Category Archives: Ki Sugino Siswocarito

UNDUR-UNDUR KAJONGAN (IN MEDIAFIRE) – Ki Sugino Siswocarito


Prabu Kresna sing diampingi Setyaki nimbali para patih yakuwe Patih Udawa, Patih Nirbita, patih Andakasura, Patih Sucitra, Patih Tambakganggeng, Patih Drestaketu, Patih Gagakbongkol lan Patih Prabakesa. Rika apal ora patih sekang ngendi bae? Angger durung apal rungokena maning lakon kiye.

Para patih ditimbali sebab ilange Raden Arjuna karo Raden Werkudara, mangkane perang Bratayuda mbutuhena kesektene kekarone.

Lakon seri Bratayuda kiye wis ilang sekang Jumbofile. Jan inyong gela banget. Wis komplen bola bali, tapi ora nana wangsulan sekang provider-e.

Ora arep gawe kuciwane para sedulur pendhemen Ki Sugino, kiye bribik-bribik tek unggah maning lakon kiye neng mediafire. Muga muga ora ilang maning senajana jere angger ora tau diundhuh ya wekasane ilang uga.

Manggga, angger sing durung tau DL, link-e neng kene:

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 1A

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 1B

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 2A

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 2B

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 3A

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 3B

UNDUR-UNDUR KAJONGAN4A

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 4B

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 5A

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 5B

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 6A

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 6B

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 7A

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 7B

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 8A

UNDUR-UNDUR KAJONGAN 8B

RAMA TAMBAK – Ki Sugino Siswocarito


Prajurit Pancawati salebeting samudra ngadhang raksasa saking Ngalengkadiraja ingkang wola-wali ngrisak bangunaning tambak.

Para sturesnaning ringgit mesthi sampun mangertosi lampahan Ramayana ingkang setunggal menika. Sasat saben dhalang sampun nate manggungaken lampahan Rama Tambak ingkang yektos dados satunggaling lampahan ingkang anggadhahi panggenan ingkang mirungan wontening salebeting sanubari. Kadhang, lampahan menika kapanggungaken mligi kagem mengeti utawi kagungan makdsud kangge upacara ingkang tumuju dhumaten keslametan.

Ing mriki Ki Sugino nggelar lampahan Rama Tambak ingkang kagelar wujud serial ingkang kawiwitan saking lampahan Anoman Dhuta lan dipun pungkasi lampahan Rama Nitis.

Ingkang kepareng mundhut audionipun kula aturi klik ing MRIKI

——————————————————————————————-

Innalillahi wa Inna Illaihi Roji’un.
Ndherek ngaturaken bela sungkawa. Sampun kapundhut ing ngarsanipun 
Gusti Allah, Ibu Roni Subari, garwanipun Bapak Roni Subari, 
Sekretaris Paguyuban Pecinta Wayang (PPW)
Mugi ingapuran sedaya dosa kalepatan lan katampi ing ngarsanipu 
Gusti Allah sedaya amal ibadahipun.
Dene ingkang tinilar, sageda kiyat imanipun lan tabah nampi 
pacoban punika.
 
Amin.

Saking Admin lan sagunging para rawuh ing “wayangprabu.com”

BERBURU KASET AUDIO ING KALANING LIBURAN KECEPIT


Liburan Hari Kejepit tanggal 23 Maret wingi kula sampun ancang-ancang badhe ngeteraken lare mbajeng seminar lan ngiras pantes tuwi lare bontot ingkang taksih kuliah wonten njaban kitha Jakarta. Lha keleres malih, sampun sewulan menika kula mboten nate convert audio awit mboten wonten bahan malih kangge ngisi audio wonten blog, angkahipun mangke sekaliyan berburu wayangan audio wonten kitha alit ingkang samangertos kula taksih wonten kaset audio wayangan.

Ndilalah kaya tumbu oleh tutup, Mas Edy Listanto ngabari lewat SMS menawi Mas Santoso ingkang pidalem wonten ing Bandung kersa nelpon sekedhap malih. Mekaten isinipun SMS.

Mboten watawis menitan, Mas Santoso sampun ngebel. Ngobrol gendhu raos saking kareman ringgit umumipun, melembar kareman khusus midhangetaken KNS, lajeng MaS Santoso kersa nitip ringgitan saking Ki Sugino.

Jum’at enjang, kula sampun dugi toko kaset. Pilah pilih angsal 8 lakon saking Ki Sugino lan 1 lampahan saking Ki Timbul Hadi Prayitno.

Kaset saking KNs wonten kalih ingkang kasedhiyaaken wonten toko. Nanging kalih kalihipun sampun wonten ing unggahan “wp”.

Image

Janipun kejawi 8 lampahan saking Ki Sugino ingkang kula pendhet, taksih watawis 10 langkung lampahan saking dalang sanesipun antawisipun Ki Anom Suroto, Ki Manteb Sudarsono lan Ki Sugino piyambak ingkang dereng sempat kula boyong awit keterbatasan dana. Dene lampahan ingkang katindakaaken dening Ki Hadi Sugito ingkang nalika samanten kula prangguli sampun gusis tanpa tilas.

Senajan makaten, toko sampun paring kalodhangan saged mesen lampahan ingkang dipun keparengaken badhe dipun pundhut mangke. kanthi sarana transfer lan kekirim lewat ekspedisi kiriman.

Ing mriku sampun wonten pribadi ingkang nulis lampahan ingkang dipun kersaaken lan kula ugi nambahi nulis lampahan saking Ki Nartasabdo lan Ki Sugino ingkang kula kajengaken. Amargi mboten apal lampahan saking Ki Hadi Sugito ingkang sampun minggah lan dereng, mangke mbokmenawi lajeng kita lantaraken dhateng toko pesenanipun.

Kados kecathet ing ngandhap, menika lampahan ingkang kula pendhet lan mbaka setunggal badhe kula aturaken kaliyan panjenengan sedaya.

  1. Kresna Dhuta
  2. Pendhawa Kependut
  3. Rama Tambak
  4. Aswanikumba-Kumba-kumaba Lena
  5. Antasena Ngraman
  6. Suryandadari
  7. Praconadewa Gugat
  8. Kuntul Wilanten (Ki Timbul Hadi Prayitno)

Nuwun sewu lampahan Karno Tandhing (KSSC) lan Salya gugur (KSSC) Pundutanipun Mas Santoso dereng wonten.

Senajana mekaten, ing wekdal ingkang mboten lami malih, badhe kula inggah lampahan ing ngandhap:

  1.  Lahiripun Wisanggeni (Ki Sugino) paringanipun Mas Supri Banyumas.
  2.  Anoman Obong (Ki Sugino) paringanipun Radio Mutiara Bandung lumantar Mas Rony Subari. Lan
  3. Antasena Takon Rama, (Ki Sugino) ugi paringanipun Radio Mutiara Bandung.

Senajan no 2 lan no 3 seri terakhir teksih cicir wonten seri pungkasan, nanging tetep kula unggah sinambi ngentosi bokmenawi wonten ingkang aba menawi kagungan jangkepipun.

Maturnuwun Mas Marmin mBanyumas sing kersa rawuh wonten ing gubug tinggalan wong tuwa lan Kang Supri lan Mas Marmin sepindhah malih sing mpun maringi buah tangan.

Gareng Dadi Ratu – Ki Sugino Siswocarito


Oleh: MasPatikraja
Post yang ke 100

Cerita carangan dari Ki Sugino kalau kita perhatikan mempunyai kemiripan satu sama lain. Kita ambil contoh disini adalah yang berhubungan dengan lakon yang kali ini akan kami share kepada teman teman. Cerita antara Gareng Dadi Ratu, Durna Gemblung dan Gareng Larung atau Wader Bang Sisik Kencana.

Semua lakon yang saya sebut adalah menceritakan Pendita Durna yang masih saja mengincar Srikandi setelah sekian lama Srikandi dipersunting oleh Raden Arjuna

Raden Janaka ketamuan Pendita Druna dan Prabu Baladewa. Pandita Druna memancing di air keruh ketika Wara Sembadra sedang sakit. Ia menuduh Srikandi sebagai biang dari sakitnya Wara Sembadra

Read the rest of this entry

Wisanggeni Krama – Ki Sugino Siswocarito.


Dening: MasPatikraja

Wonten ing lampahan Wisanggeni Krama dhalang sanesipun ing gagrak Surakarta, menawi katandhingaken lampahan saking gagrag mBanyumasan tetela benten sanget. Contonipun panjenengan saged mbetenaken lampahan menika kaliyan lampahan ingkang sami, ingkang kagelar dening Ki Nartosabdo.

Wonten ing pagelaranipun Ki Nartasabda, Wisanggeni krama pikantuk Dewi Mustikawati ingkang nyuwun bebana tigang perkawis ingkang winasatan tiga mustika, inggih menika mustikaning geni, mustikaning angin lan mustikaning banyu.

Raden Wisanggeni – Koleksi Mas Agus “Mahesa Jenar” Wiyarto

Mustika tetiga menika nyatanipun sampun sumandhing wonten ing caketipun Raden Wisanggeni, awit mustika menika awujud garwanipun ingkang ramanipun, Raden Janaka, inggih menika  Dewi Dersanala ingkang putrinipun Bathara Brama dewaning agni, Dewi Barunawati ingkang putrinipun Bathara Baruna dewaning tirta lan Dewi Marutawati putri saking Bathara Bayu.

Read the rest of this entry

Brajadenta mBalela-Ki Sugino Siswocarito


Dening MasPatikrajaDewaku (PPW 11-01-0006)

Makarya sesarengan kaliyan Radio Mutiara AM Bandung)

 

Pasugatan ingkang kepareng kula unggah menika ringgit Banyumasan ingkang katindakaken dening Ki Sugino Siswocarto. Lampahan menika taksih koleksi kaset saking Radio Mutiara AM Bandung. Maturnuwun sepindhah malih kula aturaken dhumateng para pangarsa Radio Mutiara AM Bandung ingkang sampun kesdu paring palilah ngampilaken kaset menika lumantar sumitra kula saking Bandung, Pak Roni Subari . Senajan menika kaset sampun umur watawis 30 tahun kepengker lan track swantenipun taksih mono, nanging mawola-wali kula sebataken, file menika taksih kenging kawastanan taksih sae tumrap upaya nguri-uri kabudayan ringgit purwa mliginpun gagrag Banyumasan. Sakalangkung mligi, ringgit purwa ingkang katindakaken dening dhalang ingkang dados panutan, tumraping panggungan gagrag Banyumasan, Ki Sugino Siswocarito.

Saksampunipun asil convert digital sawatawis kula simpen lan nengga wekdal kaunggah ing wayangprabu.com, ndilalah ingkang siap tayang kanthi laju bit 128Kbps kados biyasanipun, mboten saged kaunggah amargi perangkat komputer wonten nggriya crash.

Untungipun, menika khas tiyang Jawi, senajanta crash nanging taksih untung, file ingkang kula simpen alit-alit laju bit-ipun taksih kula simpen wonten ing external hard disc. Mila inggih mboten wonten pilihan, file ingkang wujudipun file mini menika ingkang kula aturaken kaliyan para pandhemen ringgit, mliginipun ringgit purwa gagrak mBanyumasan saking Ki Sugino.

Senajanta mekaten wonten watawis lampahan inggih menika Anoman Obong-Ki Sugino, Semar mBangun Kahyangan-Ki Sugino, Antasena Takon Rama-Ki Sugino, Pergiwa Ratu-Ki Anom Suroto lan sawatawis lampahan wayang kulit lan wayang golek malih kedah dipun ambali proses konvert-ipun menawi files mboten saged kapulihaken mangke.

Dene cariyos Brajadenta mBalelo menika keleresan kados sampun wonten ingkang request nalika semanten, saking salah satunggaling tamu ingkang paring comment wonten ing unggahan ingkang sampun. Mugi mugi, lampahan menika saged damel marem tumraping ingkang sampun nyuwun lampahan menika mliginipun, lan para sutresna wayang Ki Sugino umumipun.

Lampahan Brajadenta mBalela menika kawiwitan jejeran ing negari Pringgandani, ngrembag bab

sampun tigang pisowanan dene Brajadenta mboten marak seba. Mila Prabu Anom Gathutkaca nyuwun pamanggih kaliyan Raden Brajamusti.

Mboten nami Raden Brajamusti tumbak cucukan, dene Raden Brajamusti matur walaka, namung aturipun menika amargi anjagi karahayuning praja. Amargi kadang Braja menika dados saka guruning kekiyatan Pringgandani.

Aturipun Raden Brajamusti dhumateng ingkang pulunan, Raden Gathutkaca, bilih Dewi Pandhansari, garwanipun Raden Brajadenta, menika ingkang yektosipun dados tuk sumbering tumindakipun Raden Brajadenta ingkang tindak ngraman, mbalela, mbondhan tanpa ratu, mirong kampuh jingga.

Dewi Pandhansari mboten rena menawi namung dados garwanipun Adipati ing Glagah Tinunu.

Senajana makaten, Raden Gathutkaca ingkang mangertos larah larahipun dene Brajadenta nindakaken kraman, malah yektos badhe paring kalenggahan Praja Pringgandani dhumateng ingkang paman, Brajadenta, kanthi  lila legawa.

Nanging Raden Brajamusti mboten sarujuk, lajeng mijangaken larah-larahing kadang Braja

mboten kenging nglungsuri kalenggahanipun ingkang rama Prabu Trembuku. Saterasipun Praja Pringgandani kedah kebawah keprentah dening turuning wiji luhur. Prastawa menika kawijangake dening Raden Brajamusti, wontening lampahan ingkang kasebat Arjuna Liyep. Selajengipun ugi ngengeti bilih Negari Pringgandani sampun kedunungan boyongan wujuding manungsa saking manca ingkang dedunung ing salebeting praja, temah Praja Pringgendani dados negari ingkang reja.

Raden Brajamusti lajeng dipun paringi purbawasesa kapurih ngarih-arih ingkang raka Raden Brajadenta, supados lerem anggenipun madeg ngraman. Dene  iguh pertikel kados pundi anggenipun paring wewarah kasumanggaaken, ingkang wigati ing mangke sampun ngantos andadosaken daredah lan pasulayan.

Saksampunipun Raden Brajamusti bidhal dhateng ing Kasatriyan Glagah Tinunu, Raden Gathutkaca kadunungan raos ingkang tidha-tidha. Amargi mangertosi bilih watak wantunipun para kadang Braja menika gampil mulad menawi kecenthok ing tembung sora. Lajeng Raden Gathutkaca jengkar anjampangi lampahipun Raden Brajamusti lan Brajawikalpa.

Kocap kacarita nalika semanten Raden Brajadenta saweg kaadhep dening punakawan Togog lan Sarahita. Raden Brajadenta nyuwun aturipun Ki Tejamantri larah larahipun dene ingkang rama, Prabu Trembuku maringaken negari Pringgandani dhumateng ingkang wayah Raden Gathutkaca. Lajeng konsultan para sabrang menika negesaken tembung warisan lan warasan. Puntoning rembug, Togog malah dipun jempalani kaliyan Raden Brajadenta amargi mboten narimah kaliyan aturipun Togog lan mboten ndadosaken rena ing penggalihipun Raden Brajadenta.

Leres pandhuganipun Raden Gathutkaca, Raden Brajadenta lan kadangipun anem sami bandayuda pungkasanipun, saksampunipun rembag sarana aris mboten saged angrampungi damel. Pancakara rame andadosaken kadang Braja sami nglumabarah. Raden Gathutkaca ingkang lajeng nyepeng pedhang Sukayana kagunganpun Raden Brajadenta lan badhe kawangsulaken dateng ingkang paman, kawastanan bilih plunanipun badhe nyirnakaken Raden Brajadenta. Rumaos ajrih, Raden Brajadenta lumajar keplayu anggendring kininten menawi badhe kapejahan.

Plajaripun Raden Brajadenta lajeng kacemplung ing Sumur-upas wonten ing tlatah Pasetran Gandamayit. Dene Raden Gathutkaca ingkang nginten menawi ingkang paman sirna, lajeng getun kepara malah nandang raga rikala sampun kondur dhateng Praja Pringgendani.

Lampahan malembar dumugi Negari Ngastina, amargi ing mriku Dewi Banowati kacidra asmara dening Raden Gathutkaca tiron lajeng Sang Prabu Duryudana utusan Pendita Durna kinen paring lapuran kaliyan para kadang Pandhawa kapurih ngrangket Raden Gathutkaca ingkang tindak culika.

Sanalika kebranang raosipun Raden Werkudara lan Raden Arjuna mireng palapuranipun Pandhita Durna. Kalih-kalihipun satriya Pandawa tanpa pamit nilar pasewakan kanthi pamrih ingkang benten.

Kados pundi ramenipun Ki Sugino anggenipun nggancaraken lampahan Brajadenta mBalela? Para rawuh ing wayangprabu.com kula aturi ngundhuh file ingkang senajanta alit alit, nanging tumrap kula, menika dereng ndadosaken degradasi saking aslinipun ingkang wujud kaset.

 

Menika link-ipun:    http://jumbofiles.com/user/Samudrianto/67609/Brajadenta_mBalela

Ki Sugino Siswocarito – Wisanggeni Murca


Digitalized by MasPatikrajaDewaku.

Makarya bareng karo Radio Mutiara AM Bandung

Lha kiye inyong teka maning. Sekiye lakon sing tek unggah lakon ana gegayutane karo Wisanggeni. Mesthine para rawuh neng “wayangprabu” mligine wong penginyongan pada ngarep arep sebab angger Dalang Gino nyuwarakena Wisanggeni jan cocog banget karo selerane wong penginyongan padha. Sebab kiye mung audio, dadi ya wis klop banget denggo ngayalena kepriwe sosok Wisanggeni angger dirungu suarane lewat Dhalange sing jan timbrene serak serak. Angger ana gambare, jane sih tambah seneng maning angger weruh aglang-eglenge Antasena. Jan klop banget angger Antasena ketemu karo Wisanggeni. Sayange, tokoh Wisanggeni neng lakon kiye jan mung kocap thok.

Lah ngomongena lakon kiye, sing judhule Wisanggeni murca. Murca maring ngendi ya kang? Terus kepriwe gegeyutane karo Gatutkaca, Dewi Suryawati lan Dewi Galawati? Tek critani disit sarwa sethithik denggo pengantar donlot kiye.

Kocapa neng Neng Negara Petapralaya, ana ratu sing jejuluk Darma Radeya utawa Darma Dewa. Lah sapa maning kiye. Sing ngadhep neng ngarsane Sang Prabu sing lagi nganakena pasowanan, ora kejaba putrane sing aran Raden Surya Kesuma lan Patih Jayasaraba.

Nalika semana Prabu Darma Radeya lagi sungkawa, awit putrane sing aran Dewi Suyawati nuju dadi kembang lambe, dilamar dening ratu selawe negara. Ana maning sing dadi pikirane, senajan bungahe kayangapa, angger para ratu akeh sing seneng karo putrane, tapi angger jenenge wong wadon, ora nana jamake ngewayuh kakung. Apa maning angger mikirena pengincim incim sekang para raja sing angger ora bisa bisa nggayuh Dewi Suryawati, bakal gawe karangabang ngrusak negara Petaperlaya.

Lewih sedhih maning rawuhe Pendita Drona, sing nambah “daftar panjang” daftar penglamar Dewi Suryawati. Mesthine tekane Drona tumrape penonton sih jan marahena nyengit, tapine gawe ger-geran. Sekang putege Prabu Darma Radeya, Pendita Drona karo Adipati Karna dikon ketemu dewek karo Dewi Suryawati, apa gelem diboyong karo Pendita Drona maring Negara Ngastina dadi sisihane Raden Lesmana Mandrakumara.

Tapi tankocapa, bareng teka maring keputren, neng kono ana Antareja sing main tembak langsung alias “shortcut” mlebu maring petamanan njedhul lewat bumi. Antareja duwe karep sing padha, arep mboyong Suryawati. Antareja ngajak Dewi Suyawati bali maring Sumurupas, ora usah nganggo matur maring ramane.

Suryawati sing ora kepareng melu, mlayu diuber karo Antereja, kepapag karo Adipati Karna. Sulaya rembug dadi peperangan. Lagi Adipati Karna ngunus Kunta Druwasa arep merjaya Antareja, Raden Antasena njedhul nyandhak Antereja mundur.

Apa maning kiye jajal kang, kenangapa Antareja ketemu karo Antasena neng petamanan Petaperlaya. Jan jane kiye loro-lorone anak Werkudara, anu pada diutus karo ramane, kon padha nggoleti ilange Raden Gathutkaca. Koh jebule pada pating bedhengus neng kene sih ya? Raden Antareja blaka angger dheweke kepengin nggarwa Dewi Suryawati. Rembuge kepriwe? Mangga digatekena neng bagiyan 4A.

Senajana kaya kuwe, Antasena sing ngerti angger patrape Adipati Karna sing ngumbar senjata Konta kuwe jane nyalahi empan papan.  Mulane Antasena sing temandang ngadhepi kridhane Adipati Kana. Lepase Kunta Druwasa ditampani karo Antasena, ora papa, malah senjata Kunta dibuang karo Antasena. Lagi Drona arep maju, dipisah karo Pati Jayasaraba. Loro-lorone pihak ditimbali karo Prabu Darma radeya. Wose Dewi Suryawati nyuwun kudangan wujud jago kate mas sing bisa kluruk unine Jagad Dewa ya Bethara. Lha kiye sih! Sing duwe jago kate sing kluruke Jagad Dewa Bethara ora nana liya kejaba Drona dhewek. Jere!

Kepriwe terusane kang? Kepriwe “hubungane” karo Gathutkaca sing lagi tapa neng alas Mandhalasraya detunggoni karo kewan sing wujud sardula. Apa ana “hubungane” Gathutkaca karo sing jeneng Dewi Suyawati lan Dewi Galawati.

Terus apa maning sambung rapete antara jago kate sing kluruke Jagad Dewa ya Bathara karo Wisanggeni?

Angger wis ana sing ngerti ya sukur. Tapi kayangapa-a angger Kaki Gino gole mayangena lakon Wisanggeni Murca, kayane njenengan rugi angger ora migatekena kewasisane. Tela angger crita wayang, kayane ending-e si akeh sing wis ngerti. Tapi jan-jane wayang kuwe bisa ndadekena kenikmatan batin angger inyong sampeyan pada migatekena gendhinge, ya suluke, lekak lekuke suara sindhene lan sepiturute. Malah jere kang Kang Tohirin, krungru kecreke Dalang Gino be jan rasane anu marem banget.

Mulane ora aneh angger akeh sedulur kita sing angel degiring sekang bab kecrek utawa keprak utawa kepyak kebiasaane ngrungokena wayang. Ana sedulur sing angger ora nganggo kepyak sing suarane thing thing thing  . . . . . .  ya trima ora nonton apa ngrungokena wayange. Senajana suara thing thing decampur karo crek crek senajana mung semendhing bae, anu terus ana sing ngilari. Jere ora murni maning. Ora karuwan rasane.

Tapi tumrape inyong sih ya kang, arepa keprak suara thing thing (ora nganggo Ayu) apa suara crek crek, esih bae dearani wayang. Dadi tetep dadi kekareman. Paribasane panganan, arepa gudheg, sega liwet, sroto-mendhoan (matur nuwun mendhoane kang Budi Susilo) malah keredhok ya inyong ora ngilari. Akeh sing bisa dinikmati, akeh uga aneka rupa asupan gizi (jiwa) sing mlebu ngawak denggo nguwati jiwa-raga. Nggih napa nggih? Nggiiiih . . . . . .

Mangga dirahabi wayangan Banyumasan niki. Link-e kang? kiye ora kelalen koh inyong:  http://www.mediafire.com/?vs7adscxwksff

KSSC- Gathutkaca Rangsang (Audio)


Dening MasPatikrajaDewaku (PPW 11-01-0006)

Sesarengan kalih: Radio Mutiara AM Bandung.

 

Lha kiye link-e wis komplit: Gathutkaca Rangsang MP3 sekang Ki Sugino Siswocarito

Waranggana: Nyi Suryati, Nyi Sri Kamiati lan Nyi Jumirah.

Mangga Sugeng ngrahabi.

————————————————————————————–

FILE MP3 GATHUTKACA RANGSANG DITUJUKAN UNTUK PARA PENGUNJUNG BLOG wayangprabu.com DAN UNTUK KEPERLUAN KONSERVASI

TIDAK UNTUK KEPERLUAN KOMERSIAL!!

————————————————————————————-

  1. http://mediafire.com/?0uw55fa7429o2nr
  2. http://mediafire.com/?oa3p7aqxlw4niv6
  3. http://mediafire.com/?17tld1qy0d73q4v
  4. http://mediafire.com/?5ntutl6dx5ngfdn
  5. http://mediafire.com/?m7wrk8zh6ga1jz7
  6. http://mediafire.com/?m7wrk8zh6ga1jz7
  7. http://mediafire.com/?11617y6x52xboal
  8. http://mediafire.com/?qc89oyroruz4ank

Gathutkaca Rangsang – KSSC (Sinopsis)


 (Mekarya bareng karo Radio Mutiara AM Bandung)

Dening MasPatikrajaDewaku (PPW 011-01-0006)

Ndeleng kaset kiye sing gambar sampule ana pagelaran panggungan lakon Gatutkaca Rangsang, inyong kemutan karo kaset khas Ki Gino sing versi pagelaran. Kaset versi gambar pagelaran angger tak gatekena jan nyeni banget. Ora ketinggalan ana gambare Bawor, bareng karo tokoh sing dadi rol-e crita. Sayange gambare sampul ora bisa tak muat sebab ireng putih cenderung ireng ndhetheng.

Para sedulur, kaset kiye esih sumbangan sekang Radio Mutiara AM Bandung, sing senajana radio sing madeg neng tanah Pasundan, tapi gandheng akeh banget para sedulur Jawa sing pada mbebara neng kana, mulane Broadcast kiye ngaturaken siaran wayang kulit sing pancen esih akeh sing ngenteni siarane

Tapi angger dirasakena rekamane, jan temenan maen, nyaris ora nana cacade. Mung sewetara neng kaset akhir kaset nomor 5 karo kasete no 6 setengah awal, suarane mandan miring. Dadi angger ora diolah, ya mandan ora ngepenakena. Senajana diolah tapi tetep ora sempurna. Ngapunten nggih para rawuh.

Pagelaran kiye dirawuhi karo Ki Anom Suroto sing kersa nonton rekamane Ki Sugino. Kiye inyong ngerti lagi adegan gara-gara. Rekaman kiye uga padha dirawuhi kanca kanca seniman liyane sekang Klaten.

Senajana kaya kuwi sindhene kabeh sekang tlatah mBanyumas. Tek sebutena, kaya Nyi Kamiyati, gemiyen bojone Ki Dhalang Daulat Karsito. Nyi Jumirah karo ora ketinggalan Ny Suryati. Senajana sindhene mung telu tapi para sedulur pada bisa nggatekena kepriwe suarane para ibu waranggana gole ngaturake lagon sing jan gawe padhange ati.

Lakone dhewek kang, kiye jane terusane rebutan antarane Gathutkaca karo Bomantara neng lakon Kikis Tunggarana. Tela angger Dalang Gino, lakon carangan esih bae ana anakane carangan maning.

Angger Bomantara karo Gatutkaca sing dadi lakon, mesthi ramene. Apamaning angger sing dienggo dredah ora nana liya Kikis Tunggarana alias Alas Tunggul Rana. Para sedulur sing durung tau mirengaken kepriwe sih larah larahe anu alas kiye denggo rebutan antarane kekuatan Pringgendani karo Trajutrisna, kiye tek tirokena sekang Dalang Gino.

Kocapa gemiyen lagi Prabu Trembuku, eyange Gathutkaca,  esih sugeng, ana sawijining  mitrane Prabu Trembuku kang aran Ditya Naga Rangsang. Nalika semana, Naga Rangsang kepareng ngampil wilayahe dinggo dedunung lan ngedegena kraton. Wilayah Pringgendani sing disilih arane Alas Tunggarana. Tapi Nagarangsang esih kebawah dening Prabu Trembuku, mulane saben sawetara wektu, kraton Guwa Langse, kraton sing dibangun Prabu Nagarangsang, Naga Rangsang asung bulu bekti glondhong pengareng areng.

Neng perjanjian silih wilayah kuwe, Naga Rangsang mung diwenehi wektu amung setungkulan, tegese amung saksugenge,  senajan Nagarangsang kagungan putra, kraton Guwa Langse ora dikeparengaken di turun anak putu.

Kocapa Prabu Nagarangsang nalika semana rebutan puta putrine Bethara Bayu kang jeneng Bethari Superti. Lawane nyata lawan sing sekti,  Raja Jangkarbumi kang aran Prabu Nagaraja. Nagarangsang tumekaning Tiwas. Sasirnane Prabu Nagarangsang, para kawula neng Negara Guwa Langse balik maring asale, yakuwe Negara Pringgendani. Kawitan saka kuwe, kraton balik maning dadi alas, tuwuh glagah pengalang alang, pawongan neng kana, ngarani alas Tunggarana.

Awit Nagaraja nganggep menawa deweke sing menang, Nagaraja munggah kayangan ngamuk neng kayangan njaluk Bathari Superti. Senajana titah, parandene Prabu Nagaraja bisa ngalahaken para Dewa, njur Batari Superti diboyong maring Jangkarbumi.

Prabu Nagaraja karo Dewi Superti nduwe turun loro cacahe. Mbarep aran Dewi Pertiwi. Dene sing wuragil aran Raden Pertiwanggana.

Nuju sawijining dina, Dewi Pertiwi klakon bedhang laku peteng sesingidan andon asmara karo Batara Wisnu. Jroning peteng jare anane mung lali. Lha jroning lali nggone bebedhangan sing ana amung rasa mulya. Ora suwe Dewi Pertiwi nggarbini lair kakung sing aran Bambang Sitija.

Nalika semana, ora suwe sekang prastawa kuwe, Wisnu nitis maring Prabu Bathara Kresa. Tapi senajana kaya kuwe, Bambang Sitija sing wis bisa ngalahaken Raja Surateleng, Prabu Bomanarakasura, tetep diaku putra karo Prabu Kresna.

Bambang Sitija, alias Suteja, alias Prabu Bomantara, alias Prabu Boma Narakasura (nunggak semi karo asmane Raja Surateleng) nggenti jeneng Negara Surateleng dadi Negara Trajutrisna.

Lha kiye perkara silih wilayah dadi ngembet tekan anak putu. Prabu Nagaraja sing rumangsa wis bisa ngalahena Raja Guwa Langse Prabu Nagarangsang, nganggep angger patine Prabu Nagarangsang, otomats negara Guwa Langse alias alas Tunggarana dadi darbeke Prabu Nagaraja nganti anak putune.

Paham mbokan para sedulur karo larah-larahe alas Tunggarana sing dadi dredah berkepanjangan? Apa cembenengan anu duwe versi dhewek? Mangga di-share neng kene lah, aja isin-isin. Wong inyong crita ya mung dhasar crita sekang dhalange.

Kaya biasane, desranti disit ya para sedulur, mengko angger link-e wis munggah rika pada tek wehi dalan denggo ngundhuh.

Ki Sugino Siswo Carito – Petruk Idu Geni (Audio)


Makarya bareng karo Radio Mutiara AM Bandung.

Dening : MasPatikrajaDewaku (PPW 11-01-0006)
Mangga lah para sedherek. Kiye Lakon Petruk Idu Geni
Dalang             : Ki Sugino Siswo Carito.
Karawitan        : Mudha Budhaya.
Pangarsa          : Ki Sugino Siswo Carito
Kendhang         : Ki Rasito.
Waranggana     : Nyi Suryati, Nyi Wahyuni, Nyi Suwarti.
Follow

Get every new post delivered to your Inbox.

Join 939 other followers

%d bloggers like this: