladewa narendra nagri Madura ||

4. wurungira sri narendra | karsanira tan ngunduri | tumurun putri pamadya | parab Sang Dyah Surtikanthi | uwus tinampan yêkti | mangkana wau winuwus | nuju sawiji dina | mangkana Sri Kurupati | asewaka lênggah dhampar mas sinotya ||

5. munggwèng singangsananira | balabar kang samya nangkil | pra kadang satus Kurawa | pêpak kang para dipati | tan ewah sabên ari | ingkang kaparêk ing ngayun | Sang Maharsi Sokalima | lan Paman Arya Sangkuni | dhêdhêp sirêp tan ana sabawanira ||

6. kocap nagri ing Ngastina | tuhu nagari linuwih | jumênêngirèng narendra | binathara nyakrawati | praja gung loh jinawi | pasir wukir panjang punjung | praja ngungkurkên arga | amangku sungapan tasik | murah sandhang miwah pangan sru kuncara ||

7. kaloka nagri Ngastina | tan nate kambah pagêring | tan kasrambah ing pahilan | sagung kang tinandur dadi | rajakaya mênuhi | pitik iwèn kathahipun | angrêbda datan ana | bêbaya miwah panyakit | wong sapraja kanohan amangun suka || Continue reading

“Limbuk” Khoirun Nisa

By MasPatikrajaDewaku

Obrolan Cangik-Limbuk

. . . . . . agoreh pan dadya pantes, ma lar kung, Oooo. . . . . __________________

Cangik: nDuk, anakku Khoirun Nisa. Dina dina iki tak ulatke pasemonmu kok ketok sumringah. Sedhela sedhela mesem, sedhela sedhela ngguyu dhewe. Aku kok ngrasaake uwas kepara kuwatir. Sebab apa, lha lehmu mesem mesem kuwi mung dheweyan. Lha yen aku sing ndelok, ora papa. Sabab kowe kuwi anakku. Anak sing mung siji, bebasan rina pantaraning ratri ora nate ginggang sak rambut. Dadi sakpolah tingkahmu, sak solah bawamu aku wis ora samar. Lha yen wong liya sing nyawang kowe mesem ngguyu dhewe, lha mengkone malah njuk ngira yen kowe ki saiki wis owah nduk. Mak mu mbok diwenehi ngerti, sababe apa tingkahmu kaya ngana kuwi?

Limbuk: Oooalah Mak, tibake kowe ya nggatekake aku ta?

Cangik: Lha iya mesti ta nduuk. Kowe kuwi anakku mung kari siji thil. Mesthi wae kowe dadi telenging netra. Oooh nduk . . nduk, yen aku nyawang kowe suwe suwe, aku njur keranta ranta kemutan jaman semana.

Limbuk: Yen kemutan jaman semana njuk kowe keranta-ranta Mak, lowung prastawa mbiyen kuwi diilangke wae saka memory-mu Mak. Mundak dadi ri sakjoning daging, ora wurung ngrusakke raga. Mangana okeh mana, njur panganan sing mlebu padharanmu kuwi ora dadi daging, nanging manganmu okeh kuwi malah mung njupuki jatahe wong liya. Mangan okeh nanging tetap kuru kaya kowe kuwi Mak, kuwi rak jeneng efisensi metabolisme awakmu kuwi elek Mak.

Cangik: Lho, kathik tembungmu saiki ndakik ndakik, ana tembung memory, efisiensi, metabolisme . .  aku ora dhong ki Nduk. Ning iya kuwi Nduk, ngilangi pengeling eling kedadeyan jaman semana ora padha gampange kaya dene ngilangi pengemut-emut sing kasimpen ana ing prangkat elektronik jaman saiki. Yen memory sing mbok sebutake mau kang ana ing uteke menungsa kuwi mbok sedina kaping pitulikur kae dicoba linaleake, ora orane malah ilang, malah saya jero kapendhem ing pangeling eling je nduk. Perkara awakku sing singset mana, mbok menawa ya sebab saka nggonku kokehan mikirke kowe, jare nduk!

Limbuk: Ooalaah Maak, iku jeneng bir temu lawak, yen dipikir ngrusak ke awak. Continue reading

Ramaparasu [6] : Ontran-ontran Ing Maespati

Dhalang: MasPatikrajaDewaku


Kocap kacarita, Prabu Rahwana Raja, tan kena sinayudan  pepenginanira arsa anggarwa Dewi Citrawati. Sanadyan wus mangerteni yen Sang Rajaputri wus kapundhut garwa dening Prabu Harjuna Sasrabahu, nanging Raja putri kang wus winartan dadya titising Batari Widawati lan kondhang sulistya ing warna, tansah katon malela tan kena ilang kinedhepake. Warta kang wus kaladuk angebeki jagad, sapa kang kuwawa anggarwa titising Batari Widawati, bakal urip mulya langgeng ing jagad.

Mila Prabu Rahwana ya Prabu Dasamuka adreng nglurug ngrabaseng prang nggelar baris segelar sepapan. Jroning lumampah saka ing negara Alengka, para bala raseksa Alengka njejarah rayah para kawula Maespati ing desa-ngadesa, keh para kawula kang padha kaprawasa. Patih Suwanda kang murina sigra mapag krodhane Sang Rahwana Raja. Senadyan ngetog sakehing kasekten, nanging datan widagda ngrangsang jurit, temah gugur ing payudan. Dadya ngigit igit tyase Sang Sri Harjuna Sasrabahu.

Kanthi sarira tunggal, Prabu Harjuna Sasrabahu nrenggalangi mungsuh, datan rila lamun patih kang cinaket, tumekaning tiwas. Triwikrama Sang Prabu! Kasaut wani Raja ing Alengka, sigra kapikut-kabanda lan sineret ing rata. Wales ukum kang ngluwihi siksane marang Prabu Dasamuka karana males tindak siya marang gugure Patih Suwanda.

Continue reading

Ramaparasu [5] : Harjuna Sasrabahu

Dhalang: MasPatikrajaDewaku.

Datan kawursita tindake Sang Ramaparasu, Genti kang cinarita, perak ginawe adoh, doh ginawe perak. Kang ana ing nagari Maespati. Sinten ta ingkang ngasta pusaraning adil ing kana, nenggih jejuluk Sang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu darbe watak ber budi bawa laksana, remen paring sandhang marang kang kawudan, paring teken wong kang kalunyon lan paring usada marang kang nandhang sesakit. Sang Prabu uga darbe watak dana wesi asat, tan kersa sesukan lan datan remen tedhak marang sajabaning kedhaton. Sang Prabu amung tedhak lamun ana sabab kang kumudu kudu tinandangan pribadhi.  Senajanta Sang Prabu sinung kasekten kang magila gila, nanging Prabu Harjuna Sasrabahu datan darbe krenteg ngrabasa prang nglurug bala ngelar jajahan marang manca praja. Nanging maksa keh para raja manca nagari kang padha sumuyud sumawita datanpa sarana kagebuging yuda, amung padha kayungyun marang pepoyaning kautamaning Narendra.

Sang Prabu Harjuna Sasrabahu kagungan garwa, nama Dewi Citrawati.  Putri kang sulistya ing warna, titising Bathari Widawati. Putri saking Nagari Magada, kang duk inguni rinebutan dening para raja saka saindengin ndonya kang tuggal karep ngayunake Sang Dewi.

Nanging kadi cara punapa dene sang Prabu yekti unggul ing ngayuda ngasorake para raja sewu negara kang sedya ngayunake Sang Dewi?  Yekti Sang Prabu nalika samana andhuta sang Rekyan Apatih kang nama Patih Suwanda kang tuhu sura sekti. Ing kana kaleksanan Patih Suwanda ngasorake para raja, misungsung putri boyongan marang ratu gustinira, Prabu Harjuna Sasrabahu.

Ngambali carita kang wus kawuri, nalika samana Patih Suwanda kang jroning lumaksana bali marang Nagri Maespati ngudarasa jroning ndriya

“Sewu raja kaleksanan tak asorake yudane, kanthi ora ngetogake kasudibyan lan kasektenku sakwutuhe. Nanging saiki aku nedya ngaturake putri boyongan menyang gustiku kang aku durung nate anjajagi sepira kaprawirane. Aja aja kasudibyane ora angluwihi saka kasektene raja sewu negara kang nembe tak asorake. Yen pancen kaya mangkana, apa bebathen kang kasandhang  jenengingsun, lamun aku ngawula marang Sang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prayoga lamun ingsun ndadar, sepira kadigdayane Prabu Harjuna Sasrabahu”.

Wus dumugi ing kedhaton Maespati, Suwanda kang nembe keduga mboyongi Dewi Citrawati, lumarap lan matur ing ngarsanira sang Prabu.

Continue reading