Pustaka

Pustaka

Silahkan mengunjungi blog persembahan Paguyuban Pecinta Wayang (PPW) yang khusus membahas pustaka budaya wayang

PUSTAKA WAYANG

Pustaka Wayang 2

Persembahan

  1. saking noer klaten,
    mas, nyuwun ngapunten kula nderek download, matur nuwun sanget….

    ____
    Lha monggo tho …
    Matur nuwun sampun mampir
    Klatenipun wonten pundi nggih ?

    • KuLo Nderek MaNgayu Bagya, aNggeNipuN WayangPrabu, Nguri-uri, tilaraN audionipun Ki NARTO SABDO,, SaHiNgga KuLo LaN Mugu-Mugi NgaNtos aNak turun Kulo iNg MbeNjaNg Saget NguNduh File ipun WonteN iNg Ngriki,,!!! NaMuNg paNyuWuN KuLo aMpuN dipun aNgeL-aNgeL aNggeNipuN para sderek Sutresna WayaNg aNggeNipuN badh NguNduh File ipun..!! SepiNdah MaLih KuLo Darmin Bagus Ngaturaken “”MATUR NUWUN iNgkaNg Sa’ageNgipun

    • lek download dek endi mas

  2. Matur nuhun sanget, kula nderek download.

    _____
    monggo

  3. kulonuwun Mas….
    nyuwun artikelipun nggih :D

    maturnuwun sanget

    ____
    Monggo Mas
    Cuma kalau ada sumbernya mohon dicantumkan
    saya juga ngambil dari yang lain
    Matur nuwun

  4. kulonuwun. kang mas,menapa kagungan mp3 junaedi. menawi kagungan,dalem dikintuni mas_ nuwun. saking wahyu sukoharjo makmur

    ______
    Junaedi mboten wonten mriki
    MOnggo dipirsani wonten Bumi Prabu nggih … http://pr4bu.co.cc
    Matur nuwun

  5. Kenapa lokan Sudarmala oleh Ki Narto Sabdho yang disa di download hanya sampai nomor 4, sedang yan lainnya tidak bisa.
    Saya salah satu penggemas wayang kulit yang tinggal di Denpasar Bali

    matur nuwun

    ____
    Maaf … sumbernya dari javawayang filenya not found … silahkan di tanyakan di adminnya
    Saya mencari di lain sumber blum ketemu
    dan juga saya belum punya lengkapnya
    Matur nuwun

  6. kang prabu, kulo gadhah satunggal rekaman dalang ki anom suroto lakon “Anoman Maneges”, ajeng kulo share pripun coronipun?
    ngapunten taksih awam internet.

    ____
    Menawi share gratis nggih saget wonten ing 4shared.com, multiply.com utawi sanesipun ingkan menyediakan free sharing.
    Cekap damel account kemawon lan langsung saget share. Paling gampang nggih wonten ing 4shared, kantun ngisi email & password.
    Dipun cobi nggih … mboten sesah kok … menawi sampun saget kulo dipun kabari … menawi badhe dipajang ing mriki supados dinikmati sanesipun … monggo mangke kulo link-an …
    Mugi sukses …
    Matur nuwun

  7. nderek download nggih mas..
    menawi wonten baratayuda, langkung remen
    matursuwun saderengipun

    anto klaten

    ______
    Monggo
    Sebagian lakon dari beberapa dalang sudah masuk ke perang baratayuda
    Matur nuwun

  8. Kulo nuwun mas.
    Nuwun sewu, kulo badhe nderek ngunduh.
    Matur suwun ingkang kathah.

    ____
    Monggo, sugeng pitepangan
    matur nuwun

  9. cS3OG2 comment1 ,

  10. matur nuwun, kulo sampun ngunduh, kulo saking Klaten, Gantiwarno , mas salam kagem keluarga besar penggemar wayang nusantara , merdiko budhoyo wayang Indonesia

    ____
    Wah wong Gantiwarno to …
    salam nggih kangge sedoyo warga ing mriko
    Matur nuwun

  11. WORO SUMARSONO

    Mas Prabu gmana sudah ada KETOPRAKNYA apa blm…? o iya mas wayang yang lakon PARTO DEWO Dalang anom suroto yang no 9 koq tidak ada.

    ____
    Kethopraknya sudah ada yang nyediain
    Mbak Galuh di http://apdnsemarang.wordpress.com
    silahkan berkunjung ke rumahnya disana
    matur nuwun

  12. mas, dalem ugi ndherek download.
    menawi kapareng ing penggalih, dalem nyuwun lakon2 saking alm. Ki Hadi Sugito malih (petruk dadi ratu, antasena takon bapa, etc)

    saking kawigatosanipun, dalem ngaturaken matur nuwun ingkeng kathah

    hk,
    agus

    ___
    Nggih matur nuwun mas agus
    insya allah menawi wonten langsung disharing

  13. Nderek tepang kolo nembe kepanggih blog puniko, kulo saking yogjo dinas wonten kalimantan, kulo pingin nanemaken kawruh jawi dumateng anak anak kulo sanadyan lahir wonten kalimantan

    ___
    Sugeng pitepangan mas yanto
    sae gegayuhan njenengan kangge tetap menanamkan budaya ingkang adiluhung
    Lanjutkan !!! … (seperti pendukung SBY saja ya :)

  14. Punten Mas…. Kula saking Indramayu (tiyang Jawa Cerbon-Dermayu).

    Matur kesuwun sanget niki Mas. Kula mpun goleti buku tntang perwayangan , tapi mboten ketemu2.

    (maaf Mas, saya menggunakan basa Jawa Cerbonan. Sya kurang bsa basa Jawa Wetanan)

    MAJU TERUS BUDAYA JAWA !!!!!!

    ____
    Ada beberapa buku yang belum sempat saja scan
    Insyaa allah nanti kalau ada waktu saya sharing
    Matur nuwun
    Salam san sukses selalu

  15. kula kepengin sanget saget dherek ngundhuh wayang namung boten saget caranipun, mangga sinten ingkang kersa paring pitedah caranipun ngundhuh dhateng kula, kula aturaken agunging panuwun sinambi tetpangan. nuwun

  16. Sugeng enjing,mas kulo bikak web jenengan lan kulo badhe nyuwun tulung. Kanthi linambaran niat ingkang tulus hanguri-uri budoyo jawi, sak puniko kulo didapuk dados penyiar campursari wonten Radio Lazuar 94 FM Cikampek….www.lazuarfm.co.id…….
    Rencana kulo bade damel acara wayangan unggal malem minggu. Nanging kulo dereng gadah bahanipun inggih puniko wayang kulit mp3. menawi angsal kulo nyuwun bantuanipun kiriman mp3 wayang kulit dateng email kulo. sak derengipun kulo atruraken gunging panuwun.
    Sumonggo kulo lan panjenengan tansah semangat ngalestarekaken budoyo jawi ingkang adi luhung puniko.

    Salam baktos saking kulo…Sastro Atmojo
    Radio Lazuar 94 FM Cikampek
    08578057239

    ____
    Menawi kirim via email terlalu kathah Pak …
    monggo mbaka sekedhik didownload kemawon koleksi-koleksi wontening halamam “MP3″
    menapa wonten masalah kaliyan akses internet ?
    matur nuwun

  17. Aris Susilo

    Assalamu’alaikum mas Prabu,
    Matur suwun mas, kulo sampun download mp3 wayang hasil upload panjenengan. Lumayan, kagem ngusadani kangen kampung halaman..he he….Mas, menawi wonten, nyuwun tulung dipun upload mp3 pakeliranipun ki Wisnu Warsito ( Warsito pethuk ) dalang saking Klaten. Suantenipun lumayan, nanging radi crongoh…he he
    matur suwun
    Wassalamu’alaikum

    ___
    Kulo padosi menawi wonten nggih
    matur nuwun

  18. uedan tenan,lha semare koyo buanci
    jawo gemblung sing posting iki

  19. deje wintolo

    Nuwun sewu, nderek download gambar2 lan e-book , kangge nambah seserepan kula dan reremening manah.
    Maturnuwun mas Prabu

    ___
    Monggo
    Insya allah mangke kulo tambahi koleksi sanes menawi wonten maleh

  20. Informasi kagem sutresnaning ringgit wacucal, pagelaran wayang kulit di jakarta dalam waktu dekat sbb:

    1. Malam Minggu, tgl 04 Juli 2009, Dalang Ki Manteb Sudarsonso, tempat di Dilantas Polri – Pancoran dekat Gedung Alcatel Lucent. Bukan di Polda Metro Jaya.

    2. Tgl 24 Juli 2009, Ki Anom Suroto, Pentas di Kejaksaan RI.

    3. Tgl 25 Juli 2009, Ki Warseno Slank di Ciganjur.

    Selamat menonton.

    Wassalam

  21. untung sungkono

    untung sungkono, blora

    Nuwun sewu nggih mas, kula sampun download mboten matur panjenengan langkung rumiyin. matur kesuwun

    ___
    Monggo kemawon mas untung dl sakemenge :)
    matur nuwun

  22. mas prabu… tek kayane sampean poto depan oudekerk amsterdam njeh?? itu loh dekat madametusoud??? seng ono patung2 orang terkenal itu…. tapi kayane tuh poto dah luama buanget ya…. ?? hehehe bener kagak tuh di holand? mampir di museumsex mboten riyen di holand heheheee ndonyo ono ono wae hehee ….tjonge tjonge… wat gek zegt …

    ____
    Pancen pun dangu mas tinol
    rikala taksih jaman narayana rumiyin :)
    nanging kulo mboten mlebet museum sex kok …
    isin … maklum wekdal puniko taksih lugu :)
    matu nuwun

  23. mampir mas kalo sempet http://www.karawacidesign.blogspot.com... matur nuwon

    ___
    Nggih …
    njenengan developer nopo tukang insinyur to …
    sae puniko … kontenipun spesifik

  24. walah kulo niki mong speaker semah kulo mas… ngewang ngewangi semah lage usaha hehehe ajal ajal mas… nek kulo tukang sontek ngoten lo.. nek cumleng nopo mumet kulo sontik hehehee
    matur nuwo kulo donlod katah sanget (wayang) matur nuwon matur…… nuwon

  25. Nuwun sewu Kulo saking Kuto Pare Kediri..!! bungah lan bangga rosoning ati kulo ningali taksih wonten ingkang purun memetri lan nglestariaken budoyo Jawi… mg2 tetep lestari lan sageto kito sedoyo dados tiang Jowo kang Njowoni…!!!! mtr nuwun…

    ____
    Salam kenal Mas Firdaus
    Mohon dukunganipun kemawon
    Matur nuwun

  26. Wuaduh Kang Mas matur suwun sanget awit saking uploadipun file-file kabudayan engkang salangkung adiluhung puniko saenggo kathah sanget poro sutrisno engkang saged download kanti anchas nderek nguri-uri. Raos bingah engkang tanpo upami dene kito nggadahi sedoyo puniko.
    Monggo Kang Mas dipun grengsengaken malih, kawulo pitados Gusti engkang akaryo jagat tansah njangkung lampah panjenengan.

    ___

    Aamiin
    Nyuwun donga lan dukunganipun kemawon kulo lan rencang-rencang para sutresna wayang saget istiqomah kangge nguri-uri budaya jawi ingkang adi luhung puniko
    Matur nuwun

  27. MAS PRABU……
    NYUWUN SEWU KULO BADHE NGUNDUH……………

    ____
    Monggo Mas

  28. nderek tepang kula suyanto saking wonogiri.
    bingah raosing manah kula sampun kepanggih kalian “wayang prabu” awit kula nyambut damel wonten kapal lan tebih saking jawa, kadang kangen kalih wayang kulit, awit wiwit alit kula sampun remen. biasanipun menawi wonten kampung mirengaken radio. namung sakmeniko wonten laut mboten saget malih.
    namung nyuwun sewu kula sampun nyobi download mp3 kok mboten saget di’play’…. menopo salah caranipun nggih mas… matur nuwun sanget (nyuwun sewu basane jawa kirang sae mas)

    ___
    Sugeng pitepangan Mas yanto
    Mboten saget diplay amargi menopo nggih ?
    Normalipun menawi tuntas download, kedahipun saget dimainkan
    Dicobi malih nggih
    Matur nuwun

  29. bayu pri h.

    mas Prabu,nek ajeng donlot mp3 wayang,nopo kedah setunggal-setunggal,yohh….mas kulo ten warnet 3jam,donlot setunggal lakon mawon mboten rampung,niki ajeng tangket,kersane donlot saget cepet,caranipun pripun????suwun…

    _____
    Menawi pengin cepet nggih aksesipun kedah broadband
    Menawi dial-up utawi nggangge GPRS nggih wajar kemawon menawi lambat …
    Matur nuwun

  30. Parno Raharjo

    Mas Prabu, ada nggak album versi visualnya, mohon keterangan, untuk obat kangen nonton wayang.
    Kebetulan saya lagi di mancanegara, kalau melaui you tube kurang siip.
    Matur suwun
    Anak Klaten yang sudah senior
    Pecinta wayang kulit dan wayang orang

    ___
    Salam kenal Mas Parno
    Monggo kemawon menawi wangsul saget tumbas VCD wayang
    sementara kulo namung saget sharing via youtube
    matur nuwun

  31. Ngapunten sakderingipun kaka prabu, dalem nderek download, salam kenal dalem saking kediri

    ____
    Salam kenal kembali ke Mas Seno Kediri
    Monggo dipun download sakemenge :)
    mugi saget reno ing panggalih
    matur nuwun

  32. matur nuwun mas kulo tenggo koleksi2 liyanipun ampun leren anggenipun nguri2 kabudayan

  33. kuli lisah potro

    Mas Prabu, badhe ndherek download brotoyudho live show sekawan dalang wonten Cawas Kla10 kados pundi caranipun, Nuwun.

  34. Halloo mas saya pengemar cerita ramayana dan rencananya saya pengen bikin animasi ramayana 3D tapi saya kekurangan bahan. Saya lagi cari buku anak bajang menggiring angin sebagai bahan pengayaan. saat ini saya cuma pake buku sunardi sebagai acuan. Kalo ada bantuin ya massss/

    ___
    Saya yakin masih banyak referensi tentang Ramayana untuk melengkapi proyeknya mas
    Insya allah kalau saya bisa bantu pasti dibantu
    Makasih

  35. sumonggo dipun rahapi

  36. nyuwun sewu, nderek download

    ___
    Monggo Mas

  37. CIPTO- LAMPUNG

    Maturnuwon Mas Prabu, Kulo tiang tranmigrasi terhibur berkat wayang sampaian

    ____
    Kulo rumaos remen sanget menawi wonten ingkang bingah
    matur nuwun

  38. Nglajengaken serat kula tanggal 16 Juni 09, nuwun inggih kulo gadah masalah koneksi internet. Kulo ngagem m3 durasi ingkang 5000 / 4 jam he he he. Amargi kulo sanes Music Director ( Kulo Namung Penyiar ) pramilo sedoyo ingkang kulo betahaken kedah dipun sedia aken piyambak.
    Lagu2 campur sari kulo piyambak ingkang upload dateng song bank radio..kulo ingkang edit salaminipun 3 tahun sekedhik boko sekedhik, lha niki kulo gadah rencana kagem mentasaken wayang kulit nanging bahanipun dereng wonten. download saking mriki ( matur suwun…) paling banter dugi seri 4 – 5/ lakon betahaken wekdal 8 – 10 jam ngagem IDM he ehe he he . Kulo nyuwun saran utawi idenipun Pakde…matur suwun….

    SASTRO ATMOJO
    RADIO LAZUAR 94 FM CIKAMPEK
    http://sastrotips.blogspot.com
    085780570239

  39. kulonuwon mas prabu…
    sy mau nanya,,, saya pernah dengar instrumen lagu jawa dengan iringann saksofon….yang diputar di radio safari…meniko keluaran album apa njeh??? kulo search2 di internet kok mboten kepanggih…

  40. matur sowon mas prabu

  41. agung sarono

    Nuwun Sewu Sak Derengipun,
    Kula nyuwun dipun terangaken babagan cerita Dirgapracona nyolong Srikandi, napa cerita punika wonten ing pakem pawayangan baku?
    Matur Nuwun,
    Agung S

  42. eko yudianto

    Mas Prabu griyanipun pundi nggih? menawi kawulo sudhung wonten Ds. Ringinputih Karangdowo Klaten. Sakmeniko kulo nyambut damel wonten Semarang.

    ___
    Kulo wonten ing Bandung
    Rumiyin kampungipun wonten ing Wonosari, Trucuk
    Sugeng pitepangan
    Matur nuwun

  43. matur nuwun pak

  44. rali sudirjo

    mas terimakasih atas dile cerita wayangnya. saya belum lama tertarik cerita wayang. jadi belum apa-apa, tapi sekilas saya mulai memahami filosofi wayang itu sendiri. tapi saya tidak paham bahasa jawa sehingga saya agak kesulitan untuk menonton pagelaran seni wayang kulit. terima kasih mas.

  45. Mas , tolong di upload ke http://www.indowebster.com, buku sejarah wayang purwanya, klw di 4shared gagal terus downloadnya, kalau file di upload ke server lokal, pasti kenceng downloadnya. tolong ya mas, saya dari sumatra susah cari cerita wayang, pingin belajar susah cari sarana nya..

  46. Salam kenal,

    Kang Mas Prabu, kulo termasuk pengemar budaya jawa. Kulo download susah banget, lama & sering putus². Biasa modalnya Cuma modem smart/ ke warnet. Kulo usul menawi file dalam bentuk wma malih pripun nggih. Supados download cepat selesai. Mengke tinggal diconventer ke MP3 piyambak. Khan conventer bisa download juga di internet. Dan proses conventer dari wma ke MP3 jauh lebih cepat dan 99,9 % berhasil. Kan lumayan Kang Mas jaman susah, dpt hiburan+melestarikan budaya jawa tp biaya bs ditekan semurah mungkin). Sepindah maleh Meniko yen Kang Mas prabu & sederek ² liyane setuju.

    Maturnuwun lan nyunngapuro

  47. bisa diupload pagelaran ki seno nugroho???

  48. Waduh, maaf mas mboten saget. saya tidak punya mas.

  49. Nuwunsewu..

    Inggih mas, nek saget di upload ten server lokal kantun indowebster.com mawon kersanipun radi cpt.. nyuwun ngapunten..

    Matur nuwun

  50. Maturnuwun sanget dumateng kaka prabu …

    Senajan kulo manggen wonten jakarta ingkang saben dinten tansah ngadepi budoyo ingkang maneko warno, nanging tetep tansah nguri-uri budoyo jawi khususipun wayang kulit, gending2 jawi lan sanes-sanesipun … nderek nepanganken, kulo asli saking Desa Kopok Kidul-Tawangsari-Pengasih-West-Prog (Kulon Progo) tangganipun dalang Ki Hadi Sugito … nuwun

  51. weleh weleh.. mbel..mbel sambel sadulitno… sambel mangga muda enak rasanya.. apalgi daunny yang muda….
    ini benar benar ruang penyimpanan harta yang luar biasa.. maturn nembah suwun sanget

    salam
    kris

  52. Kulo Nuwun Kakang Prabu.
    Nderek nepangaken Kulo Wahyu Kutilang saking Pekanbaru.
    Waduh…,bingah raosing manah kang tanpo upami, awit manggihi daleme njenengan meniko kakang….
    sampun dangu kulo madosi MP3 wayang ingkang dalang Ki Hadi Sugito, awit kiambakipun dalam kareman kulo… walah,emane kulo randos telat anggenipun manggihi alamate njenengan niki, mboten dangu malih pulsa kulo KO (he..he…, ngisin-isini) Pokok’e ingkang baku matur nuwun sanget awit suguhane njenengan, insyaAllah kulo bade krasan, dangu wonten dalemipun kakang Prabu. Nuwun

    Rahayu…

  53. semoga wayang tetep lestari

  54. mas/mbak/pak/bu kulo nyuwun dowload asale sangking daerah klaten ,matur suwun

  55. Buntoro Karto Sentono

    Bos matur nuwun, kulo sampun ngunduh lebih dari 5 lakon dari Ki Hadisugito dan Ki Timbul Hadiprayitno. Salam dan semoga sukses.

  56. Saya sedang meneliti wayang wong Sriwedari yang difokuskan pada determinasi penari rol seperti Rusman, Darsi, dan Surono. Saya mohon komentar tentang pentingnya penari rol dalam pertunjukan wayang wong komersial, soalnya wayang wong Sriwedari tidak punya penari rol yang kondang seperti Rusman.

  57. amit kula nunut ngunduh malih……….

  58. nyuwun izin, kulo nderek download audio wayang, bingah sanget saged kepanggih situs meniko. Matur nuwun.

    salam kenal

  59. Asss.Wr.Wb. Mas kulo nderek injin download idep-idep angleluri budaya jawi kang adi luhung ingkang dados aset dunia— agus eko t. (si Doel ) Balikpapan — Maturnuwun . Wassalam.

  60. wah kula ngaturaken matur nuwun sanget file kang kula download saged gawe “wawasan luas” kengge kula

    MATUR NUWUN
    saking kiagung prabowo dalang saka kudus

  61. Sami-sami Mas
    Mugi andadosken ndalangipun tambah sae kemawon
    menawi saget lha mbok kulo lan para pecinta wayang sanesipun diparingi pirso utawi diparingi audionipun rikala Ki Agung manggung …
    nyuwun sewu lho …
    matur nuwun

  62. la ngeten mas kula bade upload dateng web nipun mas prabu cuplikan video pas kula ndalang caranipun pripun gih mas ?

  63. Menawi saget wonten youtube rumiyin Ki Agung
    lajeng mangke dipun sharing dateng mriki
    amargi wonten ing mriki mboten wonten fasilitas kangge upload video
    kajawi menawi dalam bentuk file mp4/mpg/avi (sanes gambar videonipun) saget dipun sharing wonten ing 4share rumiyin
    Menawi wonten ing youtube kedah displit rumiyin amargi durasi maksimal mboten angsal langkung 11 menit
    Matur nuwun

  64. ngih mas mangke kula cobi rumiyin

    nanging video kola namung sewates perang kembang kemawon
    masala`e video kasebat potongan saking festival pedalangan ing kab kudus

    matur nuwun mugi- mugi video kula saged sumrambah ing tlatah INDOMESIA

    AMIIIIN!

    ____
    Matur nuwun
    kulo tenggo videonipun nggih

  65. catur pamungkas

    Ngapunten mas,,
    kulo wonten tugas basa jawi,,
    bade nggeleti artikel cerita wayang ramayana,, tapi ngangge basa jawi,,
    wonten mboten nggeh?
    Suwun,

    __
    Monggo berkunjung wonten ing wayangpustaka
    Matur Nuwun

  66. ngapunten badhe ndherek nyuwun pirso, bok menawi pirso menopo kagungan : cerita barata yudha ingkang kaserat ngaggem bahasa jawa

    matur nuwun sak dereng ipun

    ___
    Monggo berkunjung wonten ing wayangpustaka
    Matur Nuwun

  67. Matur suwun sanget sampun dipun keparengaken ngunduh file-file wayangipun kang mas Prabu….

  68. Kalau punya koleksi mp3 tentang kisah wayang, harap kirimkan ke : jangkarfm@yahoo.com atau via website kami di : http://www.jangkarfm.co.id karena kami mempunyai acara kesenian daerah.

  69. Nyuwun pirsa mas menapa gadhah koleksi kaset wayang lakon Semar mbarang jantur utawi Petruk dadi ratu dalangipun Ki Anom Suroto, menawi kagungan wonten pundi mundhutipun, menawi saged kula nyuwun alamatipun menapa saged ngopy utawi ngrekam. Maturnuwun salam kenal .

  70. CIPTO- LAMPUNG

    wah maturnuwon sanget………….

  71. Nuwun sewu. badhe nyuwun gambar pendawo lima punopo saged. kaliyan gambar gambar putra putranipun/garwa gawane pendawo limo. nuwun sewu ngrisahi.

  72. parsono agus waluyo

    JUAL PEMANCAR FM 0271 7947140 KARANGPANDAN SOLO

  73. wah mas prabu soyo kathah daleme… soyo kathah piantun engkang nyambangi.. lan sami mendhet.. oleh oleh engkang sami dipun padosi… mugi mugi mas prabu tetep wonten wekdal kangge ngladosi poro kadang engkang sami sowan.

    ___
    nyuwun supportipun kemawon supados langkung kathah hal-hal ingkang positif saget dinikmati para sutresna sadaya
    matur nuwun

  74. kulonuwun, nderek nepangake mas.

    ____
    Monggo, sugeng pitepangan kalian sedaya wargi pecinta wayang ing mriki
    Nuwun

  75. kagungan buku asthabrata mboten mas……?????? menawi kepareng kula badhe nderek download

  76. Silahkan Mencari di Pustaka wayang Mas Kukuh (link di atas)
    Disana sepertinya ada astabrata, tinggal di search saja

    Makasih

  77. Heru Prasetyo

    Nderek pitepangan Mas Prabu, ugi dhumateng poro sutresno budoyo Jawi…
    Mas Prabu, menawi nyuwun download-an crito wayang (kalebet ontowecononipun) wonten pundi njih?? Ing pangajab, naliko Ki Dhalang : ongg…sworo doto pitono…lan sak terasipun, kawulo saget nirokaken…
    Awit saking pambiyantu panjenengan kulo ngaturaken agunging panuwun. Mugi pangertosan ingkang panjenengan aturaken meniko kacathet minongko amal shaleh…nuwun

  78. kulo badhe ningali wayang mbah………….

  79. puji priyono

    duuhh bagus banget tampilannya mas prabu..4 hari gak berkunjung teh ketinggalan cerita,,,he2x..mas mau tanya niech..qo kalau saya buka wayang pustaka ndak bisa yaaa?(cth kalau kita mau liat kisah ramayana)
    selalu tampil ngisi alamat email ma nama…tapi itu jga untuk reply doank mas…harus gmana yaa? da nte kabuka buka wae uyy..
    ntar saya upload dech tampilan nya di fb…hatur nuhun mas prabu…
    matur nuwun sanget

    • Sepertinya Pak Budi sementara lagi update blog sehingga bikin banyak page yang masih kosong
      Silahkan cari dan buka postingnya … dapat dicari di search
      nuwun

  80. denmas itok

    nderek tepang kangmas Prabu…,
    dalem saking Pamulang Wetan badhe nderek ngangsu kawruh lumantaran download file2 panjenengan ing pangajap andadosaken lereming manah.. matur sembah nuwun

  81. puji priyono

    mas prabu file-file untuk mas patik raja dewaku,kidung malam,dan cerita2 lainnya.Nuwun sewu di simpen dmana ya mas?tak cri qo ndak ketemu yaa?maturnuwun sanget mas…

  82. Rantau Marhaen

    Nuwun sewu, nderek download wayang mp3 nipun. Kangge nderek nguri-nguri budoyo jawi wonten radio komunitas kula, Radio Swara Marhaen. Tayu- Pati. suwun

    • Monggo … tamtu kemawon … kula lan sutresna wayang sanesipun tamtu langkung remen jalaran langkung kathah ingkang saget midangetaken lan memanfaatkan koleksi wonten ing mriki.
      Salam kangge komunitas Radio Swara Marhaen Pati …
      Nuwun

      • Roni Subari

        Nderek sarujuk, menika ugi kados ingkang sampun kula aturaken nalika kula sowan Raka Mas Prabu, kula ugi nggeret Mas Baroto (Radio Sonata 88,1FM Bandung), saban dinten jum’at ndalu jam 23.30 kula ugi tansah manco wonten Radio Sonata 88,1 FM, sakderengipun rekaman kaputer wonten bahasan perkawis Carios, dhalang ugi ingkang mboten kantun kawigatosan situs wayangprabu (Raka Mas Prabu) ingkang sedya urun-urun nderek nguri-uri kabudayan ugi bewara ajak-ajak khususipun dumateng para mudha taruna ‘berpartisipasi’, menika kula ugi nyuwun dumateng Mas rantau Marhaen ngumandhangaken situs menika. Kula soho Radio Sonata 88,1 FM titip salam kagem Crew Radio Swara Marhaen Pati. Nuwun

  83. sugeng dalu,

    nderek tepang mas prabu,kulo saking klaten.nderek ningali koleksi video wayangipun.

    matur nuwun

  84. Kangge Radio Swara Marhaen Pati, mbok manawi sampun langkung katah koleksinipun wayang utawi sanesipun ingkang magepokan kaliyan seni lan budoyo jawi. Leres menopo ingkang sampun diaturaken dimas Roni kulo ingkang ngayahi nderekaken giaran ringgit purwo ten radio Sonata 88,1 fm Bandung, rumaos digampilaken anggenipun pados bahan-bahan kangge giaran khususipun wayang kulit. Mbok manawi langkung katah radio ingkang mersudi paring giaran seni lan budoyo jawi, yekti manawi seni budoyo jawi saget langgeng dumugi samangke. Mboten sanes gegandengan kaliyan Wayang Prabu sanget aageng kauntunganipun. Pramilo kagem Mas Roni empun kendat-kendat anggenipun paring suplai bahan giaran ringgit purwo, amargi kulo piyambak dereng paham anggenipun bade ngunduh koleksinipun Wayang Prabu. Pramilo pambiyantu poro sederek khususipun Mas Roni ugi Mas Prabu sanget dipun ajeng-ajeng saterasipun.

  85. garenk CSKI

    klo nggih nderek download mas nggih……………

  86. Sugeng enjang mas
    kula nderek download “gending talu cerita kehidupan manusia.

    Maturnuwun saged nambah pengetahuan bab pewayangan.

    salam,
    menur

  87. apabisa diinformasikan dapat buku2 cerita pewayangan itu dimana.. saya cari2 kok belum dapat ya..

  88. Arif sargunawan

    matur nuwun mas sampun bantu madosi lakon-lakon pawayangan

  89. mas tolong dong cerita wayang ruwatan batrakala di masukan biar dapat di lihat neh

  90. tandha raharja

    Nuwun sewu.. ngaturaken agengin penuwun dene kula nderek nempil kawruh2 menika datanpi atur cecala langkung rumiyin. salam budaya

    nuwun
    tandha

  91. mas ada nggak buku2 tentang gending dan ladrang..

    nuwun..

  92. Nuwun sewu ki..
    numpang tanglet. menopo wonten serat jayabaya ingkang asli
    matur suwun

  93. ciri wayang gagrag yogyakarta kados menopo gih…?
    nyuwun tulung, menawi wonten…gambar-gambar lan sak piturute ingkang mbedak aken gagrag yogya, kulo di sukani semerep ! matur sembah nuwun, budi.synta@gmail.com

  94. mas ndherek dowlod kersani saged nguri-nguri budaya jawi

  95. MATUR NUWUN MAS, KULO DEREK UNDUH, NEK SAGED DITAMBAH WAYANG ORANG …….

  96. nderek download ki .. wayang prabu pancen mak nyosss

  97. Nuwun sewu Ki, kulo wonten Riau ndherek ngundhuh,,, saged kangge ngusadani kapanging manah dhumateng kabudhayan Jawi.
    Matur Nuwun..

  98. Nuwun Sewu Mas Prabu, menopo kagungan rekaman lampahan “Bodroyono Ngrekso Tri Bawono” dening Ki Enthus Susmono?.

  99. aryanto budi

    kulo nuwun,, kulo badhe nyuwun katrangan, mbokmenawi wonten ebook cerita pewayangan,,, matur sembah nuwun,,

  100. He, he, he, akhirnya ketemu maning, setelah menghilang dari WP, search dg nulis pranowo budi, trus masuk ke website-nya Jaman Semana yg ngalembana mas Prabu habis2an, akhirnya nyampe deh disini.
    Sungguh situs yg wahid, banyak ilmu.
    Setelah baca karakter dan cerita sepintas tokoh2 pewanyangan, ternyata Kesatriya nggak selamanya laku bener, memang manusia nggak ada yg sempurna ya,……..la tak kira ki Arjuno satrio sejati je, jebule,,,,,?????
    Wis, matur nuwun sanget mas Prabu, mugi Gusti tansah maringi kesehatan lan kesempatan ingkang langkung katah dumateng jenengan.

  101. Ginggin Sugiono

    Kulo pengen gabung neng mboten nmangertos caranipun, kulo tebih wonten ing Ambon Maluku wonten ing pulau seram Maluku Tengah Masohi, wayang KHS kangge tombo kangen kaleh Magelang
    nyuwun pitulungan kangge kulo gabung

    • Roni Subari

      Mas Ginggin, saged klik PPW Milis lajeng joint, utawi menawi bilih kapenggalih repot saget kintu data-data Asma alamat lengkap + no. HP, Interes Wayang menopo, dalang favorit lsp dipun kintunaken dateng roni.subari@yahoo.com utawi sms 087 821 232 070 utawi paguyuban_pecinta_wayang@yahoogroups.com, dene menawi sampun gabung mangkeh saged andamel KTA kanthi ngintunaken pas photo ugi mawi beyo 25ewu lan iuran wajib saben wulan 10ewu, namung langkung sae gabung rumiyin. Monggo

  102. Mantep, madep, marep,… “BW World Masterpiece”
    maju terus pantang atrek, nguri-uri budoyo adiluhung…… Joyo-joyo wijayanti,…….

  103. Diah Puji Astuti Taftoyani

    Pak dhe Prabu, saya ingin sekali denger or dapet pagelaran wayang kulit lakon baratayuda dari bisma s/d duryudana versi Ki Manteb Sudharsono, Ki Anom Suroto, Ki Nartosabdo, Ki Hadi Sugito dan Ki Sujiwo Tejo…

  104. sri mulyono

    jane pingin download mas bos tapi buka milis jan uangel pol kae. pripun niku ?

  105. Kula nuwun , Punapa kagungan serat ingkang ngemot cakepan Gathutkaca gandrung / sokur bage wonten Mp3 nipun ( ….. balung pakel lst ipun ) ?

  106. nderek nyuwun gambar…..
    matur sewu nuwun.

  107. Wilujeng tetepangan mas Prabu.
    Nderek nguri-uri kabudayan jawi,
    ringgit purwo salah setunggalipun.

  108. lek download wayang iki piye mas q arep download ki rudi gareng lakon petrok kembar kok angel yoo njalok kode kodene piro mas

  109. fadjar santoso

    pangapunten kulo inggeh badhe nderek sinau ,,,

  110. Mochamad Solichin

    Kakangmas, dipun tepangaken, kula saking Tulungagung, tepat ipun Kendalbulur, kula warganipun Pak Eko Dalang ugi Mbah Murdi, nderek nyimak nggeh Kakangmas…..!

  111. beruntung banget ada situs kushus pecinta budaya wayang.
    I Like it.

  112. sugeng dalu kendal bulur.
    Kulo fans dalang Eko.
    Saking tlatah nagari Podorejo

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out / Change )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Log Out / Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out / Change )

Connecting to %s

Follow

Get every new post delivered to your Inbox.

Join 961 other followers

%d bloggers like this: