Brajadenta mBalela-Ki Sugino Siswocarito

Dening MasPatikrajaDewaku (PPW 11-01-0006)

Makarya sesarengan kaliyan Radio Mutiara AM Bandung)

 

Pasugatan ingkang kepareng kula unggah menika ringgit Banyumasan ingkang katindakaken dening Ki Sugino Siswocarto. Lampahan menika taksih koleksi kaset saking Radio Mutiara AM Bandung. Maturnuwun sepindhah malih kula aturaken dhumateng para pangarsa Radio Mutiara AM Bandung ingkang sampun kesdu paring palilah ngampilaken kaset menika lumantar sumitra kula saking Bandung, Pak Roni Subari . Senajan menika kaset sampun umur watawis 30 tahun kepengker lan track swantenipun taksih mono, nanging mawola-wali kula sebataken, file menika taksih kenging kawastanan taksih sae tumrap upaya nguri-uri kabudayan ringgit purwa mliginpun gagrag Banyumasan. Sakalangkung mligi, ringgit purwa ingkang katindakaken dening dhalang ingkang dados panutan, tumraping panggungan gagrag Banyumasan, Ki Sugino Siswocarito.

Saksampunipun asil convert digital sawatawis kula simpen lan nengga wekdal kaunggah ing wayangprabu.com, ndilalah ingkang siap tayang kanthi laju bit 128Kbps kados biyasanipun, mboten saged kaunggah amargi perangkat komputer wonten nggriya crash.

Untungipun, menika khas tiyang Jawi, senajanta crash nanging taksih untung, file ingkang kula simpen alit-alit laju bit-ipun taksih kula simpen wonten ing external hard disc. Mila inggih mboten wonten pilihan, file ingkang wujudipun file mini menika ingkang kula aturaken kaliyan para pandhemen ringgit, mliginipun ringgit purwa gagrak mBanyumasan saking Ki Sugino.

Senajanta mekaten wonten watawis lampahan inggih menika Anoman Obong-Ki Sugino, Semar mBangun Kahyangan-Ki Sugino, Antasena Takon Rama-Ki Sugino, Pergiwa Ratu-Ki Anom Suroto lan sawatawis lampahan wayang kulit lan wayang golek malih kedah dipun ambali proses konvert-ipun menawi files mboten saged kapulihaken mangke.

Dene cariyos Brajadenta mBalelo menika keleresan kados sampun wonten ingkang request nalika semanten, saking salah satunggaling tamu ingkang paring comment wonten ing unggahan ingkang sampun. Mugi mugi, lampahan menika saged damel marem tumraping ingkang sampun nyuwun lampahan menika mliginipun, lan para sutresna wayang Ki Sugino umumipun.

Lampahan Brajadenta mBalela menika kawiwitan jejeran ing negari Pringgandani, ngrembag bab

sampun tigang pisowanan dene Brajadenta mboten marak seba. Mila Prabu Anom Gathutkaca nyuwun pamanggih kaliyan Raden Brajamusti.

Mboten nami Raden Brajamusti tumbak cucukan, dene Raden Brajamusti matur walaka, namung aturipun menika amargi anjagi karahayuning praja. Amargi kadang Braja menika dados saka guruning kekiyatan Pringgandani.

Aturipun Raden Brajamusti dhumateng ingkang pulunan, Raden Gathutkaca, bilih Dewi Pandhansari, garwanipun Raden Brajadenta, menika ingkang yektosipun dados tuk sumbering tumindakipun Raden Brajadenta ingkang tindak ngraman, mbalela, mbondhan tanpa ratu, mirong kampuh jingga.

Dewi Pandhansari mboten rena menawi namung dados garwanipun Adipati ing Glagah Tinunu.

Senajana makaten, Raden Gathutkaca ingkang mangertos larah larahipun dene Brajadenta nindakaken kraman, malah yektos badhe paring kalenggahan Praja Pringgandani dhumateng ingkang paman, Brajadenta, kanthi  lila legawa.

Nanging Raden Brajamusti mboten sarujuk, lajeng mijangaken larah-larahing kadang Braja

mboten kenging nglungsuri kalenggahanipun ingkang rama Prabu Trembuku. Saterasipun Praja Pringgandani kedah kebawah keprentah dening turuning wiji luhur. Prastawa menika kawijangake dening Raden Brajamusti, wontening lampahan ingkang kasebat Arjuna Liyep. Selajengipun ugi ngengeti bilih Negari Pringgandani sampun kedunungan boyongan wujuding manungsa saking manca ingkang dedunung ing salebeting praja, temah Praja Pringgendani dados negari ingkang reja.

Raden Brajamusti lajeng dipun paringi purbawasesa kapurih ngarih-arih ingkang raka Raden Brajadenta, supados lerem anggenipun madeg ngraman. Dene  iguh pertikel kados pundi anggenipun paring wewarah kasumanggaaken, ingkang wigati ing mangke sampun ngantos andadosaken daredah lan pasulayan.

Saksampunipun Raden Brajamusti bidhal dhateng ing Kasatriyan Glagah Tinunu, Raden Gathutkaca kadunungan raos ingkang tidha-tidha. Amargi mangertosi bilih watak wantunipun para kadang Braja menika gampil mulad menawi kecenthok ing tembung sora. Lajeng Raden Gathutkaca jengkar anjampangi lampahipun Raden Brajamusti lan Brajawikalpa.

Kocap kacarita nalika semanten Raden Brajadenta saweg kaadhep dening punakawan Togog lan Sarahita. Raden Brajadenta nyuwun aturipun Ki Tejamantri larah larahipun dene ingkang rama, Prabu Trembuku maringaken negari Pringgandani dhumateng ingkang wayah Raden Gathutkaca. Lajeng konsultan para sabrang menika negesaken tembung warisan lan warasan. Puntoning rembug, Togog malah dipun jempalani kaliyan Raden Brajadenta amargi mboten narimah kaliyan aturipun Togog lan mboten ndadosaken rena ing penggalihipun Raden Brajadenta.

Leres pandhuganipun Raden Gathutkaca, Raden Brajadenta lan kadangipun anem sami bandayuda pungkasanipun, saksampunipun rembag sarana aris mboten saged angrampungi damel. Pancakara rame andadosaken kadang Braja sami nglumabarah. Raden Gathutkaca ingkang lajeng nyepeng pedhang Sukayana kagunganpun Raden Brajadenta lan badhe kawangsulaken dateng ingkang paman, kawastanan bilih plunanipun badhe nyirnakaken Raden Brajadenta. Rumaos ajrih, Raden Brajadenta lumajar keplayu anggendring kininten menawi badhe kapejahan.

Plajaripun Raden Brajadenta lajeng kacemplung ing Sumur-upas wonten ing tlatah Pasetran Gandamayit. Dene Raden Gathutkaca ingkang nginten menawi ingkang paman sirna, lajeng getun kepara malah nandang raga rikala sampun kondur dhateng Praja Pringgendani.

Lampahan malembar dumugi Negari Ngastina, amargi ing mriku Dewi Banowati kacidra asmara dening Raden Gathutkaca tiron lajeng Sang Prabu Duryudana utusan Pendita Durna kinen paring lapuran kaliyan para kadang Pandhawa kapurih ngrangket Raden Gathutkaca ingkang tindak culika.

Sanalika kebranang raosipun Raden Werkudara lan Raden Arjuna mireng palapuranipun Pandhita Durna. Kalih-kalihipun satriya Pandawa tanpa pamit nilar pasewakan kanthi pamrih ingkang benten.

Kados pundi ramenipun Ki Sugino anggenipun nggancaraken lampahan Brajadenta mBalela? Para rawuh ing wayangprabu.com kula aturi ngundhuh file ingkang senajanta alit alit, nanging tumrap kula, menika dereng ndadosaken degradasi saking aslinipun ingkang wujud kaset.

 

Menika link-ipun:    http://jumbofiles.com/user/Samudrianto/67609/Brajadenta_mBalela

Ki Sugino Siswocarito – Wisanggeni Murca

Digitalized by MasPatikrajaDewaku.

Makarya bareng karo Radio Mutiara AM Bandung

Lha kiye inyong teka maning. Sekiye lakon sing tek unggah lakon ana gegayutane karo Wisanggeni. Mesthine para rawuh neng “wayangprabu” mligine wong penginyongan pada ngarep arep sebab angger Dalang Gino nyuwarakena Wisanggeni jan cocog banget karo selerane wong penginyongan padha. Sebab kiye mung audio, dadi ya wis klop banget denggo ngayalena kepriwe sosok Wisanggeni angger dirungu suarane lewat Dhalange sing jan timbrene serak serak. Angger ana gambare, jane sih tambah seneng maning angger weruh aglang-eglenge Antasena. Jan klop banget angger Antasena ketemu karo Wisanggeni. Sayange, tokoh Wisanggeni neng lakon kiye jan mung kocap thok.

Lah ngomongena lakon kiye, sing judhule Wisanggeni murca. Murca maring ngendi ya kang? Terus kepriwe gegeyutane karo Gatutkaca, Dewi Suryawati lan Dewi Galawati? Tek critani disit sarwa sethithik denggo pengantar donlot kiye.

Kocapa neng Neng Negara Petapralaya, ana ratu sing jejuluk Darma Radeya utawa Darma Dewa. Lah sapa maning kiye. Sing ngadhep neng ngarsane Sang Prabu sing lagi nganakena pasowanan, ora kejaba putrane sing aran Raden Surya Kesuma lan Patih Jayasaraba.

Nalika semana Prabu Darma Radeya lagi sungkawa, awit putrane sing aran Dewi Suyawati nuju dadi kembang lambe, dilamar dening ratu selawe negara. Ana maning sing dadi pikirane, senajan bungahe kayangapa, angger para ratu akeh sing seneng karo putrane, tapi angger jenenge wong wadon, ora nana jamake ngewayuh kakung. Apa maning angger mikirena pengincim incim sekang para raja sing angger ora bisa bisa nggayuh Dewi Suryawati, bakal gawe karangabang ngrusak negara Petaperlaya.

Lewih sedhih maning rawuhe Pendita Drona, sing nambah “daftar panjang” daftar penglamar Dewi Suryawati. Mesthine tekane Drona tumrape penonton sih jan marahena nyengit, tapine gawe ger-geran. Sekang putege Prabu Darma Radeya, Pendita Drona karo Adipati Karna dikon ketemu dewek karo Dewi Suryawati, apa gelem diboyong karo Pendita Drona maring Negara Ngastina dadi sisihane Raden Lesmana Mandrakumara.

Tapi tankocapa, bareng teka maring keputren, neng kono ana Antareja sing main tembak langsung alias “shortcut” mlebu maring petamanan njedhul lewat bumi. Antareja duwe karep sing padha, arep mboyong Suryawati. Antareja ngajak Dewi Suyawati bali maring Sumurupas, ora usah nganggo matur maring ramane.

Suryawati sing ora kepareng melu, mlayu diuber karo Antereja, kepapag karo Adipati Karna. Sulaya rembug dadi peperangan. Lagi Adipati Karna ngunus Kunta Druwasa arep merjaya Antareja, Raden Antasena njedhul nyandhak Antereja mundur.

Apa maning kiye jajal kang, kenangapa Antareja ketemu karo Antasena neng petamanan Petaperlaya. Jan jane kiye loro-lorone anak Werkudara, anu pada diutus karo ramane, kon padha nggoleti ilange Raden Gathutkaca. Koh jebule pada pating bedhengus neng kene sih ya? Raden Antareja blaka angger dheweke kepengin nggarwa Dewi Suryawati. Rembuge kepriwe? Mangga digatekena neng bagiyan 4A.

Senajana kaya kuwe, Antasena sing ngerti angger patrape Adipati Karna sing ngumbar senjata Konta kuwe jane nyalahi empan papan.  Mulane Antasena sing temandang ngadhepi kridhane Adipati Kana. Lepase Kunta Druwasa ditampani karo Antasena, ora papa, malah senjata Kunta dibuang karo Antasena. Lagi Drona arep maju, dipisah karo Pati Jayasaraba. Loro-lorone pihak ditimbali karo Prabu Darma radeya. Wose Dewi Suryawati nyuwun kudangan wujud jago kate mas sing bisa kluruk unine Jagad Dewa ya Bethara. Lha kiye sih! Sing duwe jago kate sing kluruke Jagad Dewa Bethara ora nana liya kejaba Drona dhewek. Jere!

Kepriwe terusane kang? Kepriwe “hubungane” karo Gathutkaca sing lagi tapa neng alas Mandhalasraya detunggoni karo kewan sing wujud sardula. Apa ana “hubungane” Gathutkaca karo sing jeneng Dewi Suyawati lan Dewi Galawati.

Terus apa maning sambung rapete antara jago kate sing kluruke Jagad Dewa ya Bathara karo Wisanggeni?

Angger wis ana sing ngerti ya sukur. Tapi kayangapa-a angger Kaki Gino gole mayangena lakon Wisanggeni Murca, kayane njenengan rugi angger ora migatekena kewasisane. Tela angger crita wayang, kayane ending-e si akeh sing wis ngerti. Tapi jan-jane wayang kuwe bisa ndadekena kenikmatan batin angger inyong sampeyan pada migatekena gendhinge, ya suluke, lekak lekuke suara sindhene lan sepiturute. Malah jere kang Kang Tohirin, krungru kecreke Dalang Gino be jan rasane anu marem banget.

Mulane ora aneh angger akeh sedulur kita sing angel degiring sekang bab kecrek utawa keprak utawa kepyak kebiasaane ngrungokena wayang. Ana sedulur sing angger ora nganggo kepyak sing suarane thing thing thing  . . . . . .  ya trima ora nonton apa ngrungokena wayange. Senajana suara thing thing decampur karo crek crek senajana mung semendhing bae, anu terus ana sing ngilari. Jere ora murni maning. Ora karuwan rasane.

Tapi tumrape inyong sih ya kang, arepa keprak suara thing thing (ora nganggo Ayu) apa suara crek crek, esih bae dearani wayang. Dadi tetep dadi kekareman. Paribasane panganan, arepa gudheg, sega liwet, sroto-mendhoan (matur nuwun mendhoane kang Budi Susilo) malah keredhok ya inyong ora ngilari. Akeh sing bisa dinikmati, akeh uga aneka rupa asupan gizi (jiwa) sing mlebu ngawak denggo nguwati jiwa-raga. Nggih napa nggih? Nggiiiih . . . . . .

Mangga dirahabi wayangan Banyumasan niki. Link-e kang? kiye ora kelalen koh inyong:  http://www.mediafire.com/?vs7adscxwksff

Ki Sugino Siswo Carito – Petruk Idu Geni (Audio)

Makarya bareng karo Radio Mutiara AM Bandung.

Dening : MasPatikrajaDewaku (PPW 11-01-0006)
Mangga lah para sedherek. Kiye Lakon Petruk Idu Geni
Dalang             : Ki Sugino Siswo Carito.
Karawitan        : Mudha Budhaya.
Pangarsa          : Ki Sugino Siswo Carito
Kendhang         : Ki Rasito.
Waranggana     : Nyi Suryati, Nyi Wahyuni, Nyi Suwarti.

KI SUGINO SISWOCARITO – GARENG LARUNG

(Makarya bareng antarane PPW karo Radio Mutiara AM Bandung).

Dening : MasPatikrajaDewaku. (PPW No 11.01.0006)

Gareng larung kayane memper karo lakon Gareng Dadi Ratu sing inyong esih simpen konvertane. Kenangapa sih ora dibagi lan esih tek simpen? Sebab kaset sing gemiyen disilihi karo Kang Tohirin, esih kurang sekaset. Inyong esih duwe pengarep-arep, muga muga esih ana sedulur sing kagungan lakon kiye sing jangkep. Terus dikirimaken maring inyong dinggo njuguli. Jan pangarep-arepe inyong keleksanan, senajana ora pada, tapi memper.

Kebeneran sekang PPW pusat mBandung sing dipangarsani Pak Roni Subari olih lakon Gareng Larung kiye sekang Radio Mutiara AM Bandung. Matur Nuwun kagem Bapak-bapak Pangarsane Radio Mutiara Bandung lan sedaya jajaranipun, sing empun kersa paring palilah ngampilaken.

Bareng tek jajal ngemataken alur critane Gareng Larung kiye, ya pancen memper. Bedane sejen perekam lan sejen wektu lan sejen sanggite. Dadi inyong arep ngunggah dhisit sing versi lengkap sekang mBandung. Mengko inyong arep ngunggah loro-lorone supaya penjenengan padha bisa milih sing pedhes apa sing asin, aya kuwe.

Kaset sing sekang mBandung kiye padha kaya sing wis tau tek unggah wingi yakuwe lakon Siluman Naga Putih sekang bab rekamane. Rekaman kopian. Tapi senajana rekaman kopian, tapi kaset kiye jan cling banget koh para sedulur. Dadi rasane kepenak banget gole ngonvert. Ora kakehan ngulik nganah-ngeneh, asile jan apik banget.

Sing tek omong mau, dilihat dari perspective crita (alala . . . . apa kiye), pancen mandan padha alur critane karo Gareng Dadi Ratu.  Dimulai sekang jejer Negara nDwarawati. Neng pasowanan agung kiye, Nata nDwarawati lagi rembugan karo Raden Samba putrane, Raden Setyaki adi ipene, karo Patih Udawa, sedulur sejen biyung.

Sing derembug kejaba raharjaning praja, uga sing penting, ana pawarta angger rayine Prabu Kresna, Wara Sumbadra, lagi nandhang gerah. Sekehing usada wis ditamakena, tapi ora nana sewiji jenis usada sing kewawa gawe pulihe Wara Sembadra.

Lagi eca imbal wacana, dumadakan kesaru geger ing pangurakan, ana raseksa sak giri suta pepe neng alun alun. Bareng didangu, niate raseksa sing aran Ditya Kala Sudarapati arep sowan marang ngarsane Prabu Kresna. Wusana niyate Ditya Kala Sudarapati dikeparengaken munggah sitihinggil.

Kocapa, bareng niate Ditya Kala Sudarapati diaturaken neng ngarsane Prabu Kresna, Raden Samba maju wawan rembug karo Ditya Kala Sudarapati. Neng atine Raden Samba kebranang, tapine kanti ulat lan tembung sing diplomatis, Raden Samba matur ririh. (cara sekiyene kepala boleh panas, tapi hati harus tetap adem). Kenangapa sih jane?

Sebab Ditya Kala Sudarapati diutus karo ratu gustine sekang Negara Jongparang, jejuluk Prabu Sudaradewa, supaya tuku Sekar Cangkok Wijayakusuma, denggo tumbal neng Negara Jongparang. Pira regane kembang Cangkok Wijayakusuma arep dituku. Neng kene, dhalange nyindir perkara korupsi para pejabat sekiye neng Negara Indonesia.

Sebabe kang, Ditya Kala Sudarapati anu arep numpangi, tegese enggane regane satus ewu, kon ditulis neng kwitansi rongatus ewu. Jan ora gemiyen ora siki deneng lah!

Raden Samba nyaguhi. Tapi dol tinuku arep dileksanani neng alun-alun. Neng kene inyong kemutan karo lakon Durna Gemblung. Nalika semana utusan sekang Negara Ngrancang Kencana, yakuwe Patih Kala Lodra arep nyuwun Dewi Jembawati. Alure meh padha, tapi sebab kiye lakon sing nindakena Dalang Gino, ya ora mboseni. Kaya kuwe mbokan para sedulur nggih? Nggiiiiiiih!!

Bareng metu neng njaba, Patih Kala Lodra jan bombong banget. Togog karo Sarawita sing maune matur, angger jejibahan sing kaya kuwe derasa abot, nyatane kedadiane jan entheng kemlentheng temenan. Tapi Togog malah nyalahena gustine. Awit Togog ngerti angger kiye mesti pokale Raden Samba. Bener bae, kembang Wijayakesuma kena dituku, tapi nganggo ndhase Patih Kala Lodra.

Ana maning kang, nang jejeran candake, Taman Maduganda. Nalika kuwe Dewi Wara Sembadra lagi nandhang raga dirawuhi Pendita Drona. Neng kono, Pendita Drona matur karo muride, Raden Janaka, gerahe Wara Sembadra ana sing maeka. Sing nindakaken paeka, ora nana liya marune dewek, yakuwe Wara Srikandhi. Neng kene ana maning, inyong dadi kemutan karo lakon Durna Gemblung. Angger Durna Gemblung, Drona njaluk banten kuncunge Semar, lah angger Gareng larung Drona njaluk atine Gareng, sing disanepakena ati aking.

Neng pungkasane crita mangga para rawuh mengko pada tek paringi perbedaan antarane lakon Gareng Larung karo lakon Gareng Dadi Ratu. Mangga kari, milih sing endi sing arep deundhuh. Sukur arep ngunduh loro-lorone. Tekade lakone beda sanggite ya beda.

Angger lakon Gareng Larung, matine Gareng pancen arep dearah atine, tapi angger lakon Gareng Dadi Ratu, matine Gareng sekang sebab nyewek jala pusaka. Tapi ending-e pada, Nala Gareng sing dadi sekti bisa mateni ratu tokoh antagonis, ketemu karo Dewi Wara Sembadra karo Wara Srikandi. Bareng Nala Gareng nganggo agemane ratu sing dadi tokoh antagonis kuwe, Nala Gareng menjelma dadi ratu sekti. Turan, Wara Sembadra karo Wara Srikandi uga digandheng karo Nala Gareng, api-api dadi bojone. Dadi kiye lakon Gareng Larung mandan kaya cerita campuran antarane Drona Gemblung karo Gareng Dadi Ratu

 Senajana kaya kuwe, wong kiye kiprahe Dalang Gino, kabeh maen koh. Dideleng sekang crita lan sanggite, apa maning rekamane. Loro-lorone esih pada cling. Setereo!!  Kiye kang folder link-e :

Gareng Larung        : http://www.mediafire.com/myfiles.php#7278f2x7485ja

Petruk Idu Geni – KSSC – Sinopsis

(Makarya bareng kalih Radio Mutiara AM Bandung)

Dening: MasPatikrajaDewaku. (PPW 011-01-0006)

Para rawuh teng wayangprabu.com kabeh bae. Ora tek wiji-wiji endi sing kelebu seneng karo Gagrak Solo tapi seneng Mataraman, sing seneng gagrak Mataraman tapine uga seneng gagrak Soloan. Kelebune penjenengan sing ora ke-etung kelompok sing biasa, alias kelompok luar biasa, kaya penjengan sing seneng gagrak Banyumasan tapi seneng gagrak Solo karo Mataraman. Sapa sih kang?. Mangga niki onten malih lakon sekang Ki Sugino Siswocarito sing mesthi bae wayangan gagrak Banyumasan.

Lakon carangan sing marakena para sutresnane Ki Sugino mandan penasaran, kenangapa ana lakon sing judule kayong mendeni banget. Petruk Idu Geni!! Biasa kang, kiye sih jenenge model dodolan sing menjual ala sales. Dagangan jere kudu duwe selling point, yakuwe salah sijining factor sing arane differensiasi. Pembeda antarane produk siji lan sijine, bedane yakuwe,  judul sing mendeni. Angger neng dunia blog supaya para rawuh neng blog-e pada ketarik maca, penulis uga diwajibena kreatif gole ngetrapena judul. Angger judule aneh, bombastis lan liya liyane sing menarik, paling ora pengunjunge ngeklik. Perkara mengko arep nerusena maca apa ora, kiye ya perkara mengko.

Kuwe anu bab dodolan lan perkara judul artikel blog. Tapine anu kaset sing tek trima sekang panjenengane Pak Roni Subari kiye koleksi kaset kagungane Radio Mutiara AM Bandung, kejaba judule sing medeni. Suarane jan esih gandhang, jan esih maen. Senajana kiye terbitan wis lawas banget antarane tahun 1982. jan lawas temenan turan klasik gaya mayange. Kayane malah angger nonoman sing sekiye pada rawuh maring wayangprabu lan dadi fans Ki Sugino, mesthine akeh sing durung lair

Crita Petruk Idu Geni kayane ana sing wis tau request. Malah ana maning sing coment angger penjenengane wis duwe wujud digital sing durung tau diunggah. Nuwun sewu nggih mase sing kagungan digital conversion, kula unggah mawon sing teng tangan kula mergane kula enggih mpun sumedya mung kari ngunggah tapi internete mandan lelet, dadi sing tek unggah sinopsise      disit.. Sing wis suwe ngenteni, ora suwe maning angger wis munggah net kabeh, link-e arep tek tidhokena

Lakone dhewek, Petruk Idu Geni kiye pancen lakon carangan ala Gino. Ndeyan neng tlatah liya ora nana lakon sing alur crita apa maning judhule pada karo lakon kiye. Lakone nyritakena pokale Prabu Duryudana sing diombyongi karo Pendhita Drona gole arep ngrebut Wahyu Cakraningrat sing wis manjing manungal karo Raden Abimanyu.

Niyate Prabu Duryudana gole kepengin ngrebut wahyu kiye, awit kepengin ditrimakaken karo putrane Sang Prabu sing aran Lesmana Mandra Kumara. Awit sapa sing kadunungan wahyu kiye dicritakena bakal bisa nurunaken raja-raja tanah Jawa.

Bareng niyate mau dicritakena karepe karo para sing lagi rembugan neng Pasewakan agung Ngastina, Prabu Baladewa nyarujoni, senajan Angkawijaya kuwe plunane. Sing penting menurut Prabu Baladewa  cilike aja nglarani, gedhene aja nganti gawe pepati. Tapi kocapa, bareng ditawakena karo Adipati Karna, Raja Awangga kiye ora setuju. Malah ngendika angger Pendhita Durna wis minger kiblate.

Kocapa, Bambang Aswatama sing ora trima, nantang Adipati Karna. Dilayani! Tapi para sedulur, tekade Drona gole nyanggupi arep ngrebut wahyu Cakraningrat nyatane kesaguhane di back-up karo  denawa cacah loro sing aran  Dhendha Swala Yaksa lan Dhendha Swala Pati sekang Guwa Maya Siluman. . Dadi, Drona wanine mung angger ana balane.

Adipati Karna tandhing yuda karo Aswatama. Mesthi bae Aswatama kasoran. Senajana sekti kaya ngapa, tapi Adipati Karna nglawan srayane Drona sing wong loro duwe nyawa siji, nyatane Adipati Karna kasoran, malah kebuncang adoh mbuh ngkana tibane.

Prabu Baladewa sing maune serujuk, wusanane mbalik tingal. Raja Mandura nututi kebuncange Adipati Karna arep paring tetulung karo adi ipene..

Neng ngendi tibane Kang? Ora liya anu neng ngarepe Sang Begawan Kalinglingan. Sapa sih ya kang sing jenenge Begawan Kalinglingan? Lah kiye sing dadi role crita. Sekang sektine Begawan Kalinglingan, bisa mengerteni endi sing jeneng Bawor, ambi Gareng, senajana durung tau ketemu.

Agi Begawan Kalinglingan ketemu karo Bawor gole nakoni Bawor kaya kiye, – Sapa jenengmu Bawor ? -  Semana uga lagi nakoni Gareng ya monine takon jeneng nyebutena jenenge Gareng. Jelas bae wong Begawan Kalinglingan kuwe pancen Kanthong. Saking sektine Kanthong alias Petruk, bisa idu geni. Lah kiye, mulane lakone disebut Petruk Idu Geni. Paham nggih sedulur?

Kejaba crita ngarah patine Abimanyu, neng lakon kiye uga ana pemintane Pandhita Drona gole ngarah Jamus Kalimasada. Utusan karo Dhenda Swala Yaksa maring Ngamarta. Senajana babak belur dijotosi karo Wrekudara, tapi wusanane, jamus Kalimasada bisa dicekel, merga olih palilahe Prabu Puntadewa sing wis terkenal anu duwe watak rila dunya trusing patine. Perkara dunya sing wujude Layang Jamus Kalimasada mesti bae dituruti panjaluke Dhendha Swala Yaksa.

Kepriwe para sedulur, cara kepriwe baline Layang Jamus maring asale maning maring Ngamarta? terus sapa sejatine Dhendha Swala Yaksa ambi Dhendha Swala Pati? Anggere ana sedulur pada sing wis tau ngrungokena apamaning angger wis tau duwe kasete, mesthine si ya wis ngerti alur lakone. Tapine angger perkara Dalang Gino angger mbabar lakon, kayane para sedulur pada mesthi kangen karo kepriwe kakine Gino gole nglakokena wayangan Banyumasan klasik kaya sing tau ditindakena jaman gemiyen nalika tahun antarane 80’an. Jan, ngangeni temenan koh!!

Kayane wis ora bakal ana maning pegelaran klasik kaya kiye. Sebab, siki angger ndalang, kakine sing wis sepuh anu wis ditambal ambi limbukan karo dagelan sing mandan suwe. Lha kiye tumrape inyong, kurang sari aya kuwe. Siki kadhang-malah sering, putune sing ngganti kakine, sasat malah kakine gole mayang mung rong jam-telung jam thok

Kiye konvertane tek gawe sekaset selakon. Angger njenengan sreg ambi cara sing kaya kiye, inyong ya manut. Tapi angger njaluk depripil sing cilik-cilik kaya biasane, ya njenegan ngendika bae karo inyong. Mengko tek timbang kurang lewihe. Mangga dienteni link-e.

KSSC – Siluman Naga Putih (Audio)

Dening: MasPatikrajaDewaku

Pembina Paguyuban Pecinta Wayang,

KTA Nomor : 11.01.0006

Mangga para sutresna, niki link dingge ngundhuh lampahan Siluman Naga Putih.

Dalang             : Ki Sugino Siswo Carito.

Karawitan       : Madya Budhaya

Waranggana    : Nyi Wahyuni

Nyi Suryati

Nyi Titi

Nyi Darwati

Mangga, sugeng midhangetaken.

  1. http://www.mediafire.com/?963256zy3j3gsk2
  2. http://www.mediafire.com/?80hsdm8lpwnihqb
  3. http://www.mediafire.com/?55ci7bsi1s294yb
  4. http://www.mediafire.com/?hrx41xeu2xu7hul
  5. http://www.mediafire.com/?tc7aia03v59zzam
  6. http://www.mediafire.com/?sx4d3itn1s2oiuq
  7. http://www.mediafire.com/?rebxrhkoya3ef1f
  8. http://www.mediafire.com/?514y9mnrnu0td9n
  9. http://www.mediafire.com/?7bwkvh14yvd23ar
  10. http://www.mediafire.com/?3qm5ltinznch8ed
  11. http://www.mediafire.com/?aanqf04jszcc4l4
  12. http://www.mediafire.com/?qpm6o8n33m99553
  13. http://www.mediafire.com/?a5bjlonvo6833bs
  14. http://www.mediafire.com/?01f6m2n6gdra9oc
  15. http://www.mediafire.com/?d661bdb6547bd98
  16. http://www.mediafire.com/?caf9o827583gfb5

KSSC-Siluman Naga Putih

(Makarya sesarengan PPW-Radio Mutiara AM Bandung)

Dening: MasPatikrajaDewaku

Pembina Paguyuban Pecinta Wayang,

KTA Nomor : 11.01.0006

 

Kaset sekang Radio  Mutiara Bandung sing teka neng ngumahku, bareng tek bukak ana judul sing angger diwaca kaya-kayane judul komik model gemiyen. Kaya judul komik lakon antah berantah sing dekarang komikus sekang Kepanjen Malang, Teguh Santosa. Gemiyen anu komik kiye jan maen banget gambare. Gambare sing dominan warna ireng arsirane lembut banget. Pokoke maen.

Mulane inyong jan penasaran kepriwe sih lakon kiye diarani Siluman Naga Putih. Judule medeni banget! Kaya sing wis tau tek tulis lagi anu kae, pancen angger anu lakon sekang Dalang Gino sok nganggo jeneng lakon sing mambu-mambu spektakuler tur bombastis. Jajal sih dirungokena mengko.

Cegleg, kaset nomer 1 mlebu maring kompartemen player Samsung MM-DB9- 5.1ch sing biasane tek nggo ngonvert. Nyamleng! Senajana kaset kiye anu suarane mandan klipping sebab sekang kasete kiye pancen anu kejaba kopian lan umure kayane wis tuwa. Tapi angger tek biji esih olih nilai 8 aya kuwe.

Swara gender suling karo rebab keprungu ngrangin murwani isine kaset no 1, disusul bawa. Gending mulai, swara renyah sing kaya kripik Sawangan, ora manglingi kiye suara sekang sinden Nyi Suryati. Jan tela kepenaak banget koh. Kaset no 1A rampung, isine gendhing pembuka, nganti sampak Mataraman, suwuk.

Aja detinggal ngunduhe. Senajana kiye mung gending pembuka, tapi ana sewetara sedulur sing nyaruwe, senajana mung panjak, tapi jere kudu tetep diunggah. Kiye tek turuti.

Jejer Ngastina, pasamuan agung lagi ketamuan Prabu Baladewa, kejaba ana sebane Pendita Drona, Patih Sengkuni karo Adipati Karna. Nha neng kene kiye, critane sing dearani Lakon Siluman Naga Putih terbuka dengan jelas!. Ora liya jeneng lakon  owah-owahan sekang lakon Mbangun Taman Maerakaca. Deneng sih!!

Sekiye taman Maerakaca lagi bosah basih awit sekang neng kana ana indang danyang peri prayangan sing wujud naga putih, gandarwa putih lan liya-liyane sing sarwa putih. Jan jane wewujudan Siluman Naga Putih kuwe kedadeyan sekang wujude Prabu Jungkungmardeya sekang Negara Parang Gubarja sing  wis tumekaneng sirna, tapi esih mrayang, ora trima Srikandhi wis bisa kaalap dening Raden Janaka lemantar Larasati. Mulane sekang putege Prabu Drupada nganakena sayembara maning, sapa sing bisa mbangun ulang taman Maerakaca sisan munah satru danyang sing manggon neng Taman Maerakaca bisa dhaup karo Putra putrine yakuwe Dewi Wara Srikandhi.

Critane larah larahe taman Maerakaca sing asline jenenge taman Sriwedari, sing gemiyen anu dipapanena neng Negara Maespati. Bareng Prabu Harjuna Sasrabahu wis mukswa dadi dewa mangkat maring kayangan, taman digawa bali maring kayangan karo para dewa. Kocapa taman Sriwedari degawa ndirgantara. Tapi ora kuwat terus tiba tugel dadi loro. Separo tiba neng Negara Pancalaarja (Pancalaradya) sing separo tiba neng Negara Dwarawati.

Kejaba kuwe, ana lakon lagi rebutane Dewi Wara srikandi sing dadi bebana, sapa sing ngalahaken gole adu panah nalika semana sing demenagnena karo Larasati, tapine gandheng sing menang anu wong wadon, bareng kaya kuwe, Wara Srikandhi diserahena karo Janaka.

Tapi kedadeyan kenane Srikandi karo Raden Janaka, meksa pendita Dorna tetep panggah ora gelem mundur gole arep ngarah Srikandi. Sebab anggepane Drona, Janaka kuwe muride dhewek. Nah “persoalan” kiye dianggep remeh, gampang lah!.

Kocapa, nalika lagi ana neng pasewakan kuwe, ana raseksa utusan sekang Negara Kalinggapura, sing aran Kala Subandana. Wigatine arep nyuwun Pendhita Drona nggone arep gotek maring negara Pancala diwurungena bae. Awit gustine sing jejuluk Prabu Supala arep melu sayembara mbangun Taman Maerakaca. Mesti bae Pendita Drona ora setuju.

Tapi tankocapa, Ditya Kala Subandana malah ngancam, angger ora dituruti pekertine Gustine, yakuwe Prabu Supala, bakalan nggawe Negara Ngastina bosah basih dadi karang abang.

Sulaya rembug dadi pancakara antarane Adipati Karna karo Ditya Kala Subandana. Gandeng kiye mung audio, dadi para rawuh ya mung bisa mbayangena ramene perang. Kepriwe carane ya kang, mbekayu? Kiye dimeremena baen mripate pidangetena sing permati. Diematena swarane hentakan kendhane sing sinkron karo keprake Ki Dalang, neng sisi tengah apitan speker kiwa tengen. Trus ana kemlinthing swara saron lan peking neng salah sijine sisi, sisi sebalike ana swra dominan bonang. Jan tela kepenak temen yakin!!

Kepriwe perange Adipati Karna nglawan Ditya Kala Subandana wusanane?  Mangga cembenengan mawon sing crita kalih batire mangke nggih! Nggiiiih. Sing jelas bare perang kiye, trus jejeran neng Negara Kalinggapura. Tujuan sing dirembuk, Prabu Supala arep jengkar dewek maring Negara Pancala.

Togog karo Sarawita sing menging bakal akibate, ora direwes!  Temenan ketemu karo Raden Gatutkaca dadi pancakara. Gatutkaca kalah ketaman sirep Bujung Layon sekang Prabu Supala sing pancen mandi kepati. Sekal Raden Gatutkaca keturon.

Gara-gara. Sewise srepeg pathet sanga suwuk, sulukane Kyai Gino mulai mbangun humor gara-gara. Mleset (deplesetena) cakepane. Sing biasane onine: setane ngadhang neng ndalan dadi setane mulai mangan. Sontak pada ngguyu kayane jalaran ana wiyaga sing nember suwung gole nabuh ana sing molahi mangan.

Sindene sapa kang? Tetep lima tapi mines nyi Jumirah. Neng Pagelaran kiye mbekayune Jumirah diganti karo Nyi Titi.

Sinom sing ditabuhi mung karo instrumen gambang karo kendang angger dirungokena kaya dad kemutan tanggapan cokekan. Kepenak nemen awit sing nyindeni jan sinden sing moblong-moblong. Sapa kang ? ya mbekayu Suryati. Akeh maning sing gending ditabuhi mung nganggo paling ora mung rong instrumen. Jajal si, mangga dipidhangetaken.

Sewise Raden Janaka rawuh  njur pada rasan, kenangapa putusan sing wis gumathok, angger Raden Arjuna sing wis definitif olih Wara Srikandi, ndelalah ana tambahan bebana sekang Prabu Drupada. Mulane sungkawane Raden Janaka jan banget jerone.

Wektu kuwe wis neng ngalas, Bawor sing wis diwanti wanti aja ngomong macan utawa ula, tapi wong jenenge Bawor, rembugane antarane Semar karo Bawor ya dadi marekena ger geran. Kaya dene banyolan khas Gino kaya adegan antarane Prabu Supala sedurunge budal bareng karo Togog Sarawita lagi jejeran sabrangan antara liya sing marakena inyong mesem ambi ngonvert.

Kepriwe jajal wusanane, rawuhe Pendita Drona sing wis diirid sekehing para paranpara sekang Negara Ngastina lan uga Para Pandawa minus Janaka. Lan kepriwe trekahe Prabu Supala ? Mesti njenengan kabeh wis pada ngerti. Angger wayangan mesti Janaka sing olih kasil.

Tapi angger detakoni kepriwe Kyaine Gino gole nglakokena naga sing ngamuk neng Taman Maerakaca neng lakon kiye. Kepriwe Raden Permadi gole ngrungrum sakehing drubikasa nganggo senjata asmara prentahe Betara Narada, dienggo nyranani pulihe Taman Maerakaca. Maen! Ari Kyaine Gino nglakkokena roman-romanan, kaya lagi ketemune Permadi karo Wara Srikandhi. Terus ketemune Permadi sepenakawane karo Prabu Supali nganti tekan rampunge crita, mesti cembenengan kabeh pada penasaran.

Mangga pada desranti, kapan unggahan link tek tokena. Penasaran ya penasaran ngonoh!!

KSSC Kresna Duta

Berikut kiriman dari Mas Thorin Ahmad, pendemen sejati Ki Sugino Siswocarito. Kali ini KSSC menampilkan lakon Kresna Duta, babak awal menjelang pecah perang Baratayuda.

Berikut link-linknya silahkan diunduh

Tohirin Barcelona Ahmad

http://www.mediafire.com/?vm0r4m7my9ikkul (1A)
http://www.mediafire.com/?x7wwphxhk13166b (1B)
http://www.mediafire.com/?chq8apw4u66wpk3 (2A)
http://www.mediafire.com/?t7cc6e05l6xmjh6 (2B)
http://www.mediafire.com/?lmzllc3dvddg0s7 (3A)
http://www.mediafire.com/?ad88oex3yp60eut (3B)
http://www.mediafire.com/?9qrr9uodx9vupx6 (4A)
http://www.mediafire.com/?ee2cnjvr3t1a75v (4B)
http://www.mediafire.com/?vegkig076ii2acc (5A)
http://www.mediafire.com/?s06j6u1tc5znynv (5B)
http://www.mediafire.com/?78t97n427bncv2p (6) SELESAI

Maturnuwun Mas Tohirin

KSSC Rubuhan

Para pengunjung setia “wayangprabu”

Yang kali ini saya unggah, adalah episode terakhir dari seri Baratayuda versi Ki Sugino Siswocarito. (di tlatah Banyumas lebih umum diucapkan sebagai Bratayuda, yang secara arti lebih mengena dari pada Baratayuda atau malah Brontoyudo. Silakan ditelaah).

Dengan unggahan terakhir seri ini, maka kita semua tentunya dapat menarik kesimpulan tentang pagelaran wayang purwa dengan lakon seri Bratayuda versi Ki Sugino kususnya, serta gaya atau gagrak Banyumasan pada umumnya. Namun demikian seperti yang pernah saya sampaikan pada preview unggahan seri Bratayuda ini, bahwa walaupun masih dalam satu gagrak, dalam hal ini gagrak Banyumasan, ternyata yang kami rasakan sendiri dalam kegemaran nonton wayang dengan berbagai dalang di tlatah Banyumas dimasa lalu, terdapat sedikit perbedaan sanggit bahkan alur ceritanyapun ada beberapa perbedaan. Perbedaan yang dimaksud adalah bila dibandingkan dengan dalang yang berasal dari gagrak yang sama atau lebih jauh lagi perbedaan dengan gagrak tlatah lain.

Perbedaan mencolok pada pagelaran Baratayuda Ki Sugino salah satunya adalah pada sosok yang begitu kuat keberadaannya pada diri Ki Lurah Semar yang ditokohkan sebagai Batara Ismaya ngejawantah yang memberikan pengayoman dan memberikan banyak keputusan yang menentukan jalannya perang untuk kemenangan pihak Pandawa. Hal ini dapat dikaitkan dengan banyaknya lakon carangan yang menceritakan Ki Badranaya sebagai rebutan oleh pihak yang berseteru dalam perang Baratayuda ini, yang bilamana Kyai Semar ini dapat diboyong, maka akan jayalah pihak yang “memiliki”nya. Perbedaan lainnya pasti sudah tidak asing lagi bagi para pecinta wayang yang tidak fanatik dengan satu dalang atau gagrak saja. Anda pengunjung setia “wp”semua pasti akan dapat menceritakannya

Bagi kami sebagai pengunggah, yang paling kami rasakan adalah, bagaimana dengan sambutan yang antusias dari para penggemar Ki Gino, tergambar dari jumlah klik download yang lumayan banyak pada setiap unggahan yang kami lihat pada folder link upload.

Disisi lain, suguhan yang kami bagikan kepada para penggemar wayang mBanyumasan dari Ki Sugino Siswocarito melalui seri Baratayuda ini, sedikit-banyak menggambarkan, betapa pada masa lalu Ki Sugino ini sangat produktif dalam menyajikan pagelaran wayang melalui audio yang pada saat itu bermediakan pita kaset. Rekaman yang sebagian besar adalah lakon lakon carangan dilengkapinya dengan lakon baku. Salah satu seperti seri Baratayuda, yang pasti sudah dikenal oleh para penggemar wayang.

Sepertinya hal inilah yang membedakan Ki Sigino dengan dalang dalang Banyumas yang lain. Ki Sugino yang besar bersama perkembangan teknologi rekaman yang tidak gentar dengan anggapan, bahwa dengan menyebarkan pagelarannya secara luas, ia tidak akan lagi laku mendalang. Anggapan ini memang ada benarnya bagi yang kurang kreatif, karena penggemarnya bisa saja menjadi bosan dengan alur cerita, sanggit, banyolan dan segalanya yang menjadikan pagelarannya menjadi bersifat statis.

Tetapi hal sebaliknyalah yang terjadi. Kreatifitas beliau tetap memancar walau disana sini memang terjadi copy paste dari satu pangung ke panggung lain. Tetapi secara keseluruhan, semakin banyak dan menyebarnya karya beliau malah menjadikan penggemarnya men-candu lebih dalam lagi masuk ke suasana nikmatnya tutur timbre serak ki Sugino serta lekuk liku cengkok sulukannya ditingkah dengan umpak gender dan grambyangan (CMIIW/ mohon koreksi bila kami salah) di banyak bagian sulukannnya dsb.

Atau sebenarnya malah Ki Sugino yang kecanduan teknologi rekamankah?

Cerita itu dimulai ketika Ki Sugino muda dijadikan kelinci percobaan. Pagelarannya direkam secara amatiran oleh seorang juragan mebel, Pak Mahroji alm. telah diapresiasi oleh masyarakat dengan begitu menggebu-gebu. Disaksikannya sendiri oleh beliau ketika rekaman amatiran itu dimainkan ulang.  Orang-orang berduyun duyun datang mendengarkan suara keajaiban teknologi baru saat itu dan menikmati ulang suguhan sanggit apik yang ia panggungkan saat lalu. Dan dari sini beliau ingin lebih lagi dikenal luas dengan secara intens melakukan rekaman komersil di waktu-waktu sesudahnya. Dan ternyata benar itu yang terjadi, tapi memang sepertinya dua-dua faktor, yaitu penggemarnya makin men-candu dan beliau menjadi lebih tenar, telah menjadi benar adanya.

Gaya Ki Sugino di tlatah Banyumas kini diikuti secara luas oleh dalang muda, sebagaimana Ki HadiSugitodi wilayah Mataraman diikuti oleh banyak dalang muda setelahnya.

Walau tidak dapat sedemikian “jebles” hasilnya seperti yang dipunyai oleh sang mentor dengan orisinalitas-nya, tetapi setidak-tidaknya tanda kebesaran nama Ki Sugino diakui oleh masyarakat yang tinggal atau berasal dari Jawa Tengah bagian barat sebagai mazhab baru pedalangan Banyumasan telah beliau goreskan pada dalang dalang muda yang tumbuh saat ini. Tumbuhnya mazhab Ki Sugino juga merupakan pengisi kekosongan dalang-dalang kondang yang tersangkut politik pada pasca tahun 65, yang sebenarnya dalang-dalang yang tersangkut politik itu hanya menyuarakan apa yang diminta dari penanggap, dalam hal ini partai politik terlarang pada masa lalu.

Tercatat juga, Pedalangan Ki Sugino memang tidak begitu paripurna dalam hal sastra-nya sebagaimana sastra pesisiran yang telah terdeviasi oleh jauhnya letak geografis dan daya nalar sastra masyarakat dari pusat sastra Kraton pada masa lalu, namun hal itu tidak menjadikannya pudar pamornya dipandang dari sudut masyarakat audience-nya. Walau dalam hal penamaan tokoh wayang masih tetap mengacu pada penamaan yang benar dan baku, misalnya tokoh Setyaki masih diucapkan dengan nama yang sama seperti nama baku dalam kitab Baratayuda.

Semoga “sharing” pagelaran seri Baratayuda Ki Sugino Siswocarito menjadikan perluasan cakrawala pandang para pecinta wayang terutama saudara yang tinggal atau berasal dari wilayah “penginyongan” atau lebih lagi bagi yang mau menikmati aneka ragam gagrag.

Suguhan dua lakon seri yang kurang, mudah mudahan pada masa mendatang dapat dilengkapi. Anggap bahwa seandainya nanti seri yang belum sempat ditemukan dan kemudian dibagikan ke para pengunjung wayangprabu nanti, adalah semacam flash-back dari cerita atau lakon yang sudah di-share pada kesempatan ini.

Sekali lagi terimakasih untuk Mas Mardianto Suseno, Purbalingga, atas pijaman kaset-nya untuk sebarkan luas kepada pengunjung “wayangprabu”.

Link unduh: http://www.mediafire.com/?k9foxwal142dr

KSSC Gatutkaca Gugur (Suluhan)

Para sutresnane “wayangprabu”,

Kiye siji maning lakon wayangane Ki Sugino Siswocarito, karemane para sedulur wong penginyongan tek unggah neng kene. Mestine njenengan pada seneng angger detambahi koleksi lakon wayangan sekang dalang Gino maning mbokan?. Seeh Gino koh . . .  kaya kuwe mesti monine kakange pada. Gino artine apa si kang? Angger inyong kena njlentrehena artine asma Ki Sugino Siswocarito kaya-kayane sih kaya kiye; Sugino, olih lingga tembung gino, artine guna. Su kuwe artine linuwih utawa pinunjul, Siswo artine murid alias siswa, carito wis ngarani. Dadi karepe kayane si jangkepe kaya kiye; murid sing kagungan kagunan crita sing linewih. Cocog apa karo penemu penjenengan? Angger geseh mangga dikomentari miturut versine penjenengan.

Angger lakon seri Bratayuda Gatutkaca Gugur wis diaturaken neng “wayangprabu”, artine inyong mung kari siji maning sing durung diaturaken maring penjenengan seri Bratayudane Ki Sugino Siswocarito. Sing kari mung lakon Duryudana Gugur alias Rubuhan. Senajana esih ana loro maning jane lakon sing njangkepi seri kiye; lakon Janaka Werkudara kependut karo lakon  Karna Tinanding sing durung ketemu. Njenengan kagungan napa? Mangga di”sharing” neng kene, kaya kaset kiye sing kagungane Mas Mardianto.

Senajana akeh para dalang sing wis manggungena lakon Gatutkaca Gugur alias Suluhan, tapine angger dipanggungena karo Ki Sugino, mestine njenengan pada mesti kepengin ngerti kayangapa sanggite. Mestine si ya ana bae sing ora pada karo alur sanggit crita sekang dalang liyane. Kiye sing wis tau inyong jlentrehaken neng awal unggahan lakon Bratayuda versi Ki Sugino. Senajana kaya kuwe, alur lajere mestine ya ora nyebal adoh sekang pakem lumrah.

Kang, lakon sing dekonvert stereo -ngejreng kiye, jane “bloking”-e ya biasa bae kaya lakon lakon Gatutkarca Gugur sing ditindakena neng dalang-dalang liyane. Kaya dene diwisudane Adipati Karna dadi senapati, ngganti senapati sing gugur sedurunge yakuwe Pendita Drona. Neng kene Adipati Karna diapit senapati loro sing arane Wisatama karo Wisatarlen. Neng wisudan kiye wis ana gegeran sekang beda “sudut pandang” antarane Prabu Salya, Adipati Karna karo senapati pengapit Raden Wisatama karo Raden Wisatarlen. Awal wisudan sing wis derdah umyeg kuwe kayane marakena majune senapati wis ora nyenengena.

Kejaba kuwe, adegane Raden Gatutkaca nggone nyuwun pengestu karo ibune, Dewi Arimbi, angger digatekena jan melasi banget. Bungahe ibune Gatutkaca, sebab anake diajokena dadi senapati agung, kecampur karo rasa uwas kuwatir sing banget, ngendep neng atine Dewi Arimbi. Senajana Putrane wis akeh sangu wujud kagunan aji jaya kawijayan kaya dene Wedhus Prucul, Narantaka, Braja Musti lan liyane, tapi sing jeneng ibu, kayane duwe “indra sing kaping nenem”.

Adegan liyane sing penting, ketemune sukma pamane Gatutkaca sing jeneng KalaBendana, gawe geter atine Raden Gatutkaca. Kepriwe goli ora ngrasa gemeter. Sebab sing wis kepungkur, pamane kuwe wis janji, angger deweke ora bakal munggah maring pangayuaning Pangerane, angger durung gandeng kunca karo keponakane, Raden Gatutkaca.

Pocapan kuwe kewetu neng lakon Gendreh Kencana nalika Gatutkaca mbelani temindake adine, Raden Abimanyu sing ngarah bojo maning, tapi nglombo bojo tuwane, Siti Sendari. Omongane pamane Gatutkaca sing blakasuta, ora gawe rena penggalihe, nganti Kalabendana diprewasa nganti tiwas, ninggal swara janji arep ngajek keponakane bareng, angger wis ana perang gede sing jeneng Bratayuda. Angger crita versine Dalang MasPatikraja linke neng http://wayangprabu.com/2010/09/03/kala-kalabendana-menjemput/

Continue reading