KSSC Gatutkaca Gugur (Suluhan)

Para sutresnane “wayangprabu”,

Kiye siji maning lakon wayangane Ki Sugino Siswocarito, karemane para sedulur wong penginyongan tek unggah neng kene. Mestine njenengan pada seneng angger detambahi koleksi lakon wayangan sekang dalang Gino maning mbokan?. Seeh Gino koh . . .  kaya kuwe mesti monine kakange pada. Gino artine apa si kang? Angger inyong kena njlentrehena artine asma Ki Sugino Siswocarito kaya-kayane sih kaya kiye; Sugino, olih lingga tembung gino, artine guna. Su kuwe artine linuwih utawa pinunjul, Siswo artine murid alias siswa, carito wis ngarani. Dadi karepe kayane si jangkepe kaya kiye; murid sing kagungan kagunan crita sing linewih. Cocog apa karo penemu penjenengan? Angger geseh mangga dikomentari miturut versine penjenengan.

Angger lakon seri Bratayuda Gatutkaca Gugur wis diaturaken neng “wayangprabu”, artine inyong mung kari siji maning sing durung diaturaken maring penjenengan seri Bratayudane Ki Sugino Siswocarito. Sing kari mung lakon Duryudana Gugur alias Rubuhan. Senajana esih ana loro maning jane lakon sing njangkepi seri kiye; lakon Janaka Werkudara kependut karo lakon  Karna Tinanding sing durung ketemu. Njenengan kagungan napa? Mangga di”sharing” neng kene, kaya kaset kiye sing kagungane Mas Mardianto.

Senajana akeh para dalang sing wis manggungena lakon Gatutkaca Gugur alias Suluhan, tapine angger dipanggungena karo Ki Sugino, mestine njenengan pada mesti kepengin ngerti kayangapa sanggite. Mestine si ya ana bae sing ora pada karo alur sanggit crita sekang dalang liyane. Kiye sing wis tau inyong jlentrehaken neng awal unggahan lakon Bratayuda versi Ki Sugino. Senajana kaya kuwe, alur lajere mestine ya ora nyebal adoh sekang pakem lumrah.

Kang, lakon sing dekonvert stereo -ngejreng kiye, jane “bloking”-e ya biasa bae kaya lakon lakon Gatutkarca Gugur sing ditindakena neng dalang-dalang liyane. Kaya dene diwisudane Adipati Karna dadi senapati, ngganti senapati sing gugur sedurunge yakuwe Pendita Drona. Neng kene Adipati Karna diapit senapati loro sing arane Wisatama karo Wisatarlen. Neng wisudan kiye wis ana gegeran sekang beda “sudut pandang” antarane Prabu Salya, Adipati Karna karo senapati pengapit Raden Wisatama karo Raden Wisatarlen. Awal wisudan sing wis derdah umyeg kuwe kayane marakena majune senapati wis ora nyenengena.

Kejaba kuwe, adegane Raden Gatutkaca nggone nyuwun pengestu karo ibune, Dewi Arimbi, angger digatekena jan melasi banget. Bungahe ibune Gatutkaca, sebab anake diajokena dadi senapati agung, kecampur karo rasa uwas kuwatir sing banget, ngendep neng atine Dewi Arimbi. Senajana Putrane wis akeh sangu wujud kagunan aji jaya kawijayan kaya dene Wedhus Prucul, Narantaka, Braja Musti lan liyane, tapi sing jeneng ibu, kayane duwe “indra sing kaping nenem”.

Adegan liyane sing penting, ketemune sukma pamane Gatutkaca sing jeneng KalaBendana, gawe geter atine Raden Gatutkaca. Kepriwe goli ora ngrasa gemeter. Sebab sing wis kepungkur, pamane kuwe wis janji, angger deweke ora bakal munggah maring pangayuaning Pangerane, angger durung gandeng kunca karo keponakane, Raden Gatutkaca.

Pocapan kuwe kewetu neng lakon Gendreh Kencana nalika Gatutkaca mbelani temindake adine, Raden Abimanyu sing ngarah bojo maning, tapi nglombo bojo tuwane, Siti Sendari. Omongane pamane Gatutkaca sing blakasuta, ora gawe rena penggalihe, nganti Kalabendana diprewasa nganti tiwas, ninggal swara janji arep ngajek keponakane bareng, angger wis ana perang gede sing jeneng Bratayuda. Angger crita versine Dalang MasPatikraja linke neng http://wayangprabu.com/2010/09/03/kala-kalabendana-menjemput/

Continue reading

KSSC Durna Gugur

Para sutresnane “wayangprabu”, mirunggane para pendemen Dalang Gino, niki sing kula unggah dinten niki, lampahan terusane Seri Baratayuda versi Ki Sugino Siswocarito. Lampahane, Durna Gugur. Empun pinten seri kang Baratayuda-ne nggih?

Kula paringi ngertos  krihin nggih, gandheng pagelaran niki direkam sanes kalih perekam seri sing empun diunggah, mulane critane onten sing tumpang tindih kalih sing empun. Teng lakon Durna Gugur niki tesih onten crita perange Belisrawa . . .  eh Burisrawa kalih Setiyaki sing teng lakon winginane, Janaka Ngengleng, kecrita ugi. Tapine empun kewatir, sebab sing teng lakon niki, adegane perang antarane Burisrawa kalih Setiyaki mandan luwih detil. Kepripun bantahe Patih Sengkuni kalih Prabu Kresna, bab sebab-musababe Burisrawa temekaning sirna. Bab pusaka sing diengge nyirnakena Burisrawa ngantos sinten sing mejahi Burisrawa, mesti disekseni kalih Batara Narada.

Teng lakon niki ugi onten perang tandinge Pendita Drona kalih Prabu Drupada, sing tesih nenemane namine Raden Sucitra. Ganune sejatine niku kakalihe kanca akrab. Ning seking sebab anu, kekalihe sami crah kekadangane. Teng ngriki dendam ingantarane kekalihe terlampiaskan, aya niku. Wusanane dendam mbekta dendam. Prabu Drupada sing gugur nglawan Pendita Durna, kagungan putra sing aran Raden Dresatjumna sing mangkene saged nugel janggane Pendita Drona.

Continue reading

Janaka Ngengleng (Burisrawa-Jayadrata Lena) KSSC

Para sedulur sutresnane “wayangprabu”,

Unggahan Janaka Ngengleng kiye konvertane tek gawe pada karo swara asline. Apa sebabe? Rekaman kiye sekang kanane jan pancen wis bisa tek arani Hi-Quality. Dadi kayane eman-eman angger tek owahi. Output sekang analog babar blas ora tek tambahi bumbu apa-apa. Effect spatial, echo, apamaning equalizer-e, tek pasang rata (flat). Mung ana cacate sewetara, gauss pita master kayane wis tuwa, dadi ana sewetara sisi kaset mandan mudun kulitas treble-e. Ana sewetara sing wow-flutter-e wis mandan owah, penjengan mesti mranggguli gejala kiye neng rong pertelon pungkasan file 6B. Tapi senajana lawas soten, tata rekam karawitan jan esih lumayang apik temenan.

Vocal-e Ki Dalang, keprak, karo pilahe swara siji-siji ricikan gamelan jan maen banget. ora kaya tata suarane salah sewijine dalang kondang siki, sing angger derongekena kaya mung isi braokane dalang detambah suara ketipung ciblonan. Tapi suara karawitane jan lamat lamat mung krungu saron-e tok, liyane kaya neng njero sumur. Beda karo rekaman kiye. Kaya-kayane “sound engineer” rekaman sing kiye (sing uga sering ngrekam pagelaran Ki Nartosabdo) kayane duwe selera sing kelase unggul. Ngolah stereone maen turan pilah pernahe siji sijine instrumen-e. Kena ditiru soal pengaturan rekaman sing kaya kiye.

Swara gambang neng salah sijine sisi,  pinggir sewalike ana suara gender terus bagian tengahe ana swara suling sing nglangut.  Krasa banget getere ati angger penjenengan lagi ngrungokena swara instrumen kiye nuju lagi ngiring sulukane Kyaine Gino. Tambah maning menawa penjenengan midangetaken iringan gending jejeran manyura sing dadi kebiasaane Kyai Gino, kayane diarah sok mandan suwe (ndeyan karo ngaso udud . . . ) neng bagean akhir file no 7A nganti awal 7B.  Gending Kutut Manggung iringan jejeran Ngastna kiye ya jan swarane nyamleng banget. Ciblonan kendang, kemlonenge saron, peking, bonang sing nambahi asrine suara gender karo gambang sing tek sebut mau, jan semanger banget Aspek karawitan-e esih bisa denikmati pol.

 Yakin . . . . . . . . . . !

Jajal, mangga dibuktekena!

Kaset sisi A No 1 ora melu tek unggah, sebab kayane rekam ulang palaran terus talu sekang lakon sing wis tau tek unggah. Dadi mbok ngebot-boti gole ngundhuh, langsung bae tek skip. Dadi file sing ping sepisan tek jenengi file No 1.

Lakone dewek jan-jane si mung nyritakena kedadian sewise gugure Raden Angkawijaya sing ora ditunggoni karo ramane. Pas kedadeyan gugure Raden Abimanyu alika semana, Raden Janaka lagi kenang paeka, kependut bareng karo Raden Werkudara. Raden Janaka bereng ngerti angger putrane wis seda, njur ngengleng alias kentir. Bareng wis mandan mari terus prasapa, angger nganti surup srengenge durung bisa mateni Jayadrata sing njalari sedane anake, keplalah Janaka arep munggah pancaka, mati obong. Akeh para pendemen wayangan sing wis ngerti kepriwe akale Prabu Kresna nggone nyegah supaya Raden Janaka ora mati obong. Tapi ora akeh sing wis ngerti, kepriwe dalange Gino gole ngecakena neng pegelaran. Jajal mangga digatekena. Njinggleng-njinggleng ngonoh!

Kejaba nyritakena pertikel-e Prabu Kresna sing derbe akal kepriwe nggone ngrampungi gawe perkara janjine adine ipe nggone arep ngarah patine Jayadrata, neng lakon kiye ya ana tandinge Setyaki alias Bima Kunthing karo Burisrawa sing pancen wis diarep arep sekang rasa kesumat-e  loro-lorone satriya kuwe. Kemenangane Setiyaki nglawan Burisrawa nganti Burisrawa temekaning tiwas, uga ora luput sekang iguh pertikele Prabu Kresna

Angger lakon singkat sing kaya kiye dilakokena karo dalang sing durung akeh mangan asine uyah, pagelaran kiye bisa-bisa klakon kebogelan (rampung esih kewengen). Apamaning angger pagelaran ditaker karo dawane pita kaset. Jan angel gole naker sing pas. Bisa bisa disubal nganggo limbukan sing nganti telung jam J. Tapi neng tangane Kyai Gino, senajana lakon wis rampung menit 18 sisi 8B, tapi akal-akalane dalange esih ana. Neng pungkasane lakon, sekang bungahe Bawor karo Nala Gareng, sebab ndarane slamet ora sida seda obong, Bawor jejogedan deiringi gending Gunungsari Kalibagoran. Gareng ya ora ketinggalan, njoged deiringi lagon Gudril mBanyumasan. Sebab kiye mung audio, ya njenengan mung bisa mbayangena bae egot-egotane Gareng karo Bawor sing deiringi gending-gending sing mbleketaket

Mangga lah dipunduti . . .  aja isin-isin. Kamase Prabu, kiye para sedulur pada mbok diwehi alamat warunge lah: http://www.mediafire.com/?wkx95g9kkta7n

KSSC Abimanyu Gugur (Ranjapan)

Winginane neng komentare Kang Tejo nyritakena, menawa lakon Abimanyu Gugur kuwe direkam nalika garwane dhalange nembe bae seda. Kyai Gino kayane esih krasa nlangsa. Rasa kiye digawa maring pagelaran rekaman. Lakon Ranjapan pancen lakon sing banget gawe ati nlangsa. Mulane neng kene ana “perpaduan”, lakon sedhih dilakokena karo sedihe jiwa. Mulane jan temenan, marahi ati kekes. Kiye pancen bener para sedulur. Kaset no. 8 sing neng pagelaran wayang liyane isine manyura sing nglangut terus tayungan, tapi sing ana neng lakon Abimanyu Gugur alias Ranjapan jan isine penuh irama tlutur, temenan gawe ati nelangsa.

Bebanten akeh sekang pihak Kurawa lan Pendawa sing pada gugur decritakena detil neng wayangan lakon Abimanyu gugur kiye. Kaya dene gugure putrane Adipati Karna, Wersasena lan Wersakusuma., sing didawuhi ramane, Adipati Karna supaya nyandet lakune Bambang Sumitra sing arep ngeterna kuda sing aran Pramugari. Adipati Karna jane ora tega karo Sumitra karepe ora usah mlebu maring kancah perang Kurusetra. Salah trima Bambang Sumitra, malah pancakara karo putra Ngawangga, dadi lan patine Raden Wersasena lan Raden Wersakusuma.

Putrane putra Raden Janaka, Raden Sumitra sing kenang senjata panah Adipati Karna uga sirna. Panahe Adipati Karna sing jane kanggo ngengetena Abimanyu karo panah sing ditaleni seratan sing isine supaya Abimanyu metu ngliwati Pakuwone Adipati Karna. Tapi Abimanyu malah ngamuk mergane kelangan adine, Raden Sumitra. Pangamuke Raden Angkawijaya nggawa korban sing ora baen baen.Nalika semana, Adipati Karna sing wis diparingi ngerti menawa putrane loro, Raden Wersasena lan Raden Wersakusuma wis tumeka sirna dening Raden Sumitra dadi duka. Kerig lampit prajurit Ngawangga nibane panah maring prenah pengamuke Abimanyu. Kuda Pramugari tiwas kenang senjata panah Adipati Karna. Pangamuke Raden Angkawijaya sengsaya ndadi. Sarirane Abimanyu sing ora tedas sakehing gegaman wusanane aber sekang gegamane Raden Jayadrata sing wujud panah sing landepe gading.

Wusanane tedas sekabehing senjata sing ngrutug nancep maring sarirane Raden Abimanyu. Senajan wis tatu arang kranjang sarirane, tapi Raden Abimanyu esih ngamuk. Nganti dalange nyandra obahe Raden Angkawijaya kaya lakune landak kekirig. Sesumbare Angkawijaya keprungu karo putrane Prabu Duryudana aran Raden Lesmana Mandrakumara alias Sarjakusuma. Putra Pangeran pati sing gede atine mung semenir, marani Raden Abimanyu, arep nugel janggane. Tapi ngganggo tenaga sing pungkasan, Kyai Pulanggeni ditancepaken maring lempenge Sarjakesuma, mati sampyuh satria sekloron.

Decritakena neng file mulai sekang 7B nganti rampung, dewiwiti sekang sedane Raden Angkawijaya, jejeran Dewi Utari-Siti Sundari nganti sedane garwane Angkawijaya, putri nDwarawati, Dewi Siti Sundari, sing seda obong bela pati munggah pancaka bareng karo jisime Raden Angkawijaya nganti pungkasane lakon, isine presasat mung irama tlutur, crita sedih. Nlangsani!

Tapi lur, kedadeyan kiye jan ora konangan karo ramane, Raden Janaka, sing lagi kecrita kependut bareng karo Raden Werkudara. (kaset lakon Janaka Werkudara kependut kiye durung ketemu). Mengko arep decritakena neng unggahan lakon sing sebanjure sewise Abimanyu Gugur, sing judule Janaka Ngengleng. Detunggu ya lur, lagi dikonvert kaset-e nyambi ngunggah file sing wis wujud suara digital MP3.

Tapine ana maning kiye ya para sedulur, kaset kiye formate mung Mono sekang kanane. Tek konvert ya jan murni ora nganggo “echo” apa “spatial” sing marakena dadi kaya rekaman Stereo, apa anane! Senajana mono soten tapi ya jane esih lumayan angger dirembug soal kesetimbangan tonal-e.  Ana maning cacate, kadang esih ana bagean sing ora stabil perkara wow-flutter-e. Kayane merga mastere wis taunan diduplikat terus terusan, dadi wis aus. Detilik sekang sampule ya pancen wis suwe banget, wong terbitan tahun awal 80-an. Lumayan sih esih ngejreng, esih pantes angger disiarena nganggo radio sing nganggo modulasi FM Stereo senajan anu rekaman mono, tela anu kaset esih anyar koh. Tetep kiye lah, laju kecepatane bit-e tek pasang neng 128Kbps, supayane tetep krungu merdu mbleketaket . . . . Mangga lah diunduh.

KSSC Antasena Gugur

Judul utawi irah-irahan lakon niki jan-jane arang arang kocap onten pagelaran sing dipanggungaken teng tlatah sanes. Lakon niki sing genah anu “meng-expose” tokoh Antasena sing jan pancen dados tokoh favorite teng tlatah Banyumas, kados dene tokoh Wisanggeni. Kalih-kalihe tokoh sing kula sebat teng nginggil niku pancen dados tokoh kupiya pasangan, teng katah lakon pagelaran ringgitan mBanyumasan.

Senajana prastawa gugure Antasena niku jane mung sisipan, tapine wong genah niku anu tokoh sing dadi favorite “audience” wayang mBanyumasan kados kula sebut teng nginggil, saking jalaran niku, mbokmenawa jeneng lakon sing niki dados kangge irah-irahan utawa judul.  Terus disebat lakon Antasene Gugur.

Sing menjila teng lakon niki malah trekahe Prabu Bogadenta sing gadah tumpakan gajah sing aran Murdaningkung, lan sratine sing ayu-moblong  Dewi Murdaningsih. Jane niki lajering lakon. Penjenengan mangga kula aturi migatosaken, kados pundi pepanggihane Raden Janaka nggene adu arep kalih Dewi Murdaningsih, sing jan Gino banget. Pokoke angger Dalang Gino nglakokena adegan asmara, jan kaya-kayane romantiiiis banget.

Turan onten perange sing rame antarane Raden Janaka sing nitih Kuda Mangunjaya kagungane Wara Srikandi, mengsah kalih Prabu Bogadenta sing nitih Gajah Murdaningkung. Saking sektine Gajah Murdaningkung, ngantos Kuda Mangunjaya kepulet tlalening gajah, sirna mergalayu.

Lakon niki diwiwiti kalih adegan Kurawa sing nembe mawon pepes otot bebayune, merga kecalan senapati sing jan saged ngangkat “moral” perang prajurit Kurawa, lan sing didama-dama saged mrantasi gawe. Nyatane Resi Bisma niku malah sirna kasambut ing rana.

Miturut critane, perange Resi Bisma onten Kurukasetra niku, dangune ngantos sekawan welas dinten. Mangka saking purwaning paprangan dumugi pungkasan , perang Baratayuda mung mendet wanci wolulas dinten. Mulane pepesing manah Prabu Duryudana kang ing semangke ngawontenaken pasewakan agung kados mboten saged sinayudan.

Kuciwane Sang Parbu niku sanget ageng. Mergane Prabu Duryudana kadose kelingan kalih pangandikane keng eyang Resi Bisma, menawi panjenengane Prabu Duryudana saged mukti wibawa, nerasaken perang lan saged unggul ing yuda menawi Resi Bisma tetep teguh saged mrantasi damel lan menangaken Kurawa. Nanging sewalike, menawi Resi Bisma kasoran, tebihe kasambut ing rana, tegese perang kedah dipun pungkasi, lan Kurawa kedah nglila’aken Bumi Ngastina lan Indraparahasta sak jajahane, kawangsulan dateng para Pandawa.

Teng pasewakan, Prabu Salya ngarih-arih dateng Prabu Duryudana, kersaa nuruti ucapipun Eyang Bisma, perang kakendelaken. Prabu Salya kersa maringaken Negari Mandaraka dateng keng mantu, Prabu Duryudana. Salajenge, Prabu Salya trimah minggah ing Ngargabelah, mahas ing asamun madeg pendita.

Nanging pamanggihipun Pandita Durna kaliyan Patih Sengkuni, Baratayuda kedah dipun lajengaken, kanti pamanggih ingkang benten kaliyan Prabu Salya. Onten ngriki “titik kelanjutan” perang Baratayuda. Kurawa mBangun Jaya! Awit Pendita Durna gadah agul-agul muride sing cacah sepuluh sagah mrantasi damel. Sinten namine, onten sing aran Prabu Gardapati, Prabu Kertipeya, Prabu Wersaya, Prabu Bogadenta lan sapiturute.

Kula tek komentar, kepareng nggih? Sebab-musababe muride Pendita Durna sing cacah sepuluhlewih niku, menurut crita pakem, jan jane niku kadange piyambak rayine Prabu Duryudana sing nalika semanten onten lampahan Pendawa Traju, para kadange Prabu Duryudana niku kendang saking Negari Ngastina, tebih kabuncang nyebar dawah dumugi negara Ngatasangin, cara senikine ndeyan “luar negri”.

Teng mrika setunggal setunggale para Kurawa sami maju mulya, dados ratu teng negara ngendi tibane. Semangsane para Kurawa sing kapisah niku kangen, wangsul malih malih nuweni dateng Negari Ngastina, lan meguru kalih Pandita Durna. Milane para raja niku saged ketampi meguru kalih Pendita Durna sing empun sumpah, mung trah Wiyasa sing saged dados muride. Dados trep-e Prabu Kertipeya sing ngakang kalih Prabu Duryudana, kados sing onten lakon Gathutkaca Kembar Lima wingi niku. Niku komentar kula.

Jan nembe jejeran mawon niki empun rame. Mangga diterasken kiyambek nggih, onten sebab napa Raden Antasena saged gugur. Lan sinten sing saged nyedani Raden Antasena.

Kepripun bab rekamane Mas Patikraja?  Mutune saged kula golongaken Hi-Quality, imbang lah menawi dibanding kalih lakon Bisma Gugur. Sebab Mas Mardianto sing kagungan kaset nyilihaken teng kula lumayan suwe, mulane sing radi kurang sae hasil convert-e kula ambali wola-wali ngantos kula anggep sempurna. Agenge file tetep kula pisah per file sami kalih kaset asline lan diperes laju bit-e onten angka 128Kbps. Muga muga enteng nggih ngunduhe.

Niki onten tambahan keterangan, sesampune lakon niki jane sambungane lakon Undur-undur Kajongan, utawi Werkudara-Janaka Kependut. Nanging wingi seg kula padosi teng Klampok , kasete onten, ning ketlisut. Dados next post kula langsung ngunggah Abimanyu Gugur (Ranjapan) terus desambung kalih lakon Arjuna Nglengleng. Dados Seri Baratayuda saking Ki Sugino sing teksih kirang; Undur-undur Kajongan, sing wau kula sebut lan Karna Tanding. Sinten sing kagungan mangga kula diparingi lah . . . .

Mangga menawi empun don-lot, murih maju olahane lan kepripun murih langkung mirasa pasugatan kula, ampun isin isin njenengan sami sing paring komentar.

KSSC Bisma Gugur

Kados ingkang sampun kula janji kaliyan penjenengan sedaya ing wingi, kula badhe ngaturi pasugatan ringgitan Banyumasan saking Ki Sugino Siswocarito ingkang ngangge “thema” Baratayuda Jayabinangun. Menawi wonten jagading ringgit, Perang Baratayuda menika kalebet perang ageng ingkang kaping sekawan. Lampahan Baratayuda mBanyumasan versi Ki Sugino menika, menawi kagatekaken, radi caket kaliyan alur lampahan saking gagrak Ngayogyakarta, nanging iringan gendinginpun caket kalian gagrak Surakarta.

Sumber Gambar : Rupa &Karakter Wayang Purwa by Heru S. Sudjarwo

Wonten lampahan Bisma Gugur, Baratayuda Jayabinangun dipun wiwiti. Lah miturut Baratayuda versi gelaranipun Ki Nartasabdo, perang antawisipun Resi Bisma anggenipun majeng wonten rananggana ngantos sirnanipun Resi Seta kalajengaken kaliyan Guguripun Resi Bisma piyambak dening Prajurit Wanita, Wara Srikandi, dangunipun ngantos kawanwelas dinten. Paling lami miturut cariyosipun.

Kathahipun para paraga ingkang angemasi wonten ing lampahan menika ugi kathah, kados ta; Raden Untara, Wratsangka lan Resi Seta, ingkang tiga tiganipun menika putra saking Wiratha. Tiga tiganipun dados tawur saking bela kasaenan, nalika Pendhawa ingkang kabucal Kurawa 12 tahun lan kedah namur kawula setahun tanpa kadenangan. Para Pandhawa saged bela Negari Wiratha ngantos Negara Ngastina ingkang dipun ombyongi Prabu Susarman saking Trikarta ingkang anggadahi trekah anjajah negari Wiratha, saged kendhang kapracondhang saking paprangan. Kethiripun wadya Ngastina awit dening pangamukipun Jagal Abilawa sesinglonipun Raden Werkudara, lan Kandhiwrahatnala sesinglonipun Raden Arjuna. Kejawi menika sakderengipun perang dipun wiwiti, wonten pejahipun Bambang Irawan.

Menawi panjenengan ngundhuh ugi gending talu wonten file 1A, pilihan gendhing sampun “beraroma maut”. Cobi panjenengan gatekaken, senajan wonten sisipan gendhing dolanan Menhok-menthok lan Kupu kuwi,  nanging tetep aroma menika taksih kenthel kaganda. Sampun dipun tilar file menika nggih.

Sedanipun keng rama lan ibunipun Prabu Duryudana, Prabu Drestarastra lan Dewi Gendari wonten ing kedosan Kresna Dhuta, andadosaken jalaran wiwitaning Baratayuda Jayabinangun menika. Gereng-gereng, ambekuh Prabu Duryudana, awit kraos getun lan sedhih tinilar dening tiyang asepuhipun. Anuli Resi Bisma neter kesagahan lan siaganing golonganing Kurawa mengsah lan Para Kadang Pandhawa.. Ing kalenggan menika parampara Ngastina sami jumurung ing kersa dados sesawat balang lan sesawur, murih jayaning Para Kurawa. Lega rasaning manah Prabu Duryudana salajengipun, dene para paranparaning praja misuda Resi Bisma dados senapati ingkang kapisanan.

Nanging ing mangke Resi Bisma maringi tetenger menawa Perang Baratayuda menika satunggaling papan sauring utang lan potang. Kaping kalihipun Resi Bisma paring katrangan menawi kasagahanipun majeng dados senapati menika namung kinarya pasanggiri. Liripun, lamun piyambakipun ungguling jurit Kurawa bakal mukti. Nanging menawa kasor tebihipun kapupuh ing adilaga, para Kurawa kedah seleh gegaman mungkasi prang lan soroh negari Ngastina lan Negara Amarta sawetahipun.

Kados pundi gancaring lampahan Bisma Gugur, magga panjenengan kersa ngunduh folder Bisma Gugur menika, ingkang kabagi alit nembelas file agengipun watawis 29Mb.

Link unduh: http://www.mediafire.com/?h6cnkhfrl5idm

Kelilaan.

(Magkat maring Purwakerta disit lah, libur kejepit koh . . . )

Lakon Baratayuda versi Ki Sugino Siswocarito

Bahwa dalam ranah wayang (kulit) Jawa terdapat beberapa perbedaan variasi gagrak, itu sudah kita pahami. Dan dalam setiap gagrak, sanggit serta alur cerita setiap dalang dalam melakonkan suatu lakon/cerita-pun bisa saja berbeda.  Bahkan perbedaan alur cerita dalam satu gagrak, juga dapat saja terjadi pada pementasan dengan dalang yang berbeda.

Perbedaan alur cerita itu mungkin karena adanya perbedaan persepsi dari Ki Dalang dalam melakonkan suatu cerita. Sedangkan persepsi itu diduga karena adanya perbedaan perguruan/patron terhadap dalang pendahulunya, sulitnya komunikasi serta jelajah antar kelompok suatu wilayah pemukiman yang pada masa itu yang belum se-intensif dan secair sekarang serta faktor lain. Maka  disadari bahwa akan banyak kita temui alur cerita yang menyimpang dari pakem umum atau disini saya sebut sebagai pakem mainstream.

Perbedaan tentang alur cerita, perbedaan sanggit mari kita lupakan. Itu merupakan masa lalu sebagai bagian dari perjalanan kesenian wayang (purwa) yang sampai saat ini masih hidup. Bila saat sekarang kita bisa menerima perbedaan dari setiap gagrak, setiap alur suguhan cerita, bahkan beat gending maupun kepraknya sekalian, maka kita akan lebih mendapatkan banyak kesempatan menikmati kenyangnya asupan jiwa dari seni wayang kulit. Fanatisme dalam menikmati gagrak, adalah kungkungan bagi kita akan adanya kesempatan menikmati variasi suguhan kesenian yang kita sering katakan adi-luhung.

Dan ketika sekarang ada sementara dalang yang menggelar apa yang diistilahkan gagrak campur-rasa, pagelaran yang mencampurkan setidaknya beberapa kekuatan gagrak besar yang masih eksis, hal itu merupakan upaya yang pantas kita dukung dalam mengenyahkan sempitnya fanatisme. Jangan diartikan hal itu merusak aturan/ pakem. Ini merupakan modifikasi yang positif dari sekian serbuan modifikasi negatif yang secara bertubi-tubi dan massive merusak sendi seni pakeliran dewasa ini.

Bicara mengenai gagrak dan alur cerita tadi, hal diatas adalah bentuk undangan saya terhadap  pengunjung “wayangprabu” yang akan kami ajak untuk lebih dalam lagi mengenal cerita Baratayuda yang digelar oleh Ki Sugino Siswocarito, seorang dalang wayang kulit Banyumasan dari Notog, Patikraja, Kab Banyumas, yang begitu digemari di Jawa Tengah, sisi barat-barat daya. Alur cerita yang akan kami unggah nanti bukan menggambarkan keseragaman alur cerita semua dalang dengan gagrak atau yang berdomisili di wilayah Karesidenan Banyumas secara umum. Karena dimasa lalu, hidup juga beberapa “mazhab” pedalangan yang mempunyai alur cerita dan gaya pakeliran yang berbeda satu dengan yang lain. Hal itulah yang saya kemukakan diatas sebagai sebab kemungkinan terjadinya perbedaan persepsi kerena perbedaan perguruan atau dapat juga disebut sebagai generasi dalang muda pengekor dalang senior yang menjadi mentornya, dan terbatasnya komunikasi dan jelajah antar lingkungan wilayah pada masa lalu.

Walau ada satu-dua dalang Banyumasan selain Ki Sugino yang pernah melakukan rekaman audio komersial, tetapi hampir tidak ada yang melakukan upaya filing/pelestarian/konservasi mengenai keberadaan lakon lakon dengan gaya pedalangan itu. Usaha konservasi inilah yang mendorong saya untuk membagi kepada banyak khalayak, agar sedikitnya masih ada upaya mendokumentasikan salah satu gagrak ataupun alur cerita salah satunya cerita Baratayuda Banyumasan.

Kali ini tidak seluruh lakon Baratayuda Ki Sugino yang dapat kami bagikan; ada beberapa lakon pelengkap yang masih dicari, tetapi paling tidak beberapa lakon yang saya akan unggah nanti, dapat menjadikan referensi mengenai bagaimana alur cerita, plot adegan, iringan karawitan dan aspek lain yang tentunya sayang bila tidak dapat dinikmati. Atau barangkali Anda akan melengkapi cerita yang belum kami temukan keberadaannya?

Lupakan perbedaan alur cerita, “sanggit”, risinya mendengar cengkok suluk atau suara keprak dengan nada tertentu dan rasa fanatisme terhadap suatu gagrak seperti yang disebut diatas. Lapangkan dada menerima toleransi. Kami ajak Anda pengunjung “wayangprabu” untuk menikmati lakon berikut ini, yang akan kami unggah berangsur angsur. Lakon-lakon yang akan kami unggah nanti adalah:

Bisma Gugur

Antasena Gugur (Mbangun Jaya)

Durna Gugur

 Gatutkaca Gugur (Suluhan)

Dan last but not least

Suyudana Gugur (Rubuhan)

Adakah diantara Anda ada yang masih menyimpan lakon Kresna Duta sebagai lakon awalan Baratayuda, Undur-undur Kajongan (Paluhan), Abimanyu Gugur (Ranjapan) dan Karna Tanding dari Ki Sugino? Lakon ini dulu pernah saya dengar rekamannya dari dalang ikon Banyumas ini. Barangkali Anda bisa melengkapi sharing dari saya dan Mas Mardianto.

(Terimakasih Mas Mardianto Suseno atas pinjaman kasetnya)

KSSC Gatutkaca Kembar Lima [Audio]

Para sederek sedaya, Matur kesuwun sanget kalih para pandemen ungahan ringgitan saking kula, sing tansah paring dukungan lan kawigatosan kalih napa sing kula tindakaken anggene nginggah lakon-lakon ringgitan mBanyumasan.

Kagem Kamase Prabu sing empun paring warning teng Emperane, Kamase Roni sing empun kersa paring keyakinan teng kula, Kakine Ali Jawa Ngapak, Kang Rakimin, Kang Priyono sing jan kayane wis ngendelong banget. Terus Kang Supri sing kedarang darang ajeng rawuh neng Bekasi. jan pada melas banget inyong koh rasane nganti ora tega Mangga niki sing penjenengan entosi, isine lakon Gatutkaca Kembar Lima, sing wekdal winginane mung kula aturaken crita-resensi kasete tok. Niki Kang Ano, ampun kesuh malih nggih. Matur nuwun katur panjenengan sedaya sing empun paring kawigatosan lan sabar nengga. Terus kula matur nuwun kalih kang Tejo sing ajeng paring sumbangsih napa, mangke kula tek sowan njenengan teng Cilacap. Mangga njenengan sedaya mawon sing penasaran kalih napa sing kula aturaken wingi? Niki link-e dengge mundut : http://www.mediafire.com/?ojassz3r9s8ht

Niki posting sakderenge

http://wayangprabu.com/2011/05/05/gatutkarca-kembar-lima-resensi-kaset/

Bawor Dadi Guru, in STEREO !!!

MasPatikrajaDewaku

Para sedulur pada,

Suwe inyong ora katon, koh sepisane teka maning malah ngaturi MP3 lakon sing wis tau diunggah. Tapi aja kesuh disit lah, kiye sing tek unggah lakon Bawor Dadi Guru versi STEREO sing jan cling banget. Ngiras pantes inyong “melakukan” pemanasan sedurunge ngaturena maning lakon lakon liyane sekang Dalang Gino (Kayane ana liyane dalang Gino sing bakal diunggah).

Tek critani disit ya lur, lakon kiye jane wis suwe tek unggah neng Jumbofiles, sekang sumber kaset kagungane Mas Tohirin. Tapi jan inyong maune ngajog banget, file sing gole angele ora karuan ngunggahena maring jaringan. Bareng wis munggah folder-e tapi selawase tek jorena bae, sepisane detiliki maning, koh akeh banget sing pada mritili!! Sing maune jangkep selakon, tapi sing bisa deunduh mung kari patang file. Kesuuuh banget inyong. Domomg koh . . . . . .!!

Tapi untunge, ketunda dibagi, malah teka maning se-set kaset sing lakone pada. Kiye kaset diparingi karo Mas Mardianto Suseno. Kaset kiye jan esih anyar gres, blas durung ana sing pedot, apamaning ngap-ngep. Bareng wis rampung di-convert, folder-e tek unggah maning. Jan rekasa banget koh . . .  tapi marem rasane, cara dalange; mareme tan kinaya ngapa.

Ora tek unggah maning maring Jumbofile sing sekiye, tapi tek unggah neng Mediafire. Muga-muga sih ora ngilang-ngilang kaya angger diunggah neng Jumbofiles. Mulane file siji-sijine sing sekang Mas Mardianto tek tambahi tenger rev.00, dienggo mbedakena antarane file sing dikonvert sekang kasete Mas Tohirin.

Sebab lakon kiye wis tau diunggah senajana versine gemiyen Mono, tapi kayane si alur lakone wis pada paham nggih. Mulane ora nganggo akeh-akeh komentar maning, mangga penjenengan sing kersa mirengaken versi STEREO-ne, penjenengan sing ngarepena suara pilah antarane siji sijine suara instrumen gamelane. Link-e wis sedia neng kene denggo ngunduh.

http://www.mediafire.com/myfiles.php#ronph4hbetf27,1

Mangga lah aja isin-isin. Sing ajeng “nge-re-blog” ya mangga mawon. Ora perlu nganggo repot ijin karo inyong apa Mas Prabu disit, turan ora usah repot “ngonvert”, mung kari lebb … Nylekamin koh. Seeh . . .tela iya kaya kuwe . . . . !!

KSSC Semar Mantu II (Brantalaras Tundung)

Para sederek,

Niki lakon sing ajeng kula sowananaken lampahane Semar Mantu II utawi Brantalaras Tundung. Lakon carangan niki teksih depanggungaken kalih dalang favorit panjenengan sedaya warga mBanyumas, Ki Sugino Siswocarito.

Onten kelodangan niki perlu kula ajeng maringi priksa urutan sing ajeng kula unggah selajenge. Sebab mengke lakone sing diunggah malih onten gayutane kalih penakawan Pendawa malih, nggih niku; ulangan Bawor Dadi Guru (versi stereo) terus selajenge sing mpun siap Gareng Dadi Ratu. Dados tema lakon penakawan, (Petruk Kembar, Semar Mantu, Bawor Dadi Guru kalih Gareng Dadi Ratu) sing onten tangan kula empun telas dikonvert. Mangke tema selajenge lakon saking Ki Sugino malih, nggih niku Baratayuda Jayabinangun.

Jane lakon Brantalaras Tundung niki empun nate diunggah kalih Kamase Prabu saking pegelaran video sing dipendet saking Youtube. Dados damele ngangge file sing dipripil nganti lembut banget, melu kalih durasi per file saking video. Tapine niki audio asale asli MP3 sing kula konversi saking kaset lan durasine per file 30 menitan. Mestine senajan lakone sami, tapi niki versi rekaman studio, kados sanggite nggih madan onten bentene. Kula senajana empun nate nyobi down load rekaman audio saking file unggahan asal Youtube niku, ning kula mboten kengetan napa bentene dibanding kalih sing versi kaset audio niki. Njenengan mawon nggih sing crita bentene onten pundi, angger njenengan empun ngunduh saking file olahan kula.

Critane kiyambek jane niki empun bagian kalih saking dwi-logi Semar Mantu, lah niki sing seri kalihe. Mangga menawi onten sing kagungan kasete sing seri setunggal, kula saged mbantu convert sekalian ngunggah teng wayangprabu.com , setuju nggih? Setuju lah!

Menawi ringgitan ceritane Pendawa sentris niku katah-katahe dimulai saking jejeran Ngastina napa nDwarawati, Sepisan niki onten lampahan sing diwiwiti saking jejeran Ngawangga. Mangga onten lakon niki njenengan nggih saged nggatekaken kepripun Gatutkaca nggene kenging guna kasihane Pendhita Durna, Duyung Kasihan, nganti ora kelingan babar blas kalih sedulure, nggih niku Brantalaras. Terus kepripun polahe Sardula kedaden saking Gatutkaca sing kenging sot saking Raden Wisanggeni. Mangga dipirengaken.

Kualitase kepripun mestine njenengan nggih mesti kepengin ngertos mbokan? Ala sepuluh-puluh nggih sederek, kaset niki empun mandan tua tur rekaman saking perusahaan rekaman cilik local. Dados empun dibandingaken kalih rekaman sing misale saking Kusuma sing jan mesti saene. Sing niki angel gole ngolah, wong sumbere empun butek, senajan disaring saring nggih tetep onten tabete. Sing penting olahan convert niki tone balance-e tesih kula damel imbang. Bass-e mboten genyeh, kebenyeken. Dene swanten mid kalih trebel-e nggih mboten kacel, tesih saged madahi vocal colorasi serake-garinge Dalang Gino.

Continue reading