Blog Archives

KAS Pandhawa mBangun Pasar


Masih dari koleksi video dari Mas Han Prasetya,  kali ini menampilkan dalang Ki Anomo Suroto dengan judul “Pandhawa mbangun Pasar”

Matur nuwun Mas

Part-1


Part-2

Part-3

Part-4

Part-5

Part-6

KAS Kresna Gugah


Pagelaran wayang kulit bersama dalang Ki Anom Suroto dengan lakon “Kresna Gugah”.

Lakon ini adalah salah satu koleksi video dari Mas Han Prasetya.
Part-1

Part-2

Part-3

Part-4

Part-5

Part-6

Part-7

KAS + KBAP Semar Maneges


Dalam rangka Kongres Senawangi dan Festifal Wayang yang ke-8 di Gedung Pewayangan Taman Mini Indonesia Indah, persembahan pagelaran wayang kulit bersama Ki Anom Suroto dan Ki M. Pamungkas Prsetya Bayu Aji dengan mengambil lakon “Semar Maneges”

Playlist :

http://www.youtube.com/playlist?list=PL532407D4A2F295C9

Klip-1

Klip-2

Klip-3

Klip-4

Klip-5

Klip-6

Klip-7

Klip-8

Klip-9

Klip-10

Video KAS + KBAP : Narayana Krida Brata


Dalam rangka peringatan hari jati ke 204 Klaten tahun 2008 di alun-alun kota Klaten

Playlist

http://www.youtube.com/playlist?list=PL1FE2B4A0A7589AED

CD-1

CD-2

CD-3

CD-4

CD-5

CD-6

KAS Wahyu Nirmala Jati live


Nah kembali koleksi PPW Jatim kali ini Sharing Audio Lakon Wahyu Nirmala Jati live in Ponorogo yang dibawakan oleh dalang Ki H Anom Suroto dan Ki Bayu Aji Pamungkas.

Wahyu Nirmala Jati silahkan nikmati sampai tancep kayon lakon ini dan tebak, apakah sama dengan lakon yang lain.

berikut ini linkya

W. NIRMALA JATI 01

W. NIRMALA JATI 02

W. NIRMALA JATI 03

W. NIRMALA JATI 04

W. NIRMALA JATI 05

W. NIRMALA JATI 06

W. NIRMALA JATI 07

BONUS TRACK LAKON WAHYU JATI WASESO REKAMAN PITA KASET

W. JATI WASESO 01

W. JATI WASESO 02

W. JATI WASESO 03

W. JATI WASESO 04

W. JATI WASESO 05

W. JATI WASESO 06

W. JATI WASESO 07

W. JATI WASESO 08

W. JATI WASESO 09

W. JATI WASESO 10

W. JATI WASESO 11

W. JATI WASESO 12

W. JATI WASESO 13

W. JATI WASESO 14

W. JATI WASESO 15

W. JATI WASESO 16

KAS Banjaran Gatotkaca live


Kali ini Sharing kembali dari Koleksi PPW Jatim sharing, yang kali ini mengambil lakon Banjaran Gatotkaca dengan dalang Ki Anom Suroto dan Ki Bayu Aji Pamungkas yang beberapa waktu yang lalu telah diunggah covernya melalui akun facebook.

Dengan kualitas Audio yang baik dan hasil convert yang sederhana selesai kami unggah dan tentu dapat di download.

Berikut ini link donwloadnya :

BANJARAN GATOTKACA 1

BANJARAN GATOTKACA 2

BANJARAN GATOTKACA 3

BANJARAN GATOTKACA 4

BANJARAN GATOTKACA 5

BANJARAN GATOTKACA 6

BANJARAN GATOTKACA 7

Ki Anom Surata – Gara-Gara


Kados dene ingkang kagiyaraken wonten ing Radio Kayumanis 99.5FM Jakarta.

Dening MasPatikrajaDewaku – PPW 11-01-0006.

Ingkang kula aturaken menika, pasugatan adegan gara-gara saking Ki Anom Suroto ingkang kapanggungaken ing tlatah Marakash Square Bekasi tahun 2011. Nalika semanten salah satunggaling Paguyuban Ageng Sutresna Kesenian Jawi ing wilayah Bekasi nggelar Ki Anom Suroto wonten ing acara ambal warsa Perusahaan ingkang pangarsanipun kalebet ing jajaran pangarsa paguyuban.

Para rawuh ing “wayangprabu.com” saged mbadhingaken kados pundi bentenipun pagelaran Ki Anom Suroto nalikanipun taksih asring rekaman kaset audio ing tahun 80nan, manawi katandhing kaliyan kados pundi gaya panggung ing tahun-tahun samenika. Nyata menawi Ki Anom keli ing jaman. Ujaripun, nuting jaman kelakone, kados dene ingkang dipun ngendikaaken piyambak nalika ngacarani (dados MC) Mas Seno anggenipun ngaturaken bawa Kangen.

Gebyar lan moncering panggung lan mbalabaring para pamriksa nalika samanten nyata, menawi swasana tumut nyurung Ki Dhalang nguja para rawuh, ing babagan Mata Raga, istilah saking Mas Bram, ingkang kula anggep trep.

Lampahan ingkang kagelar inggih menika Brajadenta mBalela ingkang kula anggep lampahan panjang. Ing mriki panjangipun pagelaran saking talu dumugi tancep kayon watawis 7,5 jam. Nanging ingkang sesambetan kaliyan alur lampahan pakeliran namung watawis 4 jam! Lha ingkang 3,5 jam menika adegan menapa? Mboten sanes adegan Limbukan lan Gara-gara!

Mila menawi panjenengan sengsem kaliyan pagelaran garap klasik, utawi panjenengan ingkang kangen kaliyan garap ndalang saking Ki Anom Suroto ingkang nguja mata batin kados patrapipun Ki Anom nalika tahun-tahun semanten, panjenengan mesthi ngraos kuciwa.

Wondene para rawuh ingkang kepingin mangertosi kados pundi garap gara-gara ingkang kagelar “nut ing jaman kelakone” menika, para rawuh kula aturi migatosaken, kados pundi kiprahipun Ki Anom Suroto anggenipun nglampahaken segment gara-gara menika..

Suluk pratandha pathet sanga ingkang kagarap ngelik mbuka segment menika. Cakepan Pathet Sanga ingkang kagarap dening Ki Anom Suroto lan kadang miwah putra keluwarga Anom Suroto menawi kagatosakan, wonten bentenipun ing kalimat tis-tis sunya tengah wengi, lumrang gandaning puspita lsp, ingkang biasanipun kathah para dhalang ngucap titi sunya tengah wengi, lumrang gandaning puspita. Miturut kula cakepan saking Ki Anom menika malah cakepan baku, ingkang werdinipun anyesing hawa ing tengahing dalu ingkang kaworan ing sumarebak gandaning sesekaran. Nanging menawi Titi sunya tengah wengi lsp, anggambaraken wanci tengahing dalu lan sapiturutipun. Suluk pathet sanga lajeng katerasaken lagon Petismanis.

Sasampunipun janturan sawetawis ingkang anggambarake swasana tengahing ndalu, lajeng kasambet sulukan pathet sanga wantah ingkang cakepanipun

Dhedhep tidhem prabawaning ratri,

sasadara wus manjer kawuryan,

tan kuciwa memanise,

menggep srinateng ndalu,

siniwaka sanggya pra dasih

aglar ing cakrawala

tinulad anglangut

parandene paksa kebegan,

saking kehing  taranggana kang sumiwi,

warata tanpa sela.

Sampak tanggung lajeng kaseseg lan kasambet srepeg Mataraman nyamleng karaos katambahan ing ciblonan kendhang kesit ndudut ati. Saksuwukipun gendhing lajeng Petruk ngudarasa kawontenan sosial politik ingkang tumama ing nagri ingkang nami Indonesia. Ngudaraos kados dene icalipun toleransi, arogansi kelompok, pejabat lan tokoh masyarakat ingkang hipokrit, lan rakyat ingkang gampil dipun provokasi lspt. Ledhok ilining banyu ujaripun Ki Anom, menika namung wonten ing bab lirwanipun warga nagari kaliyan welinginpun Bung Karno, mboten konsekwenipun anggenipun nindakaken ajaran sila sila ing Pancasila. Lan malih secara agama kathah ingkang nilaraken ajaran Panca Susila.

Rampung ngudarasa, Petruk tetembangan mBok ya Mesem, Semar lan anak-anakipun rerembagan bab Wali Sanga ingkang nyebar agami Islam lumantar gelar wayang sak gamelanipun, kalebet cipta-karyanipun Sunan Kalijaga ingkang wujud gendhing lan tokoh Panakawan.

Ing mriki Ki Anom mijangaken karya Sunan Kalijaga ingkang awujud gendhing Petalon Pitu sesambetanipun kaliyan proses jejodhohan mliginipun perkawis karonsih. Ugi mijangaken othak athik mathuk nami Semar saanakipun lan malih nama-nama tokoh Pandhawa dipun gathukaken kaliyan kalimat saking bahasa Arab. Senajanta kapireng meksa, nanging inggih masa borong.

Wosing rembag, Agama Islam dateng ing tanah Jawi menika sanes nuju ing papan ingkang suwung awang uwung. Ing tanah Jawi sampun wonten kapercayan ingkang Ki Anom ngwastani animisme lan dinamisme. Ning menawi kula langkung trep nyebut kapercayan ingkang laras kaliyan alam Jawi, mbok bilih ingkang kasebat kearifan lokal.

Mila saking menika, Sunan Kalijaga lajeng madeg dhalang, laras kaliyan karemanipun warga Jawi nalika semanten. Kanthi pagelaran menika Kangjeng sunan ngudhar piwulanging agami enggal lan ngrembakaaken agama Islam ing tanah Jawi. Mila ing pungkasanipun rembag, Ki Anom Suroto rumaos cuwa menawi wonten umat Islam ingkang nganggep wayang menika barang ingkang haram. Penulis taksih kengetan nalika wonten pawartos ing kompas.com, menawi ing tlatah Solo wonten pembubaran paksa pagelaran wayang, lan penghancuran patung-patung tokoh wayang ing tlatah Purwakarta, ingkang katindakaken dening oknum ingkang ngangge busana ala wali. Miris!!

Saksampunipun rerembagan Kyai Semar lajeng minggah ing papan pasucen, lajeng Ki Dhalang lumantar anak-anakipun Kyai Semar, lajeng melahi nggelar lelagon pilihan pendengar ngiras dados Master of Ceremony.

Pesindhen cacah gangsal lajeng dipun aturi unjuk olah swara. Para pesindhen inggih menika Nyi Kamiyatin, Nyi Darsini, Nyi Rusyati, Nyi Yanti lan Nyi Tumpuk mbaka setunggal tampil.

mBak Yanti, mbikak pilihan pendengar, kanthi ngasta bawa Sinom cengkok grandhel. Satunggaling bawa ingkang sanget asring kita pirengaken wonten ing pagelaran gara-gara ringgitan ing dinten dinten samenika.

Dominasi Nyi Tumpuk kadosipun dipun sengaja ka-expose wonten adegan gara-gara menika. Patrapipun Nyi Tumpuk ingkang “cowag” kaarah saged men-trigger swasana supados langkung gebyar. Dialog vulgar antawisipun Nyi Tumpuk kaliyan Ki Dhalang kadhang nggladrah, nanging untungipun  menawi sampun radi kedlarung Ki Anom kadhang mboten nanggapi. Kadosipun Ki Anom Suroto sadhar, menawi sampun senior lan gelar haji ing ngajengipun nami saged nyandhet lekohipun mBak Tumpuk ingkang matumpa-tumpa.

Bawa lan lelagon saking para pesindhen lan tamu kapungkasan lagon Adu Semu lan Sambel Kemangi.

Audio kompresi menika kula sengaja kaalitanken amargi noisipun lumayan inggil saking ewuhipun anggenipun ngatur gain receiver nalika ngrekam. Senajana mekaten kualitas asil kompresi mbokmenawi namung medhak mboten patos kathah. Menika malah kepara paring lapuran katuju Radio Kayumanis – Tangsel, bilih ing Bekasi, Radio Kayumanis inggih rata-rata namung kados mekaten kualitas receiving-ipun. Tebih  katandhing kalihan nalika taksih wonten ing Jl Kayumanis – Jakarta Timur. Malah ing akhir tahun 2011 ngantos ing wekdal samenika, siaran Radio Kayumanis sampun ka-interference dening radio lokal Bekasi ingkang manggen wonten frekuensi 95.3MHz.

Radio Kayumanis /sembelen puluh sembilan koma lima FM /. . . . .  eh salah . . . .  Radio Kayumanis/ sangangdasa sanga koma gangsal FM/ ngaturaken giyaran ringgit purwa/ kanthi lampahan Banjaran Limbuk lan Petruk . . . . . . . .

http://jumbofiles.com/user/Samudrianto/67705/Gara-Gar_KAS

KAS PALASARA MEGURU


Kembali PPW Jatim telah mendokumnetasikan rekaman Pita Kaset lama dengan lakon Palasara Meguru dengan dalang Ki Anom Suroto persembahan dari Radio ADSFM 94.8MHz Trenggalek, Radio yang setiap malam jum’at selalu menyiarkan wayang kulit klasik, dan tentu banyak pengemarnya.

Yang berminat menikmati silahkan kontak PPW Jatim.

KAS WAHYU MAKUTHOROMO LIVE SIDOARJO


Didahului dengan Berita atau woro – woro, lanjutnya adalah nonton pertunjukannya dan lebih lengkapnya mendapatkan dokumentasi barupa Video dan atau Audionya dengan kualitas Baik…..itulah sedikit udu klungsu PPW jatim didalam ikut serta meramaikan blog ini.

Jauh dari Trenggalek ke Sidoarjo….sopo sing gelem oleh oleh Nonton wayange tapi gak oleh Videone……lengkap sudah kami dapatnya Videonya tapi ternyata masih kurang….karena PPW jatim tidak sempat foto foto bersama sang dalang atau sinden sinden cantiknya. akan tetapi kali ini bersama Kurniafm Radio Informasi dan Budaya berhasil menconvert Videonya menjadi Audio yang siap untuk didownload secara Gratis tis tis Lakon Wahyu Makuthoromo live In Sidoarjo 2011 dengan dalang KI ANOM  SUROTO, padahal masih ada lagi Lakon yang sama live In Trenggalek Sept 2011….piye jal….?

Selamat menikmati dan semoga sukses bagi downloader…..hehehe jare konco konco nang kene….saking Ali M/ PPW Jatim

DISINI LINKNYA

KAS “Kresna Duta”


Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Persembahan selanjutnya dari Radio Suara Parangtritis AM 828 kHz Yogyakarta adalah Wayang bersama Dalang Ki Anom Suroto dengan lakon  Kresno Duto. Semoga bisa melengkapi perbendaharaan wayang di Blog tercinta ini.

Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

  1. http://www.4shared.com/audio/2_EQLLjo/000_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  2. http://www.4shared.com/audio/JcPWJ9Qn/001_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  3. http://www.4shared.com/audio/SN6AqJ1O/002_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  4. http://www.4shared.com/audio/6dUTYqAb/003_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  5. http://www.4shared.com/audio/5uuGW-2G/004_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  6. http://www.4shared.com/audio/n0s_2UEI/005_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  7. http://www.4shared.com/audio/QsrZdVRL/006_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  8. http://www.4shared.com/audio/AAnYYABH/007_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  9. http://www.4shared.com/audio/q8iByQ1A/008_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  10. http://www.4shared.com/audio/s3i69EnK/009_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  11. http://www.4shared.com/audio/t07kvOb6/010_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  12. http://www.4shared.com/audio/ZFmxmT0h/011_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  13. http://www.4shared.com/audio/DO9Kfkiw/012_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  14. http://www.4shared.com/audio/OlFc_IVK/013_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  15. http://www.4shared.com/audio/jQ7VW66G/014_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
  16. http://www.4shared.com/audio/dbMsnMdy/015_Kresna_Duta_Anom_Suroto.html
Follow

Get every new post delivered to your Inbox.

Join 961 other followers

%d bloggers like this: